PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?
    Pitakonané Cah Enom
    • Cah enom dibaptis pas pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah.

      PITAKONANÉ CAH ENOM

      Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?

      Saben taun ana akèh cah enom sing dibaptis. Apa kowé ya péngin dibaptis? Nèk iya, kowé kudu ngerti dhisik apa maksudé nggawé janji ngabdi lan dibaptis.

      • Dibaptis kuwi apa?

      • Nggawé janji ngabdi kuwi apa?

      • Ngapa kok kudu dibaptis?

      • Kandhané kanca-kancamu

      • Pendapaté wong akèh lan faktané

      Dibaptis kuwi apa?

      Menurut Alkitab, dibaptis kuwi awaké dilelebké kabèh ing banyu, ora mung diciprati thok. Terus, kuwi ya ana artiné.

      • Awaké dilelebké ing banyu kuwi maksudé uripé wis ora dienggo golèk senengé dhéwé.

      • Pas metu saka banyu kuwi maksudé saiki uripé dienggo ngutamakké Gusti Allah.

      Dibaptis kuwi bukti nèk kowé setuju nèk Yéhuwah sing isa nentokké endi sing bener lan sing salah. Terus, kuwi ya bukti nèk kowé gelem nglakoni sing dikarepké Gusti Allah.

      Kanggo dipikirké: Gelem dibaptis kuwi kuduné merga apa? Wacanen 1 Yohanes 4:19 lan Wahyu 4:11.

      Nggawé janji ngabdi kuwi apa?

      Sakdurungé dibaptis, kowé kudu nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah. Piyé carané?

      Kowé kudu ndonga lan janji karo Yéhuwah nèk mung arep nglayani Yéhuwah saklawasé lan bakal terus manut karo Dhèwèké, ora soal piyé keadaané.

      Pas dibaptis, wong liya dadi ngerti nèk kowé wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, lan saiki uripmu mung dienggo Yéhuwah, ora dienggo nggolèk kesenengané dhéwé.—Matius 16:24.

      Kanggo dipikirké: Ngapa kok isa luwih bahagia nèk nglayani Yéhuwah? Wacanen Yésaya 48:17, 18 lan Ibrani 11:6.

      Ngapa kok kudu dibaptis?

      Yésus ngomong nèk murid-muridé kudu dibaptis. (Matius 28:19, 20) Mulané kabèh wong Kristen ya kudu dibaptis. Malah, menurut Alkitab nèk péngin dislametké ya kudu dibaptis.—1 Pétrus 3:21.

      Tapi, dibaptis kuwi kuduné merga kowé sayang lan péngin terus akrab karo Yéhuwah. Kowé isa niru sing nulis mazmur. Dhèwèké ngomong, ”Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah merga Dhèwèké wis apikan karo aku? . . . Aku bakal muji jenengé Yéhuwah. Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah.”—Mazmur 116:12-14.

      Kanggo dipikirké: Apa buktiné nèk Yéhuwah wis apikan karo kowé, lan piyé carané mbales Dhèwèké? Wacanen Pangandharing Torèt 10:12, 13 lan Roma 12:1.

      Kandhané kanca-kancamu

      Mijin.

      ”Akèh sing kudu diupayakké nèk mèh dibaptis. Tapi, nèk nglayani Yéhuwah, berkahé akèh banget. Apa manèh, Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé.”—Mijin.

      Ember.

      ”Aku ngerti nèk Yéhuwah sayang karo aku. Aku dibaptis kuwi bukti nèk aku ya sayang karo Dhèwèké. Aku bangga banget isa nglayani Yéhuwah.”—Ember.

      Julian.

      ”Nggawé janji ngabdi lan dibaptis kuwi keputusan sing kudu dipikirké tenanan. Kowé ya kudu berusaha bèn isa dibaptis. Tapi kowé mesthi bahagia.”—Julian.

      Pendapaté wong akèh lan faktané

      PENDAPATÉ WONG AKÈH — Cah cilik durung isa dibaptis.

      FAKTANÉ — Isa dibaptis kuwi ora merga wis cukup umuré. Tapi merga dhèwèké sayang lan gelem manut karo Yéhuwah. Meskipun isih cilik, Yusuf, Samuèl, lan Yosia wis nglayani Yéhuwah. Akèh cah enom saiki ya kaya ngono.

      Ayat: ”Saka tumindaké saben dina, isa kétok apa kelakuané bocah sing isih cilik kuwi bener lan murni.”—Wulang Bebasan 20:11.

      PENDAPATÉ WONG AKÈH — Nèk kanca-kancamu wis dibaptis, kowé ya kuduné dibaptis.

      FAKTANÉ — Kowé kuduné dibaptis merga mémang kowé péngin nglayani Yéhuwah, dudu merga kanca-kancamu wis dibaptis utawa merga kowé mung péngin nyenengké wong liya.

      Ayat: ’Rakyaté Gusti Allah bakal réla dadi prajurité Gusti Allah.’—Mazmur 110:3.

      PENDAPATÉ WONG AKÈH — Nèk durung dibaptis, nggawé dosa kuwi ora apa-apa.

      FAKTANÉ — Meskipun durung dibaptis, nèk kowé wis ngerti sing bener ya kuduné manut karo karepé Yéhuwah kuwi.

      Ayat: ”Mula, nèk ana wong sing ngerti carané nindakké sing bener ning ora nindakké kuwi, dhèwèké dosa.”—Yakobus 4:17.

      SARAN: Nèk kowé wedi utawa ragu-ragu mèh dibaptis, ana saran-saran bèn kowé isa ngatasi kuwi ing buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, Pasal 37.

      Kesimpulan: Ngapa kok kudu dibaptis?

      • Muridé Yésus kudu dibaptis.

      • Nèk péngin dislametké, kudu dibaptis.

      • Nglayani Yéhuwah lan dibaptis kuwi kehormatan sing gedhé.

  • Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 2: Piyé Carané Bèn Aku Isa Dibaptis?
    Pitakonané Cah Enom
    • Cah wédok lagi sinau Alkitab soal baptisan.

      PITAKONANÉ CAH ENOM

      Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 2: Piyé Carané Bèn Aku Isa Dibaptis?

      Nèk kowé wis akrab karo Gusti Allah lan manut karo préntahé, kowé mungkin dadi péngin dibaptis. Ning, piyé carané bèn kowé isa dibaptis?a

      Ing artikel iki bakal dibahas:

      • Apa kudu ngerti kabèh soal Alkitab?

      • Aku kudu piyé?

      • Kandhané kanca-kancamu

      Apa kudu ngerti kabèh soal Alkitab?

      Ora. Bèn isa dibaptis, kowé ora perlu ngapalké isiné Alkitab kaya mèh ujian. Ning, kowé kudu ”nggunakké kabèh pikiranmu” bèn yakin nèk sing mbok pelajari saka Alkitab kuwi bener. (Roma 12:1) Contoné:

      • Apa kowé percaya karo Gusti Allah lan ngerti ngapa kudu nyembah Dhèwèké?

        Ayat: ”Sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Dhèwèké kuwi ana lan nèk Dhèwèké mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké.”—Ibrani 11:6.

        Pikirna: ’Ngapa aku kudu percaya Gusti Allah?’ (Ibrani 3:4) ’Ngapa aku kudu nyembah Dhèwèké?’—Wahyu 4:11.

        Keterangan tambahan: ”Penciptaan atau Evolusi?—Bagian 1: Mengapa Percaya kepada Allah?”

      • Apa kowé percaya nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah?

        Ayat: ”Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah. Kuwi gunané kanggo mulang, ngandhani nèk awaké dhéwé salah, nggawé sing salah dadi bener manèh, lan nglatih awaké dhéwé kanggo nindakké apa sing bener.”—2 Timotius 3:16.

        Pikirna: ’Ngapa aku percaya nèk Alkitab kuwi dudu saka manungsa?’—Yésaya 46:10; 1 Tésalonika 2:13.

        Keterangan tambahan: ”Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 1: Ngerti Isiné”

      • Apa kowé percaya nèk Yéhuwah sing ngarahké jemaat Kristen?

        Ayat: ”[Gusti Allah] pantes nampa kemuliaan liwat jemaat lan liwat Kristus Yésus nganti saklawasé.”—Éfésus 3:21.

        Pikirna: ’Apa aku percaya nèk sing tak pelajari ing pertemuan ibadah kuwi asalé saka Yéhuwah, dudu saka manungsa?’ (Matius 24:45) ’Meskipun wong tuwaku ora mèlu pertemuan ibadah, apa aku tetep teka (nèk diijinké)?’—Ibrani 10:24, 25.

        Keterangan tambahan: ”Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?”

      Aku kudu piyé?

      Mémang kowé isa waé tetep nggawé kesalahan sakwisé dibaptis, Tapi sing penting kowé kudu berusaha bèn ”nindakké sing apik, aja nganti nindakké sing jahat”. (Mazmur 34:14) Contoné:

      • Apa tingkah lakumu cocog karo sing dikarepké Gusti Allah?

        Ayat: ”Kowé kudu njaga hati nuranimu tetep apik.”—1 Pétrus 3:16.

        Pikirna: ’Apa buktiné nèk pikiranku ”dilatih bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah”?’ (Ibrani 5:14) ’Apa aku wis tau nolak ajakané kancaku kanggo nglakoni sing salah? Apa aku bergaul karo wong-wong sing péngin manut karo Yéhuwah?’—Wulang Bebasan 13:20.

        Keterangan tambahan: ”Piyé Carané Aku Isa Nglatih Hati Nuraniku?”

      • Apa kowé ngerti ngapa kok kudu nglakoni sing bener?

        Ayat: ”Saben wong ing antarané awaké dhéwé bakal tanggung jawab marang Gusti Allah.”—Roma 14:12.

        Pikirna: ’Nèk aku nggawé kesalahan, apa aku gelem ngakoni, utawa apa aku malah nyalahké wong liya?’—Ibrani 13:18; Wulang Bebasan 28:13.

        Keterangan tambahan: ”Apa yang Harus Kulakukan Kalau Aku Berbuat Salah?”

      • Apa kowé berupaya bèn isa terus akrab karo Yéhuwah?

        Ayat: ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”—Yakobus 4:8.

        Pikirna: ’Piyé carané bèn aku isa terus akrab karo Yéhuwah?’ Misalé, ’Apa aku maca Alkitab saben dina?’ (Mazmur 1:1, 2) ’Apa aku kerep ndonga?’ (1 Tésalonika 5:17) ’Apa waé sing tak dongakké? Apa aku bergaul karo wong-wong sing ya sayang karo Yéhuwah?’—Mazmur 15:1, 4.

        Keterangan tambahan: ”Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 2: Seneng Maca Alkitab” lan ”Kenapa Kudu Ndonga?”

      SARAN: Bèn siap dibaptis, coba wacanen buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, pasal 37. Coba isinen lembar kerja ing halaman 308 lan 309.

      a Bèn ngerti dibaptis kuwi apa lan ngapa kok kudu nggawé janji ngabdi lan dibaptis, wacanen artikel ”Apa Aku Kudu Dibaptis—Bagéan 1”.

      Kandhané kanca-kancamu

      Gabriella.

      ”Merga ngisi lembar kerja ing buku Pertanyaan Kaum Muda, aku dadi ngerti apa sing kudu tak upayakké bèn isa dibaptis. Terus, aku ya isa nggawé rencana sakwisé dibaptis. Dibaptis kuwi keputusan sing kudu dipikirké tenanan, tapi kuwi ya kehormatan sing gedhé banget.”—Gabriella.

      Caleb.

      ”Ing Alkitab, Paulus tau ngongkon Timotius, ’Kowé kudu terus percaya karo kabèh sing wis diwulangké marang kowé. Kowé wis sinau lan diyakinké bèn percaya karo ajaran sing bener kuwi.’” (2 Timotius 3:14) ”Kowé kudu sinau Alkitab bèn isa yakin nèk sing dipelajari kuwi bener. Kowé gelem dibaptis kuwi kuduné merga péngin nyenengké Yéhuwah, dudu wong liya.”—Caleb.

      Kesimpulan: Piyé carané bèn aku isa dibaptis?

      Sing mbok percaya. Apa kowé percaya karo Gusti Allah? Apa kowé yakin nèk mung Dhèwèké sing kuduné mbok sembah? Apa kowé percaya nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah? Apa kowé yakin nèk Yéhuwah sing ngarahké organisasiné?

      Tingkah lakumu. Apa tingkah lakumu cocog karo sing dikarepké Gusti Allah? Apa kowé ngerti ngapa kok kudu nglakoni sing bener? Apa kowé berupaya bèn isa terus akrab karo Yéhuwah?

  • Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 3: Piyé Carané Bèn Aku Ora Ragu-Ragu Dibaptis?
    Pitakonané Cah Enom
    • Wong lanang dibaptis ing danau karo ditonton sing liyané.

      PITAKONANÉ CAH ENOM

      Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 3: Piyé Carané Bèn Aku Ora Ragu-Ragu Dibaptis?

      Apa kowé wedi dibaptis? Nèk iya, artikel iki cocog kanggo kowé.

      Ing artikel iki bakal dibahas:

      • Piyé nèk bar dibaptis aku malah nggawé dosa?

      • Piyé nèk mengko aku éntuk tugas liya padahal durung siap?

      • Piyé nèk aku ngrasa ora pantes nglayani Yéhuwah?

      • Kandhané kanca-kancamu

      Piyé nèk bar dibaptis aku malah nggawé dosa?

      Alesané: Mungkin ana keluarga utawa kancamu sing ditokké saka jemaat merga nggawé dosa. (1 Korintus 5:11-13) Kowé wedi nèk bakal kaya ngono.

      ”Aku wedi banget nèk bar aku dibaptis malah nggawé dosa. Wong tuwaku mesthi isin banget.”—Rebekah.

      Ayat: ”Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh . . . . Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing bakal mesakké karo wong kuwi, merga Gusti Allah bakal bener-bener ngapura wong kuwi.”—Yésaya 55:7.

      Pikirna: Wong sing nggawé dosa lan ora mertobat mémang bakal ditokké saka jemaat. Tapi nèk mertobat, Yéhuwah mesthi gelem ngampuni.—Mazmur 103:13, 14; 2 Korintus 7:11.

      Terus meskipun kowé ora sampurna, Yéhuwah isa mbantu bèn kowé aja nganti nggawé dosa. (1 Korintus 10:13) Dadi, kowé mesthi isa berusaha bèn ora mèlu-mèlu wong liya.

      ”Aku wedi banget nèk bar dibaptis malah nggawé kesalahan. Tapi bar tak pikir-pikir, nèk ora dibaptis, kuwi ya salah. Dadi, sing penting saiki tak lakoni waé.”—Karen.

      Intiné: Kowé mesthi isa tetep setya kaya umaté Yéhuwah sing liyané.—Filipi 2:12.

      Keterangan tambahan: ”Bagaimana Aku Bisa Menolak Godaan?”

      Piyé nèk mengko aku éntuk tugas liya padahal durung siap?

      Alesané: Ana cah enom sing kudu pisah saka wong tuwa lan kanca-kancané merga péngin luwih akèh nglayani Yéhuwah. Mungkin kowé wedi nèk kudu kaya ngono.

      ”Bar dibaptis mémang isa éntuk luwih akèh tugas. Tapi ora kabèh wong isa kaya ngono.”—Marie.

      Ayat: ”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé. Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.”—Galatia 6:4.

      Pikirna: Aja mbandhingké karo wong liya. Kowé isa ngetrapké saran sing disebutké ing Markus 12:30, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu.”

      Menurut ayat kuwi, kowé kudu nglayani Yéhuwah saktulusé atimu. Dadi, kowé péngin nglayani Yéhuwah kuduné merga péngin nyenengké Dhèwèké, dudu merga péngin nyenengké wong liya. Terus nèk kowé sayang karo Yéhuwah, kowé mesthi bakal berusaha nglayani Dhèwèké sesuai karo kemampuanmu.

      ”Bar dibaptis, mungkin kowé éntuk tugas-tugas liyané. Tapi kuwi ora angèl, malah isa nggawé kowé bahagia. Apa manèh nèk kowé bergaul karo wong-wong sing sayang karo Yéhuwah. Kanca-kancamu kuwi mesthi bakal ndhukung kowé. Tapi nèk ora dibaptis, kowé malah rugi dhéwé.”—Julia.

      Intiné: Nèk mikirké Yéhuwah wis mènèhi apa waé, kowé mesthi dadi péngin mbales Dhèwèké sesuai karo kemampuanmu.—1 Yohanes 4:19.

      Keterangan tambahan: ”Apakah Aku Orangnya Bertanggung Jawab?”

      Piyé nèk aku ngrasa ora pantes nglayani Yéhuwah?

      Alesané: Yéhuwah kuwi Sing Mahakuwasa, dadi kowé ngrasa ora ana apa-apané. Mungkin kowé mikir nèk Yéhuwah ora nggatèkké kowé.

      ”Aku ngrasa nèk Yéhuwah akrab karo aku mung merga wong tuwaku Seksi Yéhuwah.”—Natalie.

      Ayat: ”Ora ana wong sing isa marani aku kecuali Bapak, sing ngutus aku, narik wong kuwi.”—Yohanes 6:44.

      Pikirna: Nèk kowé péngin dibaptis, kuwi bukti nèk Yéhuwah narik kowé dadi kancané. Apa kowé gelem?

      Terus, Yéhuwah ya ngandhani carané bèn isa cedhak karo Dhèwèké. Ing Alkitab disebutké nèk kowé ”nyedhak marang Gusti Allah . . . Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé”.—Yakobus 4:8.

      ”Pas kowé ngrasa ora pantes nglayani Yéhuwah, kowé kudu yakin nèk kuwi ora bener. Yéhuwah kuwi sayang karo kowé. Buktiné kowé isa kenal lan cedhak karo Dhèwèké.”—Selina.

      Intiné: Nèk kowé memenuhi syarat ing Alkitab kanggo dibaptis, kuwi berarti kowé pantes nglayani Yéhuwah. Apa manèh kowé kuduné nglayani Dhèwèké.—Wahyu 4:11.

      Keterangan tambahan: ”Kenapa Kudu Ndonga?”

      Kandhané kanca-kancamu

      Skye.

      ”Aja wedi dibaptis. Dibaptis kuwi kaya mulai mèlu lomba lari. Kowé isa waé tiba, ning kowé kan isa ngadeg manèh. Tapi nèk kowé ora mulai mlayu, ya kowé ora bakal tekan garis finish-é.”—Skye.

      Vinicio.

      ”Dibaptis kuwi kaya lagi nggolèk SIM. Meskipun ngerti nèk kowé isa waé kecelakaan, tapi kowé tetep péngin nduwé SIM, ta? Dadi, aja wedi. Sing penting kowé berusaha bèn isa tetep akrab karo Yéhuwah.”—Vinicio.

      Kesimpulan: Apa sing nggawé aku ragu-ragu dibaptis?

      • Wedi nggawé dosa. Kowé mesthi isa tetep setya kaya umaté Yéhuwah sing liyané.

      • Wedi éntuk tugas liya padahal durung siap. Nèk mikirké Yéhuwah wis mènèhi apa waé, kowé mesthi dadi péngin mbales Dhèwèké sesuai karo kemampuanmu.

      • Ngrasa ora pantes. Nèk kowé memenuhi syarat ing Alkitab kanggo dibaptis, kuwi berarti kowé pantes nglayani Yéhuwah. Apa manèh kowé kuduné nglayani Dhèwèké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim