PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • scl hlm. 81-83
  • Penghiburan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Penghiburan
  • Tuntunan saka Alkitab
Tuntunan saka Alkitab
scl hlm. 81-83

Penghiburan

Ayat-ayat sing isa nguwatké pas lagi susah

Dianiaya

Deloken ”Penganiayaan”

Iri

Deloken ”Iri”

Kecéwa merga nduwé kelemahan lan nggawé dosa

Deloken ”Kecéwa”

Kecéwa merga ora dianggep, dilarani, lan dikhianati

Deloken ”Kecéwa”

Kuwatir

Deloken ”Kuwatir”

Nduwé keterbatasan merga lara utawa wis tuwa

Mzm 71:​9, 18; Pkh 12:​1-7

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Raj 20:​1-3—Raja Hizkia sedhih banget wektu lara lan arep mati

    • Flp 2:​25-30—Épafroditus sedhih banget merga sedulur-sedulur ing Filipi ngerti nèk dhèwèké lara. Épafroditus ya kuwatir nèk sedulur-sedulur mikir dhèwèké gagal nglakoni tugasé

  • Ayat-ayat sing isa nyemangati:

    • Mzm 92:​12-14; Yés 40:​29-31; 46:4; 2Kor 8:12

  • Kisah ing Alkitab sing isa nyemangati:

    • 2Sam 17:​27-29; 19:​31-38—Raja Daud ngajèni Barzilai lan ngejak dhèwèké lunga ing Yérusalèm. Tapi Barzilai nolak merga dhèwèké wis tuwa lan nduwé keterbatasan

    • Mzm 41:​1-3, 12—Pas Raja Daud lara parah, dhèwèké yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké

    • Mrk 12:​41-44—Yésus muji randha miskin merga randha kuwi réla mènèhké kabèh duwèké

Ngrasa bersalah

Ézr 9:6; Mzm 38:​3, 4, 8; 40:12

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Raj 22:​8-13; 23:​1-3—Sakwisé ngrungokké buku Hukum Musa diwacakké, Raja Yosia lan rakyaté ngerti nèk wis nggawé salah

    • Ézr 9:​10-15; 10:​1-4—Ézra lan wong Israèl ngrasa bersalah merga ana wong Israèl sing ora manut Yéhuwah lan nikah karo sing ora nyembah Yéhuwah

    • Luk 22:​54-62—Rasul Pétrus ngrasa bersalah sakwisé ora ngakoni Yésus nganti ping telu

  • Ayat-ayat sing isa nyemangati:

    • Mzm 32:5; 103:​9-14; Yés 1:18; Kis 3:19

    • Deloken Yés 38:17; Mi 7:​18, 19

  • Kisah ing Alkitab sing isa nyemangati:

    • 2Bb 33:​9-13, 15, 16—Manasyé kuwi raja Yéhuda sing paling jahat, tapi dhèwèké mertobat lan diampuni karo Yéhuwah

    • Luk 15:​11-32—Perumpamaané Yésus soal anak sing ilang nduduhké nèk Yéhuwah gelem ngapurani lan ora ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé

Ngrasa ora berharga

Deloken ”Ngrasa Ora Berharga”

Ngrasa ora sanggup ngatasi masalah utawa ngrampungké tugas

  • Kisah ing Alkitab:

    • Pa 3:11; 4:10—Musa ngrasa ora sanggup wektu dikongkon ngomong karo Firaun lan mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir

    • Yér 1:​4-6—Yérémia ngrasa ora mampu dadi nabi merga isih enom, ora nduwé pengalaman, lan kudu ngandhani wong-wong sing ndableg

  • Ayat-ayat sing isa nyemangati:

    • Mzm 29:11; Yés 40:29; 2Kor 3:​4, 5; 4:7

  • Kisah ing Alkitab sing isa nyemangati:

    • Pa 3:12; 4:​11, 12—Yéhuwah bola-bali ngyakinké nèk bakal ndhukung Musa

    • Yér 1:​7-10—Yéhuwah ngandhani Yérémia nèk ora perlu wedi merga Yéhuwah bakal mbantu dhèwèké ngrampungké tugasé sing abot

Sedhih; kecéwa

Akèh sing sedhih merga nduwé akèh masalah utawa ditindhes

Pkh 9:​11, 12

Deloken Mzm 142:4; Pkh 4:1; 7:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • Rut 1:​11-13, 20—Sakwisé bojoné lan loro anaké mati, Naomi sedhih banget lan ngrasa nèk Yéhuwah ora perduli karo dhèwèké

    • Ayb 3:​1, 11, 25, 26; 10:1—Ayub sedhih banget merga dhèwèké lara, kélangan sepuluh anaké, lan kélangan hartané

  • Ayat-ayat sing isa nyemangati:

    • Rm 12:19; Yak 1:13

  • Kisah ing Alkitab sing isa nyemangati:

    • Rut 1:​6, 7, 16-18; 2:​2, 19, 20; 3:1; 4:​14-16—Naomi bahagia manèh merga nyedhak karo umaté Yéhuwah, gelem dibantu, lan dhèwèké ya mbantu liyané

    • Ayb 42:​7-16; Yak 5:11—Ayub tetep nduwé iman sing kuwat, lan Yéhuwah mènèhi dhèwèké akèh berkah

Ana sing sedhih merga dijahati wong liya

Pkh 4:​1, 2

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Sam 1:​6, 7, 10, 13-16—Hana lara ati lan kecéwa merga dijahati Pénina lan merga Imam Èli nudhuh dhèwèké mabuk

    • Ayb 8:​3-6; 16:​1-5; 19:​2, 3—Ayub dadi tambah susah atiné merga telu kancané nyalahké dhèwèké

  • Ayat-ayat sing isa nyemangati:

    • Mzm 37:​8, 9; Éf 4:26

  • Kisah ing Alkitab sing isa nyemangati:

    • 1Sam 1:​9-11, 18—Sakwisé ndonga karo Yéhuwah, Hana isa tenang lan ora sedhih manèh

    • Ayb 42:​7, 8, 10, 17—Ayub gelem ngapurani telu kancané, lan Yéhuwah mberkahi Ayub

Sengsara merga dijahati wong liya

Deloken ”Dijahati Wong Liya”

Wedi

Deloken ”Wedi”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim