Lagu 136
Wis Madeg Kratoné!
Yéhuwah, Sing Mahakwasa
Nganti selawasé.
Putra-Mu mréntah ing swarga;
Gedhé kuwasané.
Sang Kristus wis dadi raja;
Pamréntahané santosa.
(REFREIN)
Saiki wis teka
Pamréntahan lan pangwasa.
Wis madeg kratoné.
Wis teka pamréntahané!
Wektuné Iblis ’ra akèh;
Ora suwé manèh.
Urip seneng rasa bungah,
Ngganti rasa susah.
Sang Kristus wis dadi raja;
Pamréntahané santosa.
(REFREIN)
Saiki wis teka
Pamréntahan lan pangwasa.
Wis madeg kratoné.
Wis teka pamréntahané!
Para malaékat sing setya,
Wis seneng atiné.
Merga ing swarga ’ra ana,
Iblis lan balané.
Sang Kristus wis dadi raja,
Pamréntahané santosa.
(REFREIN)
Saiki wis teka
Pamréntahan lan pangwasa.
Wis madeg kratoné.
Wis teka pamréntahané!
(Delengen uga Dn. 2:34, 35; 2 Kr. 4:18.)