PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 189
  • Apa ing Alkitab Ana Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Aku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa ing Alkitab Ana Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Aku?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Nèk ana masalah
  • Nèk wong sing disayangi mati
  • Nèk tau nggawé kesalahan
  • Nèk lagi sedhih
  • Nèk lagi lara
  • Nèk lagi strès
  • Nèk ana perang
  • Nèk kuwatir soal masa depan
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès
    Topik Liyané
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
Delok Kabèh
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 189
Wong wédok maca Alkitab.

Apa ing Alkitab Ana Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Aku?

Jawaban ing Alkitab

Ya. (Roma 15:4) Ing Alkitab ana akèh ayat-ayat sing isa nguwatké wektu awaké dhéwé lagi susah.

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Nèk ana masalah

  • Nèk wong sing disayangi mati

  • Nèk tau nggawé kesalahan

  • Nèk lagi sedhih

  • Nèk lagi lara

  • Nèk lagi strès

  • Nèk ana perang

  • Nèk kuwatir soal masa depan

Nèk ana masalah

Mazmur 23:4: ”Senajan mlaku ing lembah sing peteng banget, aku ora wedi, merga Njenengan nuntun aku.”

Artiné: Nèk ndonga karo Gusti Allah lan nggolèk naséhat ing Alkitab, njenengan isa tetep kuwat meskipun ana masalah.

Filipi 4:13: ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”

Artiné: Gusti Allah isa ngekèki njenengan kekuwatan bèn isa ngadhepi masalah.

Piyé nèk masalahé kétoké ora rampung-rampung? Deloken saran-saran ing artikel ”Tantangannya: Keadaan yang Harus Dihadapi”.

Nèk wong sing disayangi mati

Pengkhotbah 9:10: ”Ora ana kegiatan, pengetahuan, utawa kawicaksanan ing Kuburan.”

Artiné: Wong sing wis mati kuwi ora ngerti apa-apa. Meréka ora disiksa lan ora isa ngganggu awaké dhéwé.

Kisah 24:15: ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong.”

Artiné: Sukmbèn isa ketemu manèh karo wong-wong sing disayangi sing wis mati.

Ing Alkitab ya ana saran-saran sing isa bermanfaat kanggo sing ditinggal mati. Deloken artikel ”Mengatasi Dukacita—Yang Bisa Kita Lakukan Sekarang”.

Nèk tau nggawé kesalahan

Mazmur 86:5: ”Oh Yéhuwah,a Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura. Njenengan sayang banget karo wong sing njaluk tulung marang Njenengan.”

Artiné: Nèk awaké dhéwé wis bener-bener mertobat lan ora mbalèni manèh kesalahané, Gusti Allah gelem ngampuni.

Mazmur 103:12: ”Dhèwèké nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget, adohé kaya wétan karo kulon.”

Artiné: Nèk wis ngampuni, Gusti Allah ora ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé.

Piyé bèn ora terus-terusan ngrasa bersalah? Wacanen artikel ”Saya Merasa Bersalah—Apakah Alkitab Bisa Membantu Saya Mengatasi Perasaan Ini?”

Nèk lagi sedhih

Mazmur 31:7: ”Njenengan ndelok nèk aku sengsara, lan Njenengan ngerti nèk aku susah banget.”

Artiné: Nèk njenengan lagi sedhih, Gusti Allah nggatèkké. Meskipun wong liya ora ngerti perasaané njenengan, Gusti Allah ngerti.

Mazmur 34:18: ”Yéhuwah cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.”

Artiné: Nèk njenengan lagi sedhih, Gusti Allah bakal menghibur lan nguwatké bèn njenengan tetep semangat.

Ing Alkitab ya ana saran-saran bèn ora sedhih terus. Deloken vidéo Sedhih Dadi Seneng.

Nèk lagi lara

Mazmur 41:3: ”Wektu dhèwèké lara, Yéhuwah ora bakal ninggalké dhèwèké.”

Artiné: Nèk njenengan lara parah, Gusti Allah isa mbantu bèn njenengan tetep tenang, sabar, lan ngrasa ayem. Gusti Allah ya isa mbantu bèn njenengan isa nggawé keputusan sing bener.

Yésaya 33:24: ”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”

Artiné: Gusti Allah janji nèk sukmbèn ora ana manèh sing lara.

Ing Alkitab ana saran-saran sing apik sing isa mbantu njenengan wektu lagi lara. Deloken artikel ”Saran kanggo sing Lagi Lara”.

Nèk lagi strès

Mazmur 94:19: ”Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.”

Artiné: Gusti Allah isa mbantu bèn njenengan tetep ngrasa ayem.

1 Pétrus 5:7: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”

Artiné: Gusti Allah perduli karo njenengan. Nèk lagi strès, njenengan isa crita karo Gusti Allah liwat donga.

Ing Alkitab ya ana saran-saran sing isa mbantu wektu njenengan lagi strès. Deloken artikel ”Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès”.

Nèk ana perang

Mazmur 46:9: ”Dhèwèké ngendhegké perang ing bumi.”

Artiné: Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, sukmbèn ora ana perang manèh.

Mazmur 37:11, 29: ”Wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi.Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget. . . . Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”

Artiné: Sukmbèn ing bumi mung ana wong-wong sing bener.

Apa buktiné nèk Kerajaané Gusti Allah ora suwé manèh bakal mréntah bumi? Deloken artikel ”Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?”

Nèk kuwatir soal masa depan

Yérémia 29:11: ”Yéhuwah kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.’”

Artiné: Gusti Allah janji nèk umaté bakal nduwé masa depan sing apik.

Wahyu 21:4: ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”

Artiné: Gusti Allah janji sukmbèn ora ana manèh sing marakké sedhih.

Ing Alkitab ana harapan apa? Wacanen artikel ”Harapan ing Masa Depan”.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim