Mikha
1 Ing jamané Yotam,+ Ahaz,+ lan Hizkia,+ yaiku raja-raja Yéhuda,+ Yéhuwah kandha marang Mikha*+ liwat wahyu soal Samaria lan Yérusalèm. Mikha kuwi asalé saka Morèsyèt. Mikha kandha,
2 ”Bangsa-bangsa, padha rungokna.
Bumi lan sak isiné, padha gatèkna.
Yéhuwah ana ing baité sing suci,
Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngadili kowé.+
3 Yéhuwah metu saka panggonané.
Dhèwèké bakal mudhun lan ngidak-idak panggonan-panggonan dhuwur ing bumi.
4 Gunung-gunung bakal melèlèh ing ngisoré,+
Lan bukit-bukit bakal mbelah,
Kaya lilin* ing cedhak geni,
Lan kaya banyu sing nggrojog ing panggonan sing curam.
5 Kuwi kabèh merga Yakub mbrontak
Lan merga dosa-dosané wong Israèl.+
Ngapa kok Yakub mbrontak?
Merga wong Samaria, ta?+
Ngapa kok ana panggonan-panggonan dhuwur* ing Yéhuda?+
Merga wong Yérusalèm, ta?
6 Aku bakal nggawé Samaria dadi tumpukan watu ing ladhang
Lan dadi panggonan kanggo nandur anggur.
Watu-watuné bakal Tak uncalké ing lembah,
Lan pondhasiné bakal Tak bongkar.
7 Kabèh patung ukirané bakal diremuk.+
Kabèh upahé merga dadi pelacur bakal diobong.+
Aku bakal ngremuk kabèh brahalané
Merga kuwi kabèh diklumpukké saka hasil pelacurané,
Lan kuwi bakal dibalèkké manèh dadi upahé para pelacur.”
8 Kuwi sebabé aku bakal nangis lan nggero-nggero.+
Aku bakal mlaku nyèkèr lan wuda.*+
Tangisanku bakal kaya swarané asu liar,
Lan tangisanku merga sedhih bakal kaya manuk unta.
Wabah kuwi wis nyebar nganti tekan gerbangé bangsaku, nganti tekan Yérusalèm.+
10 ”Kuwi aja mbok umumké ing Gat.
Kowé ya aja nganti nangis.
Penduduk Bèt-afra,* padha gulung-gulunga ing debu.
11 Penduduk Syafir, padha nyabranga karo wuda lan isin.
Penduduk Zaanan ora metu.
Mbiyèn Bèt-èzel kuwi perlindunganmu, ning saiki ing kono mung ana swara tangisan.
12 Penduduk Marot ngarep-arep apa sing apik,
Ning Yéhuwah mènèhi apa sing èlèk ing gerbang Yérusalèm.
13 Penduduk Lakhis,+ pasangen jaran ing kréta perang.
Kowé sing nyebabké penduduk Zion nggawé dosa.
Penduduk Zion, kowé ya wis mbrontak kaya wong Israèl.+
14 Mula kowé bakal mènèhké hadiah-hadiah perpisahan marang Morèsyèt-gat.
Raja-raja Israèl ora percaya manèh karo penduduk Akhzib.+
15 Penduduk Marésyah,+ Aku bakal ngirim wong sing ngalahké kowé.+
Kemuliaané Israèl bakal tekan Adulam.+
16 Bothakana sirahmu lan cukuren rambutmu merga anak-anakmu lanang sing mbok sayangi bakal kena bencana.
Bothakana sirahmu kaya elang
Merga anak-anakmu lanang wis digawa lunga menyang pembuangan.”+