PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt hlm. 28-hlm. 29
  • Pitakonan 16: Piyé carané bèn ora kuwatir?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonan 16: Piyé carané bèn ora kuwatir?
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pitakonan 16: Piyé carané bèn ora kuwatir?

PITAKONAN 16

Piyé carané bèn ora kuwatir?

”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal ndhukung kowé. Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk wong sing bener tiba.”

Mazmur 55:22

”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil, ning wong sing kesusu tumindak mesthi bakal mlarat.”

Wulang Bebasan 21:5

”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé. Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé. Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.”

Yésaya 41:10

”Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?”

Matius 6:27

”Dadi, aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”

Matius 6:34

”Mastèkké endi sing luwih penting.”

Filipi 1:10

Ibu karo anaké wédok ndonga bareng sakdurungé mangan

”Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur. Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati lan pikiranmu.”

Filipi 4:6, 7

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim