PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt hlm. 32-hlm. 33
  • Pitakonan 18: Piyé carané bèn cedhak karo Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonan 18: Piyé carané bèn cedhak karo Gusti Allah?
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pitakonan 18: Piyé carané bèn cedhak karo Gusti Allah?

PITAKONAN 18

Piyé carané bèn cedhak karo Gusti Allah?

”Oh Gusti Allahku, Njenengan kuwi sing ngrungokké donga. Kabèh wong bakal marani Njenengan.”

Mazmur 65:2

”Kowé kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé atimu, lan aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé. Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu, lan Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.”

Wulang Bebasan 3:5, 6

”Bèn isa urip saklawasé, wong-wong kuwi kudu kenal karo Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kudu kenal karo Yésus Kristus sing Njenengan utus.”

Yohanes 17:3

”Malah, Gusti Allah kuwi sakjané cedhak karo awaké dhéwé.”

Kisah 17:27

”Aku terus ndonga bèn kowé nduwé katresnan sing saya gedhé, nduwé pengetahuan sing bener, lan nduwé pertimbangan sing apik.”

Filipi 1:9

”Nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana, dhèwèké kudu njaluk marang Gusti Allah bèn diwènèhi kawicaksanan, merga Gusti Allah bakal murah hati wektu mènèhké kuwi lan ora nggolèk-nggolèk salahmu.”

Yakobus 1:5

”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé. Hé wong-wong sing dosa, kowé kudu ngresiki awakmu saka tumindak jahat. Hé wong-wong sing ragu-ragu, kowé kudu nggawé atimu murni.”

Yakobus 4:8

”Nèk nresnani Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi bakal nindakké préntah-préntahé. Préntah-préntahé kuwi ora abot.”

1 Yohanes 5:3

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim