PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 8
  • 5 Komunikasi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 5 Komunikasi
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • 8 Dadi Conto
    Gatèkna!—2018
  • Carané Ndhidhik Anak
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 8
Wong tuwa mlaku ing jembatan nyedhaki anaké

Wong tuwa isa akrab karo anaké nèk kerep omong-omongan

KANGGO WONG TUWA

5 Komunikasi

MAKSUDÉ

Antara wong tuwa karo anak, kudu isa terbuka nyritakké sing dirasakké.

NGAPA KOK PENTING

Pas anak-anak isih cilik, biasané kabèh-kabèh dicritakké karo wong tuwané. Tapi pas wis saya gedhé, dadi ora gelem crita manèh. Padahal meskipun kétoké ora gelem crita, sakjané anak-anak tetep butuh crita.

KUDU PIYÉ

Selalu siap ngrungokké. Gelem ngrungokké critané anak-anak meskipun wis bengi banget.

”Aja ngomong karo anak, ’Wis bengi kok lagi crita? Ora kèt mau lho!’ Wong tuwa kuduné seneng anaké gelem crita.”​—Lisa.

”Sakjané aku ki senengé turu gasik. Tapi merga anakku seneng ngobrolé bengi-bengi, ya ora apa-apa.”​—Herbert.

AYAT: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”​—1 Korintus 10:24.

Aja disambi. Ana bapak-bapak sing ngomong, ”Kadhang-kadhang pas anakku crita, aku malah mikirké sing liyané. Nah, mengko anak-anak wegah crita manèh.”

Wektu omong-omongan karo anak, aja disambi karo nonton TV utawa dolanan HP. Meskipun kétoké critané ora penting, kudu tetep dirungokké tenanan.

”Wong tuwa kudu berusaha bèn anak-anaké yakin critané bakal dirungokké. Dadi mengko nèk ana apa-apa, anak-anak bakal crita karo wong tuwané, ora dipendhem dhéwé utawa malah crita karo wong liya.”​—Maranda.

”Nèk anak-anak nggawé kesalahan, aja langsung disenèni.”​—Anthony.

AYAT: ”Kowé kudu ngrungokké tenanan.”​—Lukas 8:18.

Ajaken ngobrol pas suasanané santai. Biasané anak-anak isa luwih terbuka nèk suasanané ora tegang.

”Aku karo anakku biasané ngobrol pas ing mobil.”​—Nicole.

Pas mangan bareng ya isa ngobrol karo anak-anak.

”Pas makan malam, aku sak keluarga biasané crita dina kuwi ngapa waé. Akhiré kami dadi tambah akrab.”​—Robin.

AYAT: ”Kudu cepet ngrungokké [lan] ora kesusu ngomong.”​—Yakobus 1:19.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim