PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 12
  • 9 Nduwé Pendirian

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 9 Nduwé Pendirian
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • Sapa Sejatiné Aku?
    Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
  • Apa Alkitab Isih Terus Ndandani Urip Panjenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?
    Pitakonané Cah Enom
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 12
Cah enom ngadeg ing jèjèré wit sing kena angin

Nèk nduwé pendirian, kowé ora bakal gampang dipengaruhi wong

KANGGO CAH ENOM

9 Nduwé Pendirian

MAKSUDÉ

Nèk nduwé pendirian, berarti kowé ngerti kowé kuwi wongé kaya apa lan kowé ngerti apa sing mbok percaya.

NGAPA KOK PENTING

Nèk nduwé pendirian, kowé ngerti kowé kudu piyé lan kowé ora mung bakal mèlu-mèlu kancamu.

”Akèh wong saiki senengé niru-niru wong liya, misalé soal milih klambi.”​—Adrian.

”Kanca sing apik kuwi nèk dhèwèké menghargai pendirianku.”​—Courtney.

AYAT: ”Aja dipengaruhi karo donya iki manèh. Ning, kowé kudu ngubah pikiranmu.”​—Roma 12:2.

KUDU PIYÉ

Pikirna, ’Saiki aku ki wongé kaya apa? Terus, aku péngin dadi wong sing kaya apa?’ Kowé kudu ngerti sik apa waé kelebihan karo kekuranganmu, lan apa sing mbok percaya. Pikirna pertanyaan-pertanyaan iki:

Kelebihan: Bakat lan ketrampilanku apa waé? Apa aku wongé tepat waktu, ora gampang nesu, rajin, lan ora pelit? Apa aku apikan karo wong liya?

SARAN: Nèk bingung kelebihanmu apa, takona wong tuwamu utawa sahabatmu.

AYAT: ”Saben wong kudu mriksa tumindaké dhéwé. Dhèwèké bakal bahagia merga apa sing wis ditindakké, dudu merga mbandhingké karo wong liya.”​—Galatia 6:4.

Kekurangan: Sipat-sipat apa waé sing kudu tak upayakké? Aku biasané dadi luwih gampang tergoda nglakoni sing salah nèk pas apa?

AYAT: ”Nèk awaké dhéwé kandha, ’Aku ora nduwé dosa,’ kuwi artiné awaké dhéwé ngapusi.”​—1 Yohanes 1:8.

Sing tak percaya: Apa aku ngerti endi sing bener lan endi sing salah? Apa aku percaya karo Gusti Allah? Apa sing nggawé aku yakin nèk Gusti Allah kuwi ana? Menurutku, piyé masa depané manungsa?

AYAT: ”Kowé bakal isa mikir, lan pertimbangan sing apik bakal nglindhungi kowé.”​—Wulang Bebasan 2:11.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim