PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g19 No. 1 hlm. 3
  • Keadaan ing Donya Tambah Parah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keadaan ing Donya Tambah Parah
  • Gatèkna!—2019
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Ana sing Isa Ngatasi Masalah Ékonomi?
    Topik Liyané
  • Kapan Aku Isa Mulai Dadi Perintis Èkstra?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Tetep Nawakké Majalah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
Gatèkna!—2019
g19 No. 1 hlm. 3

MASALAH

Keadaan ing Donya Tambah Parah

”Saiki tèknologi, ilmu pengetahuan, lan ékonomi wis tambah maju . . . Tapi sayangé malah tambah akèh kejahatan, alamé tambah rusak, lan isih akèh wong sing miskin.”​—Laporan Risiko Global 2018, Forum Ekonomi Dunia.

AKÈH WONG KUWATIR SOAL MASA DEPAN MERGA SAIKI ANA AKÈH MASALAH. CONTONÉ:

  • Gambar laptop lan gembok

    KEJAHATAN ING INTERNÈT: Menurut koran The Australian, ”Saiki ana akèh banget wong sing jahat ing internèt. Ana akèh pédofilia, pem-bully, lan peretas (hacker). Terus ya akèh sing seneng ngèlèk-èlèk, ngejak padu, lan golèk gara-gara karo wong liya . . . Pencurian idèntitas ya ana akèh banget.”

  • Gambar tangan lan dhuwit

    WONG MLARAT TAMBAH AKÈH: Menurut laporan saka Oxfam International, ”Jumlah hartané wong wolu sing paling sugih sak donya padha karo jumlah hartané setengah penduduk donya . . . Wong sing sugih tambah sugih, tapi sing mlarat tambah mlarat.” Akhiré dadi akèh kerusuhan.

  • Bom

    PERANG LAN KERUSUHAN: Menurut laporan Badan Perserikatan Bangsa-Bangsa untuk Urusan Pengungsi (UNHCR) taun 2018, ”Saben menit ana kira-kira wong 30 sing kudu ngungsi. Totalé ana luwih saka 68 juta sing kudu ngungsi merga perang utawa kerusuhan.”

  • Asap pabrik

    ALAMÉ TAMBAH RUSAK: Menurut Laporan Risiko Global 2018, ”Akèh tanduran lan kéwan padha punah, terus polusi udara lan laut tambah parah.” Misalé akèh serangga sing mati, padahal serangga kuwi isa mbantu penyerbukan tanduran. Nèk serangga padha mati, alamé dadi rusak. Terus menurut para ilmuwan, selama 30 taun iki mèh setengahé terumbu karang sak donya wis mati. Pas taun 2017 waé, ing Indonesia terumbu karang sing isih apik mung tinggal 30 persèn.

Apa masalah-masalah kuwi isa dirampungi? Nèk isa, piyé carané? Kuwi bakal dirembug ing artikel-artikel berikuté.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim