PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 1 hlm. 3
  • Apa Njenengan Lagi Strès?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Lagi Strès?
  • Gatèkna!—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Strès Kuwi Apa?
    Gatèkna!—2020
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès
    Gatèkna!—2020
  • Apa Penyebabé Strès?
    Gatèkna!—2020
Gatèkna!—2020
g20 No. 1 hlm. 3
Wong wédok sing lagi strès ndingkluk lan kétok sedhih.

CARANÉ BÈN ORA STRÈS

Apa Njenengan Lagi Strès?

”Kabèh wong mesthi tau ngrasa strès. Ning, apa sing tak alami kuwi nggawé aku strès banget. Masalahku akèh banget. Apa manèh aku ya kudu ngopèni bojoku sing lara. Larané ya ora mung awaké, ning ya méntalé.”​—Gunarti.a

”Bojoku ninggalké aku. Akhiré aku kudu ngopèni anakku loro dhèwèkan. Dadi orang tua tunggal kuwi angèl. Apa manèh aku ya wis ora kerja, lan aku ora nduwé dhuwit kanggo ndandani mobil. Aku strès banget, ora ngerti kudu piyé. Aku ngerti nèk bunuh diri kuwi salah, mula aku njaluk karo Gusti Allah bèn aku mati waé.”​—Paidi.

Kaya Gunarti lan Paidi, apa njenengan kadhang ngrasa strès banget? Nèk iya, njenengan isa dibantu lan éntuk penghiburan wektu maca majalah iki. Majalah iki ngrembug apa penyebabé strès, apa pengaruhé strès, lan apa sing isa ditindakké kanggo ngurangi strès.

a Jeneng-jeneng ing dhuwur iki dudu jeneng asliné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim