PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 1 hlm. 4
  • Apa Penyebabé Strès?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Penyebabé Strès?
  • Gatèkna!—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Strès Kuwi Apa?
    Gatèkna!—2020
  • Apa Njenengan Lagi Strès?
    Gatèkna!—2020
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès
    Gatèkna!—2020
Gatèkna!—2020
g20 No. 1 hlm. 4

CARANÉ BÈN ORA STRÈS

Apa Penyebabé Strès?

Salah siji artikel saka Mayo Clinic ngomong, ”Saiki saya akèh wong diwasa sing ngalami strès merga keadaané ora pasti lan isa cepet berubah.” Keadaan-keadaan iki sing biasané nyebabké wong-wong dadi strès:

  • pegatan

  • wong sing ditresnani mati

  • lara parah

  • kecelakaan

  • kejahatan

  • jadwal sing padhet

  • bencana alam utawa bencana akibat tumindaké manungsa

  • masalah ing sekolah utawa ing gawéan

  • masalah ékonomi

KÉLANGAN GAWÉAN

American Psychological Association ngomong, ”Kélangan gawéan biasané nggawé wong dadi strès. Wong sing kélangan gawéan isa waé dadi lara, nduwé masalah karo bojoné, ngrasa kuwatir, déprèsi, lan péngin bunuh diri. Kélangan gawéan isa mengaruhi kegiatan saben dina.”

STRÈS SING DIALAMI BOCAH

Bocah-bocah ya isa ngalami strès. Ana sing merga dinakali ing sekolahan, ora digatèkké wong tuwané, dianiaya, dirèmèhké, diancam, utawa ngalami pelècèhan sèksual. Sing liyané, strès merga ulangan lan nilainé ing sekolah. Ana manèh sing ngalami strès merga wong tuwané pegatan. Bocah sing lagi strès isa waé ngalami mimpi buruk, dadi kangèlan kanggo sinau, déprèsi, utawa luwih seneng dhèwèkan. Sing liyané mungkin dadi ora isa ngendhalèni émosiné. Mula, bocah sing lagi strès kudu cepet dibantu.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim