PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g22 No. 1 hlm. 13-15
  • 4 Tetep Semangat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 4 Tetep Semangat
  • Gatèkna!—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA PENTING
  • Faktané
  • Sing Kudu Diupayakké
  • Janji ing Alkitab
  • Pas Ana Masalah, Apa Ana Harapan?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Njenengan Isa Tetep Bahagia ing Taun 2024
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Gatèkna!—2022
g22 No. 1 hlm. 13-15
Alkitab ing méja.

KEADAAN DONYA TAMBAH KACAU

4 | Tetep Semangat

NGAPA PENTING

Wektu keadaané kacau, wong-wong dadi strès lan ora semangat. Akibaté:

  • Ana sing dadi putus asa.

  • Ana sing kecanduan alkohol lan nganggo narkoba.

  • Ana sing péngin bunuh diri.

Faktané

  • Keadaan isa dadi luwih apik.

  • Bahkan meskipun keadaané ora tambah apik, awaké dhéwé isa tetep semangat.

  • Ing Alkitab ana janji nèk sukmbèn kabèh masalah bakal dirampungi.

Sing Kudu Diupayakké

Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34.

Aja terlalu kuwatir, sing sésuk dipikir sésuk.

Nèk terus-terusan kuwatir, awaké dhéwé dadi strès lan ora semangat.

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ​—Saran

AJA MUNG MIKIRKÉ MASALAHÉ

Wong wédok lagi ndeloki jendhéla karo mikir.

Ayat: ”Kanggoné wong sing susah, saben dina kuwi ora nyenengké, ning kanggo wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.” (Wulang Bebasan 15:15) Nèk sing dipikirké mung masalahé thok, isa tambah strès. Terus akhiré masalahé ora rampung-rampung.

  • Aja kakèhan nonton berita.

  • Saben dina, pikirna loro utawa telu berkah sing isa disyukuri.

  • Nggawé rencana kegiatan saben dina. Bèn ora kewalahan, gawéan sing abot isa dicicil sithik-sithik.

NJALUK TULUNG

Simbah-simbah lagi naséhati wong lanang.

Ayat: ”Wong sing senengé mung dhèwèkan . . . ora gelem nampa kabèh naséhat sing apik.” (Wulang Bebasan 18:1) Nèk lagi ana masalah, kudu njaluk tulung.

  • Njaluk tulung karo keluarga lan kanca.

  • Bèn ora mung mikirké masalahé dhéwé, njenengan isa nyoba nulungi wong liya.

  • Nèk saking putus asané nganti péngin bunuh diri, njenengan isa berobat ing dokter. Akèh sing wis ngrasakké manfaaté.a

a Majalah Gatèkna! ora nyaranké pengobatan apa sing kudu dipilih.

Janji ing Alkitab

Sing nulis mazmur tau ndonga, ”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.” (Mazmur 119:105) Alkitab dipadhakké kaya lampu. Maksudé:

Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener.

Awaké dhéwé ya isa ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn.

Isiné Alkitab ora mung soal sejarahé manungsa, tapi ya ana janji soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Ing Alkitab dijelaské soal:

1

Piyé kok awalé ana kesusahan? Ing Alkitab ditulis nèk ”dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati merga kabèh wong wis dosa”.​—Roma 5:12.

2

Ngapa kok pamréntahané manungsa ora isa ngatasi masalah? Ing Alkitab ditulis nèk manungsa ”ora isa ngarahké langkahé”. (Yérémia 10:23) Mula saiki masalah tambah akèh, terus keadaané ya kacau.

3

Apa janjiné Gusti Allah? Ing Alkitab ditulis nèk ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh”.​—Wahyu 21:4.

Gambar saka vidéo ”Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?” Istri lagi nyritakké karo bojoné soal sing dipelajari saka Alkitab.

KETERANGAN LIYANÉ. Deloken vidéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim