Hubungané njenengan karo keluarga lan kanca isa tetep apik nèk ngetrapké saran-saran iki
TERUS SAYANG KARO BOJO
Terus Sayang Karo Bojo
Ayat: ”Wong loro bareng-bareng luwih apik timbang dhèwèkan . . . Nèk sing siji tiba, sing sijiné isa nulungi.” (Pengkhotbah 4:9, 10) Suami istri kudu rukun lan kerja sama, ora éntuk nganggep pasangané kaya mungsuh.
Kudu sabar. Nèk lagi strès aja malah nesu-nesu karo bojo.
Kudu sering ngobrol karo bojoné. Terus nèk ana masalah, sing paling penting kuwi ngrampungi masalahé, dudu nggolèk sapa sing bener lan sapa sing salah.
Luwih sering bareng karo bojo.
Ngéling-éling manèh kenangan sing nyenengké karo bojo. Misalé, ndelok foto wektu dadi mantèn.
”Suami istri isa waé béda pendapat. Tapi nèk berupaya bèn isa sepakat, hasilé mesthi apik.”—David.
TERUS AKRAB KARO KANCA-KANCA
Terus Akrab Karo Kanca-kanca
Merga wis dibantu karo kanca, ya kudu seneng mbantu kanca sing liyané.
Sering takon kabaré kanca-kanca.
Njaluk saran karo kanca sing tau ngadhepi masalah sing padha.
”Wektu ana masalah, mungkin awaké dhéwé bingung kudu piyé. Tapi nèk nduwé kanca, ana sing mbantu lan ndhukung awaké dhéwé.”—Nicole.
NGGATÈKKÉ ANAK-ANAK
Nggatèkké Anak-anak
Ayat: ”Kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong.” (Yakobus 1:19) Biasané anak-anak ora gelem crita soal perasaané. Tapi nèk wong tuwa terus sabar, suwé-suwé anaké gelem crita.
Nèk suasanané santai lan ora tegang, misalé pas lagi mlaku-mlaku, biasané anak-anak luwih gampang kanggo crita.
Aja nganti anak-anak kakèhan nonton berita sing èlèk.
Kudu njelaské karo anak-anak, piyé nèk ana keadaan darurat.
Latihan karo anak-anak bèn isa siap wektu keadaan darurat.
”Bèn anak-anak gelem crita, wong tuwa kudu crita sik piyé perasaané. Terus, wong tuwa ya isa ngandhani piyé carané bèn isa luwih tenang.”—Bethany.