DONYA IKI TAMBAH KACAU
2 | Kudu Isa Ngatur Dhuwit
NGAPA PENTING
Nggolèk dhuwit kuwi angèl, terus bakal tambah angèl nèk keadaané kacau. Kok isa?
Rega-rega dadi tambah larang, termasuk panganan lan tempat tinggal.
Akèh sing di-PHK utawa gajiné dipotong.
Bencana alam isa nggawé bisnis, omah, lan hartané wong-wong dadi hancur. Akibaté, wong-wong dadi miskin.
Faktané
Nèk pinter ngatur dhuwit, awaké dhéwé isa luwih siap wektu keadaané kacau.
Dhuwit, tabungan, lan harta isa dadi ora berharga nèk keadaané lagi kacau.
Dhuwit ora isa nggawé keluarga rukun lan bahagia.
Sing Kudu Diupayakké
Ayat: ”Awaké dhéwé bakal puas nèk wis nduwé panganan lan klambi.”—1 Timotius 6:8.
Pas penghasilané berkurang, awaké dhéwé kudu puas karo apa sing diduwèni. Nèk arep tuku apa waé, kudu dipikirké dhisik apa kuwi bener-bener dibutuhké.
Terus, aja boros. Nèk ora mampu, ya aja tuku.