PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g25 No. 1 hlm. 6-9
  • Nggawé Rencana

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggawé Rencana
  • Gatèkna!—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANFAATÉ APA?
  • AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
  • Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang
    Topik Liyané
  • 2 Kudu Isa Ngatur Dhuwit
    Gatèkna!—2022
Gatèkna!—2025
g25 No. 1 hlm. 6-9

PAS REGA-REGA PADHA MUNDHAK, AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Nggawé Rencana

Mémang nèk rega-rega mundhaké akèh kuwi marahi awaké dhéwé susah, tapi aja nganti putus asa. Sakjané, ana sing isa diupayakké bèn isa ngadhepi keadaan kuwi.

MANFAATÉ APA?

Nèk njenengan ora nggawé rencana dhuwité arep dienggo apa waé, mungkin ujug-ujug pengeluarané njenengan dadi akèh banget. Nah kuwi isa marakké njenengan dadi kuwatir lan strès. Bahkan meskipun penghasilané njenengan ora akèh, njenengan tetep isa nggawé rencana.

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Mastèkké pengeluaran ora luwih akèh timbang penghasilan. Nèk mastèkké kuwi, njenengan isa luwih tenang lan luwih siap nèk misalé ana pengeluaran sing ora disangka-sangka.

Bèn isa mastèkké supaya pengeluarané njenengan ora luwih akèh timbang penghasilan, njenengan isa nulis pira penghasilané njenengan lan apa waé pengeluarané njenengan. Nèk wis ngerti pengeluarané apa waé, njenengan isa mulai ngurutké saka sing paling penting dhisik. Terus, ngupayaa ngikuti rencana sing wis digawé kuwi. Tapi nèk rega-rega kebutuhan saben dina utawa penghasilané njenengan berubah, njenengan isa nyesuaikké manèh rencanané. Nèk wis nikah, njenengan isa ngrembug rencana kuwi karo bojoné njenengan.

Cobanen iki: Pas tuku barang, daripada mbayaré dicicil luwih apik langsung dibayar lunas. Ana wong-wong sing wis nyoba saran kuwi. Meréka ngrasa nèk dadi luwih gampang ngatur pengeluaran lan dadi ora nduwé utang. Njenengan ya isa njaluk laporan saka bank sing isiné jumlah tabungané njenengan lan pengeluarané njenengan selama sesasi. Nèk ngerti jumlah dhuwité njenengan ana pira, njenengan dadi ora terlalu kuwatir.

Mémang kanggo mastèkké bèn pengeluarané ora luwih akèh timbang pengasilan kuwi ora gampang, tapi nèk njenengan nggawé rencana kuwi isa dadi luwih gampang. Terus, njenengan ya dadi ora terlalu kuwatir soal dhuwit.

”Ngétung biayané dhisik.”—Lukas 14:28.


Ngupaya bèn ora nganti kélangan gawéan. Carané piyé? Misalé, njenengan isa ngupaya tepat waktu, nduwé kebiasaan sing apik pas kerja, gelem mbantu wong liya, lan gelem kerja keras. Terus, njenengan ya kudu ngajèni wong liya, manut aturan, lan berupaya bèn luwih trampil.


Ora nggunakké dhuwit kanggo hal-hal sing ora patia penting. Coba pikirna pertanyaan iki, ’Apa aku nduwé kebiasaan ngentèkké dhuwit kanggo hal-hal sing ora patia penting utawa malah berbahaya kanggo keséhatanku?’ Ana wong-wong sing wis kerja keras bèn isa éntuk dhuwit, tapi dhuwité cepet entèk merga meréka nduwé kebiasaan sing ora apik, misalé seneng mabuk-mabukan, nggunakké obat terlarang, mèlu judhi, utawa ngrokok. Kebiasaan-kebiasaan kaya ngono sakjané ora apik kanggo keséhatané meréka lan kuwi isa waé marakké meréka kélangan gawéan.

”Wong isa bahagia nèk nduwé kawicaksanan . . . Éntuk kawicaksanan luwih apik timbang éntuk pérak.”—Wulang Bebasan 3:​13, 14.


Nduwé tabungan kanggo keadaan darurat. Nèk isa, sisihna sithik saka penghasilané njenengan bèn isa nduwé tabungan kanggo keadaan darurat. Nèk nduwé tabungan kuwi, njenengan ora terlalu kuwatir wektu njenengan utawa keluargané njenengan ana sing lara, kélangan gawéan, utawa ngalami keadaan sing ora disangka-sangka.

”Wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka dialami kabèh wong.”—Pengkhotbah 9:11.

Carané Bèn Isa Luwih Hémat

Luwih kerep masak.

Nèk kerep mangan ing njaba utawa tuku lawuh isa waé luwih boros timbang masak dhéwé. Mémang, nèk masak dhéwé isa waé luwih répot lan butuh wektu, tapi kuwi luwih hémat. Sakliyané kuwi, nèk masak dhéwé njenengan isa mastèkké giziné lan kebersihané, dadi njenengan isa luwih séhat.

Mikir dhisik sakdurungé blanja.

  • Nggawé daftar barang apa waé sing arep dituku lan ngupayaa ora tuku barang liyané sing ora ana ing daftar kuwi.

  • Ana barang-barang sing regané dadi luwih murah nèk tukuné sisan akèh. Nèk dhuwité njenengan cukup, njenengan isa nyoba cara kuwi. Tapi nèk sing dituku kuwi panganan, njenengan kudu mastèkké nèk nduwé panggonan kanggo nyimpen bèn isa awèt lan ora kebuwang.

  • Tuku mérek liya sing regané luwih murah tapi kualitasé apik.

  • Nyoba tuku liwat online. Nèk tuku langsung ing toko, awaké dhéwé ya ndelok barang-barang liyané, dadi isa waé awaké dhéwé kepéngin tuku padahal kuwi ora ana ing daftar barang sing arep dituku. Tapi nèk liwat online, awaké dhéwé isa langsung nggolèki barang sing mémang arep dituku lan isa waé regané luwih murah. Dadi, pengeluarané ora ngluwihi sing wis direncanakké. Nèk ing dhaérahé njenengan isa tuku liwat online, apa njenengan isa nyoba cara kuwi?

  • Nggolèk diskon utawa promo. Wektu arep mbayar kanggo pengeluaran saben sasi, misalé banyu utawa listrik, awaké dhéwé isa nyoba nggolèk diskon supaya isa luwih hémat.

Mikir dhisik sakdurungé tuku barang sing luwih anyar.

Perusahaan HP lan produk èlèktronik liyané mesthi bakal nggawé produk sing luwih anyar bèn isa éntuk untung. Dadi, sakdurungé tuku barang èlèktronik sing anyar, njenengan isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki, ’Apa barang èlèktronikku mémang perlu diganti karo sing luwih anyar? Nèk iya, apa gantiné kudu saiki? Terus, apa kudu tuku modhèl sing paling anyar?’

Ndandani lan nggunakké barang bekas.

Bèn barangé njenengan isa awèt, kudu dirawat lan didandani nèk rusak. Njenengan mungkin ya isa tuku barang bekas sing isih apik.

Nyoba nandur dhéwé.

Ing omah, njenengan isa nyoba nandur dhéwé bahan pangan. Nèk nandur dhéwé, njenengan isa ngurangi pengeluaran, terus hasil panèné isa diedol utawa diwènèhké wong liya.

”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil.”—Wulang Bebasan 21:5.

”Aku karo bojoku kerep ngecèk regané barang-barang sing dadi kebutuhan pokok. Kami ya ngati-ati wektu nggunakké kartu krédit.”—Miles, Inggris.

”Sakdurungé blanja, aku karo keluargaku mesthi nggawé dhisik daftar barang sing arep dituku.”—Jeremy, Amerika Serikat.

”Kami rutin ngecèk pengeluaran kami lan nggawé penyesuaian nèk mémang perlu. Kami ya ngupaya nyisihké dhuwit kanggo pengeluaran sing ora disangka-sangka.”—Yael, Israel.

”Aku karo bojoku ngajari anak-anak kami nèk ana barang sing rusak luwih apik didandani timbang langsung tuku sing anyar, misalé mobil lan perabotan ing omah. Aku karo bojoku ya ngupaya ora tuku barang sing modhèlé paling anyar.”—Jeffrey, Amerika Serikat.

”Aku nandur sayur-sayuran lan ngingu pitik bèn isa ngurangi pengeluaran, terus hasil panèné ya isa tak wènèhké wong liya.”—Hono, Myanmar.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim