PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g25 No. 1 hlm. 4-5
  • Nampa Kenyataan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nampa Kenyataan
  • Gatèkna!—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANFAATÉ APA?
  • AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
  • Ngapa Kok Saiki Rega-Rega Padha Mundhak?
    Topik Liyané
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2025
  • Percaya Nèk Sukmbèn Keadaané Bakal Luwih Apik
    Gatèkna!—2025
  • Nggawé Rencana
    Gatèkna!—2025
Delok Kabèh
Gatèkna!—2025
g25 No. 1 hlm. 4-5

PAS REGA-REGA PADHA MUNDHAK, AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Nampa Kenyataan

Nèk rega-rega padha mundhak, tapi penghasilané awaké dhéwé ya mundhak, mungkin kuwi ora dadi masalah. Ning, nèk rega-rega ujug-ujug mundhaké akèh banget tapi penghasilané awaké dhéwé tetep, kuwi isa marakké strès lan kuwatir. Apa manèh nèk awaké dhéwé kudu nyukupi kebutuhan keluarga.

Wektu rega-rega padha mundhak, awaké dhéwé ora isa ngubah keadaan kuwi. Tapi nèk gelem nampa kenyataan, sakjané ana manfaaté.

MANFAATÉ APA?

Manfaaté nèk gelem nampa kenyataan:

  • Isa tetep tenang. Nèk tetep tenang, dadi ora kesusu nggawé keputusan lan isa nggawé keputusan sing bener.

  • Isa menghindari kebiasaan sing èlèk. Contoné, nunda-nunda mbayar tagihan utawa nggunakké dhuwit kanggo hal-hal sing sakjané ora dibutuhké.

  • Isa luwih akur karo anggota keluarga merga ora padu masalah dhuwit.

  • Isa ngerti kudu piyé. Misalé, ora boros lan mung tuku barang sing bener-bener dibutuhké.

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Gelem nggawé penyesuaian. Wektu rega-rega ujug-ujug mundhak akèh, nèk isa ngupayaa luwih hémat. Ana wong-wong sing gaya hidupé ora sesuai karo kemampuané, dadi uripé malah tambah susah. Kuwi kaya wong sing lagi renang nglawan arus, suwé-suwé bakal kesel lan isa kleleb. Njenengan mesthiné péngin keluargané njenengan uripé isa kepénak lan kebutuhané tercukupi, tapi sakjané sing paling penting kuwi keluargané njenengan butuh wektu, perhatian, lan kasih sayangé njenengan.

”Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?”—Lukas 12:25.

”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”—Matius 6:34.

Nèk gaya hidupé méwah padahal ora sesuai karo kemampuané, kuwi kaya wong sing lagi renang nglawan arus

”Kaya sing disebutké ing Alkitab ing 2 Timotius 3:​1, saiki ’keadaané angèl diadhepi lan berbahaya’. Dadi, aku ora kagèt nèk saiki keadaané tambah susah merga masalah ékonomi lan rega-rega padha mundhak. Aku ya ngupaya ora tuku barang-barang sing ora tak butuhké bèn isa luwih hémat.”—Phazilya, Azerbaijan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim