PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g22 No. 1 hlm. 4-6
  • 1 Kudu Njaga Keséhatan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Kudu Njaga Keséhatan
  • Gatèkna!—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA PENTING
  • Faktané
  • Sing Kudu Diupayakké
  • Saran kanggo sing Lagi Lara
    Topik Liyané
  • Sing Isa Ditindakké Wektu Lagi Strès
    Gatèkna!—2020
  • Urip Kuwi Hadiah sing Berharga saka Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Gatèkna!—2022
g22 No. 1 hlm. 4-6
Panganan sing bergizi.

1 DONYA IKI TAMBAH KACAU

1 | Kudu Njaga Keséhatan

NGAPA PENTING

Nèk ana musibah, awaké dhéwé isa lara.

  • Keadaan sing kacau isa nggawé wong dadi strès. Nèk terus-terusan strès, wong isa gampang lara.

  • Merga keadaané kacau, dadi angèl kanggo éntuk perawatan keséhatan.

  • Bencana alam nggawé wong-wong dadi ora nduwé dhuwit. Meréka dadi ora isa tuku panganan sing bergizi lan obat.

Faktané

  • Nèk lagi lara lan strès tapi ora njaga keséhatan, larané isa tambah parah.

  • Nèk ora berobat, larané ora mari-mari.

  • Nèk séhat, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik meskipun keadaané kacau.

  • Awaké dhéwé isa terus njaga keséhatan meskipun ora nduwé dhuwit.

Sing Kudu Diupayakké

Kudu mikir sik nèk arep nggawé keputusan, termasuk soal keséhatan. Bèn isa tetep séhat lan ora ketularan penyakit, awaké dhéwé kudu resikan.

”Nèk resikan, awaké dhéwé dadi ora gampang lara. Dadi ora perlu ing dokter lan tuku obat.”​—Andreas.a

a Jeneng-jeneng ing majalah iki dudu jeneng asliné.

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ​—Saran

Njenengan isa tetep séhat nèk ngetrapké saran-saran iki

KUDU RESIKAN

Wong lanang sing lagi nyuci tangan nganggo sabun.

Kudu Resikan

Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya.” (Wulang Bebasan 22:3) Kuwi berarti awaké dhéwé kudu njaga keséhatan.

  • Cuci tangan nganggo sabun lan banyu sakdurungé mangan lan sakwisé ing WC.

  • Omah kudu sering diresiki, lan barang-barang sing sering dicekel kudu disanitasi.

  • Nèk isa, aja cedhak-cedhak karo wong sing lagi lara.

MANGAN PANGANAN SING BERGIZI

Panganan sing bergizi.

Mangan Panganan Sing Bergizi

Ayat: ”Ora ana wong sing sengit karo badané dhéwé, ning badané mesthi dijaga lan diopèni.” (Éfésus 5:29) Kuwi berarti kudu njaga keséhatan.

  • Ngombé banyu sing akèh.

  • Mangan macem-macem buah lan sayur.

  • Aja kakèhan mangan sing akèh lemak, uyah, lan gula.

  • Aja ngrokok, kakèhan ngombé alkohol, lan nganggo narkoba.

”Aku karo bojoku mangan panganan sing bergizi. Dadi kami ora gampang lara. Kami ya dadi isa berhémat merga ora perlu ing dokter lan tuku obat.”​—Carlos.

OLAHRAGA LAN ISTIRAHAT SING CUKUP

Wong lanang lagi mlayu.

Olahraga

Ayat: ”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh, merga kuwi kaya ngupaya ngoyak angin.” (Pengkhotbah 4:6) Kuwi berarti aja kerja terus, tapi ya kudu istirahat.

  • Kudu olahraga. Meskipun wis tuwa, cacad, utawa lagi lara parah, nèk olahraga awaké dhéwé isa luwih séhat.

  • Wong wédok lagi turu.

    Istirahat sing Cukup

    Istirahat sing cukup. Nèk kurang turu, awaké dhéwé isa dadi strès lan angèl konsèntrasi. Nèk terus-terusan ngono awaké dhéwé isa lara.

  • Nggawéa jadwal jam pira kudu turu lan tangi. Terus upayakna manut jadwal kuwi saben dina.

  • Nèk wis wayahé turu, aja dolanan HP utawa nonton TV.

  • Aja kakèhan mangan, ngombé alkohol, lan ngombé kaféin sakdurungé turu.

”Nèk kurang turu, aku dadi ngelu lan badanku lara kabèh. Tapi nèk cukup istirahat, aku dadi semangat lan ora gampang lara.”​—Justin.

Gambar saka vidéo ”Piyé Nèk Ana Pandemi?” Wong wédok mbukak lawang terus ana virus mlebu.

KETERANGAN LIYANÉ. Deloken vidéo Piyé Nèk Ana Pandemi? ing jw.org/jv. Terus wacanen artikel ”Cara Agar Lebih Sehat” ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim