PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g24 No. 1 hlm. 7-9
  • Nganggep Urip Berharga

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nganggep Urip Berharga
  • Gatèkna!—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KENAPA KUWI PENTING?
  • SING ISA DIUPAYAKKÉ
  • SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH
  • Berusaha Bèn Sedulur-Sedulur Ora Kena COVID Pas Ngibadah ing Balai
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Apa Bahayané Rokok lan Vape?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Saling Menghargai Kuwi Isih Penting?
    Gatèkna!—2024
  • 2. Apa Kesusahan Kuwi Merga Kesalahané Manungsa?
    Gatèkna!—2020
Gatèkna!—2024
g24 No. 1 hlm. 7-9
Ana cah enom sing lagi nyopir karo ngombé minuman keras. Kanca-kancané sing sak mobil ya padha ngombé minuman keras.

Nganggep Urip Berharga

KENAPA KUWI PENTING?

Nèk melakukan apa waé sing isa nggawé njenengan utawa wong liya cilaka, kuwi berarti njenengan nganggep nèk uripé njenengan lan wong liya ora berharga.

  • Ngrokok ora mung marakké kanker tapi ya nggawé tubuh dadi lemah lan ora isa nglawan penyakit kuwi. Kira-kira 90 persèn sing mati merga kanker paru-paru kuwi wong-wong sing mbiyèn ngrokok utawa menghirup asap rokok.

  • Saben taun, ana akèh kasus penémbakan lan kuwi marakké akèh wong trauma. Ana laporan saka Universitas Stanford ing Amerika Serikat, ”Menurut salah siji penelitian, meskipun wong-wong sing slamet [saka kejadian penémbakan ing sekolah] ora luka-luka, tapi meréka isih ngrasa trauma selama bertaun-taun.”

  • Wong sing ngombé minuman keras utawa nganggo narkoba pas nyopir isa marakké pengemudi liyané cilaka, termasuk wong-wong sing lagi mlaku ing pinggir dalan. Nèk ora nganggep urip berharga, kuwi isa marakké wong liya cilaka.

SING ISA DIUPAYAKKÉ

Njaga keséhatan. Mulai saiki njenengan isa berupaya tenan bèn isa mandheg ngrokok, nge-vape, mabuk-mabukan, utawa mandheg nganggo narkoba. Nèk ora ngupayakké kuwi, berarti njenengan ora nganggep berharga uripé wong liya, keluarga, lan uripé njenengan dhéwé.

”Ayo ngresiki uripé awaké dhéwé saka apa waé sing nggawé badan . . . dadi najis.”—2 Korintus 7:1.

Berusaha bèn awaké dhéwé lan wong liya ora cilaka. Nèk ana barang-barang utawa bagéan omah sing rusak, kudu ndang didandani bèn ora marakké cilaka. Nèk lagi nyopir, ya kudu ati-ati. Terus, kendaraané ya kudu dirawat tenanan bèn tetep aman. Aja gelem nèk dijak wong liya kanggo nglakoni kegiatan sing isa marakké njenengan cilaka utawa mati.

”Nèk kowé mbangun omah anyar, kowé kudu nggawé pager ing atap omah kuwi, bèn kowé lan keluargamu ora dianggep salah nèk ana sing tiba saka atap kuwi.”—Pangandharing Torèt 22:8.a

Apikan karo kabèh wong. Akèh kekerasan lan perang sing kelakon saiki merga wong-wong seneng mbédak-mbédakké lan sengit karo liyané. Dadi, nèk awaké dhéwé apikan karo wong-wong sing latar belakang, suku, utawa bangsané béda, kuwi berarti awaké dhéwé nganggep urip berharga.

”Aja nganti kowé dendam, nesu, ngamuk, nggetak-nggetak, ngrèmèhké, utawa nindakké kabèh sing jahat. Kowé kudu apikan karo wong liya.”—Éfésus 4:​31, 32.

SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Seksi-Seksi Yéhuwah seneng ngandhani wong-wong soal pentingé njaga keséhatan. Wong-wong sing gelem sinau Alkitab lan teka ing pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah isa mandheg saka kebiasaan sing nggawé meréka cilaka.

Nèk ana proyèk konstruksi, Seksi-Seksi Yéhuwah selalu ngutamakké keselamatan kerja. Para rélawan sing mbangun panggonan kanggo pertemuan ibadah lan bangunan liyané duwèké Seksi-Seksi Yéhuwah wis dilatih bèn isa tetep aman wektu kerja. Bangunan duwèké Seksi Yéhuwah ya rutin dipriksa bèn terus sesuai karo aturan pamréntah setempat soal bangunan.

Seksi-Seksi Yéhuwah ngekèki bantuan kemanusiaan. Selama taun 2022, kira-kira ana 200 bencana ing sak donya. Kami wis ngetokké sekitar 190 milyar rupiah kanggo mènèhi bantuan kemanusiaan.

Wektu ana wabah virus Ebola ing Afrika Barat taun 2014 lan ing Republik Demokratik Kongo taun 2018, kami ngekèki arahan bèn wong-wong ora ketularan virus iki. Terus, kami ya ngatur bèn ana sedulur sing nyampèkké ceramah kanggo sedulur-sedulur ing kono. Judhul ceramahé ”Isa Slamet Nèk Manut”. Ing saben Balai Ibadah, kami nyedhiakké panggonan kanggo cuci tangan. Kami ya ngandhani pentingé cuci tangan lan ngandhani cara liyané bèn ora ketularan virus iki.

Ing Sierra Leone, ana siaran radio sing muji upayané Seksi Yéhuwah kanggo mbantu anggotané lan masyarakat bèn ora ketularan virus Ebola.

Seksi-Seksi Yéhuwah lagi cuci tangan sakdurungé mlebu ing Balai Ibadah.

Panggonan cuci tangan ing Balai Ibadah selama ana virus Ebola ing Liberia taun 2014

a Mbiyèn, omahé wong-wong ing Timur Tengah kuwi atapé datar lan biasané ing kono isa dienggo kegiatan saben dina. Makané meréka kudu manut aturan iki bèn keluargané meréka lan wong liya isa tetep aman.

Óscar Serpas.

KETERANGAN LIYANÉ

Óscar Serpas kuwi mantan anggota gèng. Dhèwèké ora nganggep uripé berharga lan ya ora menghargai uripé wong liya. Tapi, apa sing nggawé dhèwèké akhiré berubah? Wacanen artikel sing judhulé ”Saya Menggali Kuburan Saya Sendiri” ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim