PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 2 hlm. 8-9
  • 2. Apa Kesusahan Kuwi Merga Kesalahané Manungsa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2. Apa Kesusahan Kuwi Merga Kesalahané Manungsa?
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kenapa Kudu Ngerti Iki?
  • Kanggo Dipikirké
  • Kandhané Alkitab
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2020
  • 4. Apa Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Susah?
    Gatèkna!—2020
  • 1. Apa Gusti Allah sing Nyebabké Kesusahan?
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 2 hlm. 8-9
Wong lanang sing lagi lungguh karo nyekel rokok lan botol bir.

2. Apa Kesusahan Kuwi Merga Kesalahané Manungsa?

Kenapa Kudu Ngerti Iki?

Nèk jawabané iya, kuwi berarti awaké dhéwé sakjané isa ngurangi kesusahan.

Kanggo Dipikirké

Apa buktiné nèk manungsa kudu tanggung jawab kanggo masalah-masalah iki?

  • Gambar tangan sing lagi nggenggem, dadi lambang kekerasan.

    Kejahatan.

    Organisasi Keséhatan Dunia (WHO) ngomong nèk kira-kira ana 1 saka 4 wong diwasa tau ngalami pelècèhan sèksual wektu isih cilik, lan kira-kira ana 1 saka 3 wong wédok sing tau dianiaya utawa ngalami pelècèhan sèksual (utawa loro-loroné).

  • Gambar batu nisan, dadi lambang kuburan.

    Kematian.

    World Health Statistics 2018 sing diterbitké karo WHO kandha, ”Kira-kira ana 477.000 wong sing dipatèni ing sakdonya ing taun 2016.” Sakliyané kuwi, ana kira-kira 180.000 wong sing mati merga perang lan konflik ing taun kuwi.

  • Gambar hati karo garis EKG, dadi lambang masalah keséhatan.

    Masalah Keséhatan.

    Ing salah siji artikel ing majalah National Geographic, penulis sing jenengé Fran Smith nulis, ”Ana luwih saka sak milyar wong sing ngrokok, lan tembakau kuwi dadi penyebab saka penyakit sing paling kerep nyebabké kematian, contoné penyakit jantung, stroke, lan kanker paru-paru.”

  • Gambar timbangan sing ora imbang, dadi lambang tumindak ora adil.

    Tumindak Ora Adil.

    Salah siji psikolog sing jenengé Jay Watts ngomong, ”Kurang pangan, ngalami tumindak ora adil, dadi korban rasisme, diskriminasi gender, kudu dadi pengungsi, lan ngadhepi budaya persaingan isa dadi penyebab wong-wong strès.”

    SINAUA LUWIH AKÈH

    Deloken vidéo Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi? sing ana ing jw.org.

Kandhané Alkitab

Wong lanang sing padha lagi diopname ing rumah sakit. Istriné nangis wektu dikandhani karo dokter soal keadaan suaminé.

Akèh kesusahan ing donya iki disebabké manungsa.

Akèh kesusahan kuwi biasané disebabké karo pamréntah sing jahat.

”Wong kang siji ngwasani sijiné ndadèkaké cilakané.”​—KOHÈLÈT 8:9.

Kesusahan isa dikurangi.

Pathokané Alkitab isa mbantu njenengan dadi luwih séhat lan nduwé hubungan sing apik karo wong liya.

”Ati kang sarèh iku nyegeraké awak, nanging watak drengki iku ngroposaké balung.”​—WULANG BEBASAN 14:30.

”Singkirna kabèh rasa dendam, rasa nesu, rasa murka, seneng nggetak-nggetak, omongan sing ngrèmèhké, lan kabèh sing ala.”—ÉFÉSUS 4:31.

Apa kesusahan kuwi merga kesalahané manungsa?

Alkitab kandha, ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.” (Galatia 6:7) Ana kesusahan sing disebabké merga tumindaké awaké dhéwé. Kuwi sebabé dokter ngongkon wong-wong kanggo mangan panganan sing bergizi, olahraga, lan ngedohi kebiasaan sing ora séhat, contoné ngrokok. Ning, ora kabèh kesusahan disebabké karo manungsa. Buktiné, akèh wong apik sing tetep ngalami, kecelakaan, bencana alam, lan liyané.

Kenapa wong sing apik ngalami kesusahan?

Deloken pitakonan 3.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim