PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g24 No. 1 hlm. 10-12
  • Menghargai Anggota Keluarga

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menghargai Anggota Keluarga
  • Gatèkna!—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KENAPA KUWI PENTING?
  • SING ISA DIUPAYAKKÉ
  • SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH
  • Bantuan kanggo Njenengan
    Gatèkna!—2020
  • Saran-Saran kanggo Keluarga
    Gatèkna!—2018
  • Naséhat saka Alkitab ing JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Gatèkna!—2024
g24 No. 1 hlm. 10-12
Suami sing kétok jèngkèl wektu bojoné lagi ngomong lan dhèwèké milih kanggo dolanan HP. Anaké sing isih cilik ngamati meréka.

Menghargai Anggota Keluarga

KENAPA KUWI PENTING?

Nèk saben anggota keluarga isa saling menghargai, keadaan ing omah mesthi bakal bahagia lan nyenengké.

  • Menurut buku Disayang Suami Sampai Mati, nèk suami istri saling menghargai, meréka isa luwih gampang nduduhké rasa sayangé ”nganggo sesuatu sing sederhana, ora kudu nganggo sing méwah”.

  • Menurut salah siji penelitian, bocah-bocah sing diajari kanggo menghargai wong liya bakal isa luwih percaya diri, luwih akrab karo wong tuwané, émosiné luwih stabil, lan isa nduwé méntal sing kuwat.

SING ISA DIUPAYAKKÉ

Rembugen bareng-bareng sak keluarga. Pertama, saben anggota keluarga kudu ngerti apa maksudé menghargai. Keloro, tulisen apa waé sing njenengan pénginké saka saben anggota keluarga lan sing kuduné ora dilakoni karo meréka. Ketelu, rembugen bareng-bareng sak keluarga bèn kabèh ngerti carané isa saling menghargai.

”Rencana gagal nèk ora dirembug dhisik, ning kuwi isa berhasil nèk ana akèh sing mènèhi naséhat.”—Wulang Bebasan 15:22.

Dadia conto. Nèk anggota keluarga nggawé salah, apa njenengan kerep ngritik meréka? Pas meréka nyampèkké pendapat, apa njenengan kerep ngrèmèhké pendapaté? Terus pas meréka ngomong, apa njenengan seneng nyela lan ora nggatèkké meréka? Élinga, njenengan kudu dadi conto sik soal menghargai wong liya.

Saran: Njenengan ora perlu ragu-ragu kanggo menghargai bojo utawa anaké njenengan. Dadi, terusa berupaya kanggo menghargai meréka.

”Kowé kudu luwih dhisik ngajèni liyané.”—Roma 12:10.

Meskipun béda pendapat, terusa berupaya kanggo saling menghargai. Wektu béda pendapat, aja nganti ngomong ”Kowé kuwi mesthi . . . ” utawa ”Kowé kok ora tau . . . ” Nèk ngomong kaya ngono, kuwi isa nglarani perasaané anggota keluarga lan masalahé isa dadi tambah gedhé.

”Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh, ning omongan sing kasar nggawé wong dadi nesu.”—Wulang Bebasan 15:1.

Cah wédok lagi ndelok vidéo ing jw.org.

SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu lan nyemangati saben anggota keluarga bèn isa saling menghargai. Misalé, ana bacaan-bacaan lan akèh vidéo gratis sing mbahas pentingé saling menghargai.

KANGGO SUAMI ISTRI: Ing kumpulan artikel Bantuan kanggo Keluarga, ana saran-saran sing isa ditrapké suami lan istri. Misalé, . . .

  • gelem ngrungokké pasangan

  • aja neng-nengan wektu ana masalah

  • carané bèn ora padu terus

(Ketiken ”bantuan kanggo keluarga” ing kothak pencarian jw.org/jv)

KANGGO WONG TUWA: Ing kumpulan artikel Bantuan kanggo Keluarga, ana saran-saran sing isa ditrapké wong tuwa kanggo ndhidhik anak. Misalé, . . .

  • ndhidhik anak bèn luwih manut karo wong tuwa

  • nglatih anak kanggo ngurusi gawéan omah

  • ngajari anak soal ngomong ”tulung” lan ”maturnuwun”

(Ketiken ”ndhidhik anak” lan ”ndhidhik cah enom” ing kothak pencarian jw.org/jv)

Deloken ”Apendiks—Pertanyaan Orang Tua” ing buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 1. (Ketiken ”pertanyaan orang tua” ing kothak pencarian jw.org/id)

KANGGO CAH ENOM: Ing bagéan Cah Enom, ana artikel, vidéo, lan lembar kegiatan sing bermanfaat kanggo cah enom. Misalé, . . .

  • carané bèn ora terus-terusan padu karo wong tuwa utawa kakang adhi

  • carané nyampèkké nèk ora setuju karo aturané wong tuwa

  • carané bèn isa luwih dipercaya karo wong tuwa

(Ketiken ”bantuan kanggo cah enom” ing kothak pencarian jw.org/jv)

Kanggo mbukak situs wèb jw.org, njenengan ora perlu ngekèki data diri, ora perlu mbayar, ora perlu berlangganan, lan ora perlu ndaftar.

Joseph Ehrenbogen.

KETERANGAN LIYANÉ

Mbiyèn Joseph Ehrenbogen kuwi suami sing kasar karo bojoné lan kecanduan narkoba. Tapi sakwisé sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, uripé dadi luwih apik. Wacanen pengalamané ing artikel sing judhulé ”Aku Sinau Ngajèni Urip lan Wong Wédok” ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim