BAGÉAN 12
Piyé Bèn Keluarga Isa Bahagia?
Bèn isa bahagia, kabèh anggota keluarga kudu padha-padha nresnani. Éfésus 5:33
Nurut Gusti Allah, perkawinan kuwi mung kudu antarané wong lanang siji lan wong wédok siji.
Wong lanang sing sayang bojoné ora éntuk kasar lan kudu paham karo perasaané bojoné.
Wong wédok kudu kerja sama karo bojoné.
Bocah-bocah kudu manut wong tuwané.
Kudu apikan lan setya karo bojo. Ora kejem utawa selingkuh. Kolose 3:5, 8-10
Alkitab kandha nèk wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong wédok ya kudu ngajèni bojoné.
Ora éntuk selingkuh lan ora éntuk nduwé bojo luwih saka siji.
Bèn bahagia, keluarga kudu ngetrapké naséhaté Alkitab.