PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ll bagéan 5 hlm. 12-13
  • Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?
  • Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kapalé Nuh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bagéan 5
    Rungokna Gusti Allah
  • Dhèwèké Mlaku Karo Gusti Allah
    Tirunen Imané
  • Wulangan Saka Jaman Mbiyèn
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
Delok Kabèh
Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
ll bagéan 5 hlm. 12-13

BAGÉAN 5

Pas Jamané Nuh, Sapa sing Ngrungokké Gusti Allah?

Pas jamané Nuh, mèh kabèh wong ora ngrungokké Gusti Allah. Purwaning Dumadi 6:5

Malaékat-malaékat sing jahat dadi manungsa bèn isa nikah karo wong-wong wédok

Keturunané Adam lan Hawa saya akèh ing bumi. Ana akèh malaékat sing mèlu-mèlu mbrontak kaya Sétan.

Malaékat-malaékat kuwi teka ing bumi lan dadi manungsa bèn isa nikah karo wong-wong wédok. Terus, wong-wong wédok kuwi nglairké anak lanang sing gedhé, kuwat, lan kejem banget.

Bocah nggebugi ibuké sing lagi nggawa bayi; Kejahatané wong-wong Nèfilim

Bumi kebak wong jahat. Alkitab kandha, ”Kejahatané manungsa akèh banget ing bumi. Pikiran lan atiné manungsa jahat terus.”

Nuh ngrungokké Gusti Allah lan nggawé kapal gedhé. Purwaning Dumadi 6:13, 14, 18, 19, 22

Nuh ngrungokké Gusti Allah

Nuh kuwi wong sing apik. Yéhuwah ngandhani Nuh nèk wong jahat bakal dihukum nganggo banjir gedhé.

Nuh lan keluargané nggawé kapal gedhé

Gusti Allah ngongkon Nuh nggawé kapal sing gedhé bèn keluargané Nuh lan kéwan-kéwan isa mlebu ing kono.

Nuh ngandhani wong-wong nèk bakal ana banjir gedhé, ning malah diécé

Nuh ya ngandhani wong-wong nèk bakal ana Banjir Gedhé, ning wong-wong kuwi ora ngrungokké. Nuh malah diécé lan disengiti.

Nuh lan keluargané nggawa kéwan-kéwan mlebu kapal

Bar kapal kuwi rampung, Nuh nggawa kéwan-kéwan mlebu ing kapal kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim