-
Apa Waé Tugasé Pinituwa?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 15
Apa Waé Tugasé Pinituwa?
Finlandia
Mulang
Angon jemaat
Nginjil
Ing pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah, ora ana pandhita sing dibayar. Kaya jemaat Kristen ing jamané para rasul, para pinituwa dipilih kanggo ”ngengon pasamuwaning Allah”. (Para Rasul 20:28) Para pinituwa kuwi wong-wong lanang sing kuwat imané. Para pinituwa diwènèhi tanggung jawab kanggo angon jemaat, nanging kuwi ditindakaké ora ”marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapéngin olèh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi”. (1 Pétrus 5:1-3) Apa sing ditindakaké pinituwa kanggo jemaat?
Ngopèni lan njaga jemaat. Para pinituwa nuntun lan ngayomi jemaat supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Merga ngerti yèn Gusti Allah sing maringi tugas iku, para pinituwa ora mréntah jemaat, nanging mbantu jemaat supaya bungah lan kuwat imané. (2 Korinta 1:24) Kaya pangon sing tenanan ngopèni saben wedhus gèmbèlé, para pinituwa ngupaya nggatèkaké kahanané saben anggota jemaat.—Wulang Bebasan 27:23.
Mulang carané nindakaké kersané Gusti Allah. Saben minggu, para pinituwa mulang ing pakumpulan ibadah supaya jemaat kuwat imané. (Para Rasul 15:32) Para pinituwa uga sregep nginjil bareng anggota jemaat lan mbantu jemaat supaya trampil nginjil.
Nggatèkaké saben anggota jemaat. Kabèh anggota jemaat perlu dibantu supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Nanging, kahanané saben anggota jemaat béda-béda. Mula, para pinituwa kadhang kala teka ing omahé anggota jemaat utawa nemoni ing Balé Ibadah, supaya bisa mbantu lan mènèhi panglipuran saka Alkitab.—Yakobus 5:14, 15.
Tanggung jawabé para pinituwa ora mung ing jemaat. Akèh pinituwa uga nyambut gawé lan nduwé kulawarga sing kudu digatèkaké. Mula, awaké dhéwé kudu ngajèni para pinituwa sing mempeng nindakaké tugasé kuwi.—1 Tésalonika 5:12, 13.
Apa waé tugasé pinituwa?
Kepriyé carané pinituwa nggatèkaké saben anggota jemaat?
-
-
Apa Waé Gawéané Abdiné Jemaat?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
Bab 16
Apa Waé Gawéané Abdiné Jemaat?
Myanmar
Bagéan ing pakumpulan ibadah
Kelompok nginjil
Ngopèni Balé Ibadah
Miturut Alkitab, sing tanggung jawab ing jemaat iku ana loro yaiku para pinituwa lan para abdiné jemaat. Kabèh kuwi wong lanang Kristen. (Filipi 1:1) Ing saben jemaat, cacahé pinituwa utawa abdiné jemaat bisa siji utawa luwih. Apa waé gawéané abdiné jemaat?
Mbantu para pinituwa. Para abdiné jemaat, enom lan tuwa, dipilih merga cedhak karo Gusti Allah, bisa dipercaya, lan tenanan anggoné ngabdi. Abdiné jemaat nindakaké gawéan sing mbutuhaké tenaga. Gawéan iku penting kanggo jemaat lan kanggo pakumpulan. Mula, para pinituwa bisa nindakaké gawéané dhéwé, yaiku mulang lan angon jemaat, tanpa dirusuhi gawéan liyané.
Nyambut gawé kanggo jemaat. Para abdiné jemaat nduwé gawéan among tamu sing teka ing Balé Ibadah. Liyané ngurusi tata swara, ngedumaké bahan kanggo sinau Alkitab, ngurusi dhuwit sumbangan saka jemaat, lan mbagi dhaérah penginjilan kanggo jemaat. Abdiné jemaat uga mbantu ngopèni Balé Ibadah supaya tetep resik. Para pinituwa bisa njaluk tulung karo para abdiné jemaat supaya nggatèkaké wong-wong sing wis tuwa. Para anggotané jemaat padha ngajèni para abdiné jemaat sing wis lila nindakaké gawéané.—1 Timotéus 3:13.
Menèhi conto sing apik. Para abdiné jemaat dipilih merga nduwé sipat-sipat sing cocog karo Alkitab. Nalika para abdiné jemaat mulang ing pakumpulan ibadah, imané para sedulur bisa luwih kuwat. Merga para abdiné jemaat mènèhi conto nginjil sing apik, kabèh bisa luwih mempeng anggoné nginjil. Lan, merga seneng nyambut gawé bebarengan karo para pinituwa, jemaat dadi ayem lan nyawiji. (Éfesus 4:16) Yèn pathokané Alkitab bab dadi pinituwa wis ditindakaké, mengko abdiné jemaat bisa uga dadi pinituwa.
Para abdiné jemaat kudu nduwé sipat apa waé?
Gawéan apa waé sing ditindakaké abdiné jemaat supaya urusané jemaat dadi lancar?
-
-
Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
Bab 17
Apa Waé Tugasé Pinituwa Wilayah?
Malawi
Kelompok nginjil
Nginjil
Rapat pinituwa
Prajanjian Anyar ing Alkitab kerep nulis bab Barnabas lan rasul Paulus. Wong-wong iku pinituwa sing tugasé niliki jemaat-jemaat. Kuwi ditindakaké merga tenanan nggatèkaké kahanané sedulur-sedulur saiman. Paulus kandha yèn dhèwèké kepéngin ”bali niliki para sadulur” kanggo ndelok kahanané. Dhèwèké gelem lunga atusan kilo adohé kanggo nguwataké para anggota jemaat. (Para Rasul 15:36) Ing jaman saiki, ana uga pinituwa sing tugasé niliki jemaat-jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah.
Nguwataké para anggota jemaat. Saben pinituwa wilayah nekani kira-kira 20 jemaat. Tekané ing saben jemaat setaun ping pindho, lan saben teka suwéné seminggu. Anggota jemaat bisa éntuk paédah saka pengalaman para pinituwa iki lan uga bojoné, yèn wis nduwé bojo. Wong-wong iki ngupaya nggatèkaké saben anggota jemaat, sing tuwa karo sing enom, lan seneng ngancani nginjil sarta mulang Alkitab. Sing uga ditindakaké yaiku angon jemaat bareng para pinituwa jemaat. Kejaba kuwi, pinituwa wilayah mènèhi ceramah ing pakumpulan ibadah lan kebaktian kanggo nguwataké anggota jemaat.—Para Rasul 15:35.
Nggatèkaké kabèh wong ing jemaat. Para pinituwa wilayah kepéngin mbantu jemaat-jemaat supaya tetep cedhak karo Gusti Allah. Wong-wong kuwi nganakaké rapat karo para pinituwa lan abdiné jemaat, kanggo mriksa apa waé sing wis ditindakaké lan ngandhani carané nindakaké tanggung jawab ing jemaat. Uga mbantu para perintis supaya éntuk asil sing apik ing gawéan nginjil. Wektu niliki jemaat, mesthi kepéngin kenalan karo anggota jemaat sing anyar, lan seneng yèn wong anyar kuwi lagi ngupaya cedhak karo Gusti Allah. Para pinituwa wilayah seneng dadi ’réwang nyambut-gawé’ kanggo anggota jemaat. (2 Korinta 8:23) Imané lan tumindaké ing sajroné ngabdi marang Gusti Allah pancèn patut ditiru.—Ibrani 13:7.
Kanggo apa para pinituwa wilayah niliki jemaat-jemaat?
Panjenengan éntuk paédah apa wektu pinituwa wilayah niliki jemaat?
-
-
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Sedulur Liyané sing Kena Musibah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 18
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Mbantu Sedulur Liyané sing Kena Musibah?
Republik Dominika
Jepang
Haiti
Pas ana musibah, Seksi-Seksi Yéhuwah langsung ngatur lan mbantu para sedulur liyané sing lagi kena alangan. Kuwi dadi bukti yèn Seksi-Seksi Yéhuwah padha tresna siji lan sijiné. (Yokanan 13:34, 35; 1 Yokanan 3:17, 18) Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu?
Nyumbang dhuwit. Pas ana kurang pangan ing Yudéa, wong Kristen ing Antiokhia nyumbang dhuwit kanggo mbantu para sedulur saiman. (Para Rasul 11:27-30) Semono uga, yèn ngerti ana sedulur ing negara liya kena musibah, Seksi-Seksi Yéhuwah cepet-cepet ngumpulaké sumbangan liwat jemaat kanggo mbantu.—2 Korinta 8:13-15.
Nyumbang saliyané dhuwit. Para pinituwa ing dhaérah sing kena musibah nggolèki para anggota jemaat supaya ngerti padha slamet apa ora. Ana panitya sing tugasé ngedumaké jatah kanggo mangan lan ngombé. Panitya iku uga mènèhi sandhangan, obat, lan papan kanggo ngungsi. Ana uga Seksi Yéhuwah sing trampil, sing lila lunga menyang dhaérah sing kena musibah. Gunané kanggo ngeteraké sumbangan, lan mbantu ndandani omah utawa Balé Ibadah sing rusak. Pakumpulan iki bisa cepet mbantu para sedulur, merga wis akèh pengalamané lan padha guyub rukun. Senajan Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu ”luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya”, nanging uga gelem mbantu wong liya sing béda agamané.—Galati 6:10.
Mènèhi panglipur saka Alkitab lan nggedhèkaké ati. Sing paling dibutuhaké wong sing kena musibah yaiku panglipuran. Yéhuwah, ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur” bisa maringi kekuatan kanggo umaté. (2 Korinta 1:3, 4) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng crita bab janjiné Alkitab marang wong-wong sing nglokro. Uga mbantu wong-wong kuwi ngerti yèn Kratoné Gusti Allah bakal nyingkiraké kabèh musibah sing nggawé susah lan sangsara.—Wahyu 21:4.
Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah bisa cepet mbantu para sedulur sing kena musibah?
Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah mènèhi panglipuran saka Alkitab kanggo wong sing kena musibah?
-
-
Abdi sing Setya lan Pinter Iku Sapa, ta?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 19
Abdi sing Setya lan Pinter Iku Sapa, ta?
Kabèh éntuk paédah saka pangertèn bab Gusti Allah
Sadurungé séda, Yésus omong-omongan karo murid-muridé, yaiku Pétrus, Yakobus, Yokanan, lan Andréas. Wektu nerangaké tandhané Yésus rawuh ing dina-dina wekasan, Yésus takon, ”Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah déning bandarané nglurahi para kalèrèhané, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokaké?” (Matéus 24:3, 45; Markus 13:3, 4) Sing dikarepaké Yésus iku dudu panganan tenanan, nanging pangertèn bab Gusti Allah sing diupamakaké kaya panganan. Yésus iku bendara sing nggatèkaké murid-muridé. Mula, Yésus janji bakal netepaké wong-wong kanggo ngurus lan mènèhi pangertèn bab Gusti Allah kanggo para muridé ing dina wekasan. Sapa abdi sing ditetepaké iku?
Para muridé Yésus sing ditetepaké roh suci. Sing disebut ”abdi kang setya lan pinter” kuwi, yaiku Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Abdi iki mènèhi pangertèn bab Gusti Allah kanggo umaté Yéhuwah ing wektu sing pas. Para jemaat ngandelaké abdi sing setya lan pinter iki supaya bisa éntuk ’pangan ing wayah kang wis katamtokaké’.—Lukas 12:42.
Sing ngurus kulawargané Gusti Allah. (1 Timotéus 3:15) Yesus masrahaké tanggung jawab marang abdi iki kanggo ngurus pakumpulané Yéhuwah ing bumi, ing antarané ngurus bandhané pakumpulan, ngatur panginjilan, lan mulang jemaat. ”Abdi kang setya lan pinter” mènèhi pangertèn bab Gusti Allah srana bahan kanggo sinau sing digunakaké ing panginjilan, lan uga bahan ing pakumpulan ibadah sarta kebaktian. Kuwi ditindakaké kanggo nyukupi kabutuhané jemaat ing wektu sing pas.
Abdi iki setya marang wulangan sing bener saka Alkitab lan tugasé kanggo martakaké kabar apik. Abdi iki uga pinter ngurusi kabèh perkara ing bumi sing dipasrahaké déning Yésus. (Para Rasul 10:42) Yéhuwah mberkahi apa sing ditindakaké abdi iki. Berkahé yaiku cacahé umat lan pangertèn bab Gusti Allah dadi saya akèh.—Yésaya 60:22; 65:13.
Sapa sing ditetepaké Yésus kanggo mènèhi pangertèn bab Gusti Allah marang murid-muridé?
Apa sebabé abdi iki disebut setya lan pinter?
-
-
Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 20
Apa sing Ditindakaké Pengurus Pusat ing Jaman Saiki?
Pengurus pusat ing jamané para rasul
Macakaké surat saka pengurus pusat
Ing jamané para rasul, ana sabagéan ”para rasul lan para pinituwa” ing Yerusalem sing dadi pengurus pusat. Yèn ana perkara penting sing perlu diputusi, pengurus pusat iku sing nggawé putusan kanggo jemaat-jemaat. Wektu kuwi, kabèh anggotané jemaat yakuwi wong-wong sing ditetepake roh suci kanggo dadi raja ing swarga. (Para Rasul 15:2) Sadurungé netepaké putusan sing penting, pengurus pusat iku ngrembug saka Alkitab lan ndonga njaluk tuntunan saka roh suci. (Para Rasul 15:25) Semono uga, Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing jaman saiki niru conto kuwi.
Nindakaké gawéan sing cocog karo kersané Gusti Allah. Sing dadi anggotané Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing jaman saiki uga wong Kristen sing ditetepaké roh suci kanggo dadi raja ing swarga. Wong-wong kuwi tenanan anggoné manut karo Alkitab, lan wis nduwé pengalaman nandangi akèh gawéan. Saben minggu, Pengurus Pusat ngrembug apa sing dadi kabutuhané jemaat sadonya. Kaya ing jamané para rasul, tuntunan saka Alkitab dikirim ing jemaat nganggo surat utawa liwat pinituwané wilayah, uga srana cara liyané. Dadi, sing ditindakaké umaté Gusti Allah bisa padha kabèh sadonya. (Para Rasul 16:4, 5) Pengurus Pusat mènèhi conto lan mbantu para sedulur supaya sregep martakaké kabar apik. Pengurus Pusat uga ngawasi pas nggawé bahan kanggo sinau Alkitab, lan pas netepaké para pinituwa utawa abdiné jemaat.
Nindakaké gawéan sing dituntun roh suci. Pengurus Pusat njaluk tuntunané Yéhuwah, Sing Nguwasani Langit lan Bumi, lan Yesus, Sesirahé jemaat. (1 Korinta 11:3; Éfesus 5:23) Para anggotané ora tau rumangsa dadi pemimpiné umaté Gusti Allah. Pengurus Pusat lan kabèh sing ditetepaké kanggo dadi raja ing swarga ”ndhèrèkaké Sang Cempé ing satindak-tindaké”. (Wahyu 14:4) Pengurus Pusat seneng yèn didongakaké para anggota jemaat liyané.
Sapa waé anggota pengurus pusat ing jamané para rasul?
Kepriyé anggoné Pengurus Pusat ing jaman saiki njaluk tuntunan saka Gusti Allah?
-
-
Bètel Iku Apa?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 21
Bètel Iku Apa?
Bagéan Seni, Amerika Serikat
Jerman
Kenya
Kolombia
Tembung ”Bètel” iku saka basa Ibrani, tegesé ”padalemané Gusti Allah”. (Purwaning Dumadi 28:17, 19) Jeneng iku cocog kanggo gedhung-gedhung sing dibangun Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya kanggo ngatur lan mbantu gawéan nginjil. Pengurus Pusat nyambut gawé ing kantor pusat ing Negara Bagéan New York, AS, lan ngawasi kantor-kantor cabang ing akèh negara. Wong-wong sing kerja ing panggonan-panggonan iku disebut kulawarga Bètel. Kaya déné kulawarga sing rukun, wong-wong iku bareng-bareng anggoné manggon, kerja, mangan, lan sinau Alkitab.—Jabur 133:1.
Panggonan kusus sing anggotané padha ngabdi. Wong lanang lan wadon sing nyambut gawé ing Bètel nggunakaké uripé mung kanggo nindakaké kersané Yéhuwah. (Matéus 6:33) Ora ana sing nampa bayaran. Nanging, ana panggonan, panganan, lan jatah sangu saanané sing diwènèhaké kanggo mbantu nyukupi kabutuhané. Saben wong ing Bètel nduwé tugas dhéwé-dhéwé. Ana sing nyambut gawé ing kantor, ing pawon, utawa ing panggonan kanggo mangan. Ana uga sing ngréwangi nyétak utawa njilid buku, resik-resik, umbah-umbah, dandan-dandan, lan liya-liyané.
Panggonan kanggo mbantu gawéan nginjil. Sing paling penting, Bètel dibangun kanggo nyedhiyakaké wulangan sing bener saka Alkitab kanggo wong akèh. Contoné buku iki. Sawisé ditulis merga saka tuntunané Pengurus Pusat, buku iki dikirim liwat komputer menyang atusan tim alih basa sadonya, dicétak nganggo mesin-mesin sing ana ing Bètel, terus dikirim menyang luwih saka 110.000 jemaat. Kabèh kuwi ditindakaké kanggo mbantu gawéan sing paling penting, yaiku martakaké kabar apik.—Markus 13:10.
Sapa sing nyambut gawé ing Bètel, lan wong-wong iku diwènèhi apa waé?
Sing ditindakaké ing Bètel iku kanggo mbantu gawéan penting apa?
-
-
Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 22
Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?
Kepulauan Solomon
Kanada
Afrika Selatan
Ana wong-wong sing nyambut gawé ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah utawa Bètel. Wong-wong kuwi ngurusi panginjilan ing sanegara utawa luwih. Ana sing dadi tim alih basa, nyétak majalah, njilid buku, ngedum bahan kanggo sinau Alkitab, nggawé rekaman swara/vidhéo, lan ngurusi gawéan liyané.
Ngawasi gawéan nginjil ing wilayahé. Pengurus Pusat mènèhi tanggung jawab Panitya Cabang kanggo ngatur kantor cabang. Anggotané Panitya Cabang iki pinituwa sing mumpuni. Cacahé telu utawa luwih. Panitya Cabang iki mènèhi lapuran marang Pengurus Pusat bab apa sing wis ditindakaké ing wilayah kuwi. Uga nglapuraké masalah sing mbokmenawa bakal diadhepi. Lapuran iki mbantu Pengurus Pusat kanggo mutusi bab sing arep dirembug ing bahan kanggo sinau Alkitab sabanjuré, ing pakumpulan ibadah, lan ing kebaktian. Ana wakilé Pengurus Pusat sing ajeg dikongkon marani kantor-kantor cabang. Gunané kanggo mènèhi tuntunan marang Panitya Cabang supaya bisa nindakaké gawéané. (Wulang Bebasan 11:14) Wakilé Pengurus Pusat iki mènèhi ceramah Alkitab ing acara kusus, kanggo nguwataké imané Seksi-Seksi Yéhuwah ing wilayahé cabang kuwi.
Mbantu jemaat-jemaat ing wilayah iku. Yèn ana jemaat anyar sing arep madeg, Panitya Cabang sing mutusi bisa orané. Saliyané iku, Panitya Cabang mènèhi tuntunan kanggo para perintis, utusan injil, lan pinituwané wilayah ing dhaérah iku. Uga ngatur kebaktian, ngatur Balé Ibadah sing arep dibangun, lan ngatur supaya bahan kanggo sinau Alkitab didum manut karo kabutuhané jemaat. Merga diatur kantor cabang, gawéan nginjil bisa ditindakaké patut lan tumata.—1 Korinta 14:33, 40.
Kepriyé carané Panitya Cabang mbantu Pengurus Pusat?
Ana gawéan apa waé ing kantor cabang?
-
-
Kepriyé Wacané Seksi-Seksi Yéhuwah Digawé lan Diterjemahaké?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 23
Kepriyé Wacané Seksi-Seksi Yéhuwah Digawé lan Diterjemahaké?
Departemèn Penulisan, Amerika Serikat
Korea Selatan
Armenia
Burundi
Sri Lanka
Kanggo martakaké kabar apik marang ”sadhéngah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan”, Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé wacan nganggo luwih saka 750 basa. (Wahyu 14:6) Kepriyé tugas sing angèl kuwi bisa ditindakaké? Ana Seksi-Seksi Yéhuwah ing akèh negara sing tugasé nulis wacan lan ana kira-kira 3.300 sing tugasé nerjemahaké.
Wacan asliné digawé ing basa Inggris. Pengurus Pusat ngawasi gawéané Departemèn Penulisan ing kantor pusat. Bagéan iki ngatur tugasé sing nulis wacan ing kantor pusat lan kantor-kantor cabang sing ditemtokaké. Merga anggotané bagéan kuwi asalé saka akèh bangsa, sing dirembug ing wacané Seksi-Seksi Yéhuwah warna-warna. Mula, wong-wong saka bangsa ngendi waé padha seneng maca.
Wacan sing asli dikirim marang sing nerjemahaké. Sawisé dipriksa lan disetujoni, wacan asliné dikirim liwat komputer marang tim-tim alih basa sadonya. Tim-tim mau nerjemahaké tulisan asliné banjur mriksa kanthi tliti apa wis bener isiné lan tata basané. Pas nerjemahaké, tim-tim mau milih ”tetembungan bab kabeneran kalawan jujur” supaya wacan sing diterjemahaké tegesé padha karo wacan asliné.—Kohèlèt 12:10.
Nganggo komputer supaya gawéané cepet rampung. Komputer ora bisa nggantèni tugasé wong-wong sing nulis karo sing nerjemahaké. Nanging, gawéan iku bisa luwih cepet rampung yèn ana kamus, program komputer, lan bahan kanggo sinau sing tliti ing komputer. Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé program sing jenengé Sistem Penerbitan Elektronik Multibahasa (ing basa Inggris cekakané MEPS). Program iki nggabungaké tulisan ing atusan basa lan gambar sing wis digawé, banjur ditata sing apik supaya bisa dicétak.
Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah gelem ngupaya nggawé wacan nganggo basa warna-warna, senajan ana basa sing mung digunakaké wong sithik? Merga Yéhuwah ngersakaké supaya ”wong kabèh padha kapitulungan rahayu lan padha olèh pangawruhing kayektèn”.—1 Timotéus 2:3, 4.
Kepriyé wacané Seksi-Seksi Yéhuwah digawé?
Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nerjemahaké wacan nganggo basa warna-warna?
-
-
Kepriyé Carané Gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya Diragadi?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 24
Kepriyé Carané Gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya Diragadi?
Nepal
Togo
Inggris
Saben taun, pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah nyétak lan ngedum atusan yuta Alkitab lan bahan kanggo sinau Alkitab. Kabèh kuwi ora mbayar. Seksi-Seksi Yéhuwah uga mbangun lan ngrumat akèh Balé Ibadah lan kantor cabangé. Pakumpulan ngragadi Seksi Yéhuwah sing nyambut gawé ing Bètel lan utusan injil, sing cacahé éwon. Wektu ana musibah, pakumpulan uga mèlu nyumbang. Mbokmenawa panjenengan takon, ”Kepriyé carané gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya diragadi?”
Ora nganggo dhuwit prasepuluhan, pasokan, utawa kolèkte. Seksi-Seksi Yéhuwah ora tau njaluk dhuwit marang wong-wong senajan ragad kanggo martakaké kabar apik sadonya iku gedhé. Luwih saka satus taun kepungkur, cétakan majalah Warta Penting sing kapindho kandha yèn Seksi-Seksi Yéhuwah percaya karo Yéhuwah sing bisa mbantu, lan ”ora bakal ngemis utawa njaluk-njaluk marang manungsa kanggo mbantu”. Ya pancèn ora tau njaluk.—Matéus 10:8.
Diragadi nganggo sumbangan saka lilaning ati. Merga ngajèni gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah anggoné mulang Alkitab, wong-wong gelem mènèhi sumbangan. Para Seksi Yéhuwah dhéwé seneng nyumbang wektu, tenaga, dhuwit, lan srana liyané, kanggo nindakaké kersané Yéhuwah ing saindenging donya. (1 Babad 29:9) Wong sing kepéngin mènèhi sumbangan bisa nyemplungaké dhuwité ing kothak sumbangan. Kothak sumbangan kuwi ana ing Balé Ibadah lan ing kebaktian. Sumbangan kuwi akèh-akèhé saka wong sing ora akèh dhuwité. Wong-wong kuwi kaya randha mlarat sing dialem Yésus, merga nyemplungaké dhuwit rècèh loro sing cilik banget ajiné ing kothak sumbangan sing ana ing Padaleman Suci. (Lukas 21:1-4) Dadi, sapa waé bisa ajeg nyisihaké dhuwité kanggo nyumbang saka ”rilaning atiné”.—1 Korinta 16:2; 2 Korinta 9:7.
Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yéhuwah bakal maringi krenteg wong-wong supaya gelem nyumbang. Kuwi tegesé wong-wong mau ’ngluhuraké Yéhuwah kalawan bandhané’, supaya bisa nindakaké kersané Yéhuwah kanggo martakaké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah.—Wulang Bebasan 3:9.
Apa bédané Seksi-Seksi Yéhuwah karo agama liyané?
Sumbangan saka lilaning ati dienggo apa waé?
-
-
Apa Sebabé Balé Ibadah Dibangun lan Kepriyé Carané?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 25
Apa Sebabé Balé Ibadah Dibangun lan Kepriyé Carané?
Bolivia
Nigeria, sakdurungé lan sakwisé dibangun
Tahiti
Balé Ibadah iku panggonan kanggo ngrembug Alkitab, utamané bab Kratoné Gusti Allah. Iku uga bab sing diwartakaké Yésus.—Lukas 8:1.
Panggonan kanggo ibadah sing sejati. Seksi-Seksi Yéhuwah ngatur panginjilan saka panggonan iku. (Matéus 24:14) Gedhéné lan rancangané saben Balé Ibadah béda-béda, nanging kabèh bentuké biasa waé. Akèh Balé Ibadah dienggo luwih saka sajemaat. Nganti saiki, wis ana éwon Balé Ibadah sing dibangun (kira-kira limang Balé saben dina) kanggo nyukupi cacahé jemaat sing tambah akèh. Kepriyé iku bisa ditindakaké?—Matéus 19:26.
Dibangun saka dhuwit sumbangan. Sumbangané diklumpukaké ing kantor cabang supaya bisa digunakaké déning jemaat sing arep mbangun utawa ndandani Balé Ibadah.
Dibangun déning sedulur-sedulur sing ngréwangi tanpa bayaran. Ing akèh negara, ana Kelompok sing Mbangun Balé Ibadah. Sing klebu ing kelompok iki yaiku abdi sing kusus mbangun Balé Ibadah lan wong-wong sing gelem ngréwangi. Kelompok iki lunga menyang panggonan ngendi waé kanggo mbangun Balé Ibadah, klebu dhaérah plosok. Ing negara-negara liya, ana Seksi Yéhuwah sing ditetepaké kanggo ngawasi Balé Ibadah sing lagi dibangun lan didandani ing sawijiné wilayah. Senajan ana kelompok sing kusus mbangun Balé Ibadah, sing ngréwangi akèh-akèhé ya anggota jemaat sing lagi mbangun Balé Ibadah. Iku bisa kelakon merga berkahé Yéhuwah lan upaya sing tenanan saka umaté Yéhuwah.—Jabur 127:1; Kolosé 3:23.
Balé Ibadah iku panggonan kanggo apa?
Kepriyé Balé Ibadah bisa dibangun ing akèh panggonan sadonya?
-
-
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Ngrumat Balé Ibadahé?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 26
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Ngrumat Balé Ibadahé?
Estonia
Zimbabwe
Mongolia
Puerto Riko
Saben Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah makili asmané Gusti Allah sing suci. Seksi-Seksi Yéhuwah njaga Balé Ibadahé tetep resik, pantes, lan kerumat. Iku kaurmatan sing gedhé banget lan bagéan saka ibadah kang suci. Mula, kabèh bisa mèlu ngrumat Balé Ibadah.
Mèlu resik-resik sawisé pakumpulan ibadah rampung. Sawisé pakumpulan ibadah rampung, para Seksi Yéhuwah seneng ngresiki lan nata Balé Ibadahé. Ana pinituwa utawa abdiné jemaat sing ngatur gawéan, sing kudu ditindakaké manut apa sing wis diatur lan ditemtokaké. Ana sing lila nyapu, ngepèl, nata kursi, ngresiki WC, ngelapi kaca lan pengilon, ngguwang sampah, utawa ngresiki latar. Kabèh manut karo kabutuhané. Setaun sepisan, ana dina kusus kanggo resik-resik sakabèhé. Bisa ngajak bocah-bocah mèlu ngréwangi. Iku carané mulang bocah-bocah mau ngajèni Balé Ibadahé.—Kohèlèt 4:17.
Mèlu ndandani sing rusak. Saben taun, bagéan njaba lan njeroné Balé Ibadah perlu dipriksa. Yèn ana sing rusak, cepet didandani supaya mengkoné ora ngetokaké ragad sing ora perlu. (2 Babad 24:13; 34:10) Balé Ibadah sing resik lan kerumat dadi panggonan sing pantes kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Mèlu ngresiki lan ndandani Balé Ibadah mbuktèkaké yèn Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi nresnani Yéhuwah lan ngajèni Balé Ibadahé. (Jabur 122:1) Kuwi uga mbantu wong-wong liya mèlu ngajèni Balé Ibadah lan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.—2 Korinta 6:3.
Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah kudu ngrumat Balé Ibadahé?
Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah ngresiki Balé Ibadahé?
-
-
Ana Apa Waé ing Perpustakaané Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 27
Ana Apa Waé ing Perpustakaané Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Israel
Republik Cheska
Benin
Kepulauan Cayman
Apa panjenengan kepéngin éntuk katrangan sing luwih akèh bab Alkitab? Apa panjenengan kepéngin ngerti bab ayat, wong, panggonan, utawa bekakas sing ana ing Alkitab? Apa panjenengan uga kepéngin ngerti carané Alkitab mbantu panjenengan ngrampungi masalah? Yèn jawabané iya, panjenengan bisa nggunakaké perpustakaan ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.
Ana bahan kanggo sinau Alkitab. Mbokmenawa panjenengan ora nduwé kabèh bahan kanggo sinau Alkitab saka Seksi-Seksi Yéhuwah, sing nganggo basa panjenengan. Ing perpustakaané Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah, bahan kanggo sinau Alkitab sing paling anyar ana pirang-pirang. Contoné, ana Alkitab saka terjemahan warna-warna, kamus, lan katrangan tambahan liyané. Panjenengan bisa nggunakaké perpustakaan iku sadurungé utawa sawisé pakumpulan ibadah. Yèn ing kono ana komputer, mbokmenawa wis ana Watchtower Library-né. Ing Watchtower Library iku ana bahan-bahan kanggo sinau Alkitab, lan ana bagéan sing gunané kanggo nggolèki katrangan bab apa waé, klebu bab tembung utawa ayat.
Ana bahan kanggo mbantu para siswané pakumpulan Urip lan Nginjil. Yèn pas éntuk tugas, panjenengan bisa nggunakaké perpustakaan ing Balé Ibadah. Sing ngurusi perpustakaan iku pinituwa sing ngawasi pakumpulan Urip lan Nginjil. Pinituwa iku mriksa apa kabèh buku wis ditata, lan apa buku-buku sing anyar wis ana. Pinituwa kuwi utawa guru Alkitab panjenengan bisa nduduhaké carané nemokaké katrangan sing panjenengan butuhaké. Nanging, buku-buku iku ora éntuk digawa mulih. Buku-buku kuwi kudu dijaga supaya tetep tumata lan aja nganti diorèk-orèk.
Alkitab kandha yèn kepéngin éntuk ”kawruh bab Gusti Allah”, panjenengan kudu nggolèk kawruh iku ”kaya mburu raja brana kapendhem”. (Wulang Bebasan 2:1-5) Perpustakaan ing Balé Ibadah bisa mbantu panjenengan nemokaké katrangan bab iku.
Ana bahan kanggo sinau Alkitab apa waé ing perpustakaané Balé Ibadah?
Sapa sing bisa mbantu panjenengan nggunakaké kabèh sing ana ing perpustakaan iku?
-
-
Ana Apa Waé ing Situsé Seksi-Seksi Yéhuwah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 28
Ana Apa Waé ing Situs Wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Prancis
Polandia
Rusia
Yésus Kristus kandha marang para muridé, ”Padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak tandukmu kang becik, temah padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing swarga.” (Matéus 5:16) Merga alesan iku, Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakaké piranti sing luwih maju, yaiku Internèt. Situsé Seksi-Seksi Yéhuwah dijenengi jw.org. Iku dadi sumberé katrangan sing asli bab kapracayan lan gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana apa waé ing situs wèb resminé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Ana jawabané Alkitab kanggo pitakonan sing kerep ditakokaké wong. Panjenengan bisa éntuk jawaban saka pitakonan sing kerep ditakokaké. Contoné, selebaran Apa kasusahan bakal ana entèké? lan Apa wong mati bener-bener bisa urip manèh? bisa diwaca ing Internèt ing luwih saka 600 basa. Panjenengan uga bisa maca Alkitab Terjemahan Dunia Baru sing dicétak nganggo luwih saka 130 basa. Panjenengan bisa maca lan ngrungokaké buku lan majalah kanggo sinau Alkitab ing Internèt, utawa diundhuh nganggo bentuk sing umum digunakaké kaya MP3, PDF, utawa EPUB. Buku lan majalah iku contoné, buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? lan cétakan anyar Warta Penting lan Sadarlah! Yèn ana wong liya sing kepéngin maca nganggo basané dhéwé, panjenengan bisa nyétak banjur diwènèhaké wong mau. Ana bahan sinau Alkitab kanggo wong bisu, sing direkam nganggo vidhéo. Panjenengan uga bisa ngundhuh crita Alkitab sing diwaca kaya sandiwara, sandiwara Alkitab, lan musik sing kepénak dirungokaké.
Ana katrangan satenané bab Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana warta sing paling anyar lan vidhéo cendhak bab Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya. Contoné, bab apa waé sing lagi ditindakaké lan bab upayané kanggo mbantu sedulur sing lagi kena musibah. Panjenengan bisa éntuk katrangan bab kebaktian sing bakal ana, lan bab alamat kantor-kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah.
Nganggo situs iki, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa martakaké kabar apik ing mèh kabèh panggonan ing bumi. Wong-wong sing manggon ing kabèh benua, klebu benua Antartika, uga bisa ngrasakaké gunané. Seksi-Seksi Yéhuwah ndonga supaya ”pangandikané Gusti saya maju” ing salumahing bumi, kanggo ngluhuraké Yéhuwah.—2 Tésalonika 3:1.
Kepriyé carané jw.org mbantu wong akèh supaya bisa ngerti sing bener bab Alkitab?
Panjenengan kepéngin ngerti apa waé saka Situs Wèbé Seksi-Seksi Yéhuwah?
-