PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • yc pelajaran 11 hlm. 24-25
  • Wong-Wong sing Nulis Buku Bab Uripé Yésus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wong-Wong sing Nulis Buku Bab Uripé Yésus
  • Wulangen Anakmu
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné
    Tirunen Imané
  • ”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian
    Tirunen Imané
  • Yésus Kristus Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Delok Kabèh
Wulangen Anakmu
yc pelajaran 11 hlm. 24-25
Wong-wong lanang sing nulis bab Yésus: Matéus, Markus, Lukas, Yokanan, Pétrus, Yakobus, Yudas, lan Paulus

BAB 11

Wong-Wong sing Nulis Buku Bab Uripé Yésus

Kowé ngerti ora sapa waé sing ana nèng gambar iki?— Wong-wong kuwi jenengé Matéus, Markus, Lukas, Yokanan, Pétrus, Yakobus, Yudas, karo Paulus. Wong-wong kuwi urip sakjaman karo Yésus lan nulis buku-buku nèng Alkitab sing nyritakké uripé Yésus. Ayo gatèkna critané wong-wong kuwi.

Apa sing isa mbok sinaoni saka wong-wong kuwi?

Sapa waé sing tau nginjil bareng karo Yésus?— Matéus, Yokanan karo Pétrus. Matéus karo Yokanan akrab banget karo Yésus lan nulis buku sing nyritakké uripé Yésus. Yokanan ya nulis buku 1 Yokanan, 2 Yokanan, lan 3 Yokanan karo buku Wahyu. Pétrus kuwi sing nulis 1 Pétrus karo 2 Pétrus. Pétrus wis tau krungu Yéhuwah ngendika karo Yésus saka swarga: ’Iki anakku, Aku sayang lan seneng karo Yésus’.

Nèng gambar kuwi ya ana sing jenengé Markus. Markus kuwi mungkin ndelok Yésus ditangkap. Sing siji menèh jenengé Lukas. Lukas kuwi dokter. Dhèwèké dadi wong Kristen pas Yésus wis mati.

Nèng gambar ana adhik-adhiké Yésus. Jenengé Sapa?— Yakobus karo Yudas. Mbiyèn, wong loro kuwi tau ora percaya karo Yésus, terus tau ngendika nèk Yésus kuwi rada édan. Ning akhiré Yakobus karo Yudas dadi muridé Yésus.

Muridé liyané jenengé Paulus, dhèwèké mbiyèn jenengé Saulus. Saulus jahat banget karo wong-wong Kristen. Piyé critané kok Paulus isa dadi wong Kristen?— Pas Paulus mlaku-mlaku, krungu swarané Yésus saka swarga sing ngendika, ’Ngapa kowé kok jahat karo murid-muridku?’ Bar kuwi, Paulus akhiré dadi wong Kristen. Dhèwèké sing nulis 14 buku yaiku buku Rum tekan Ibrani.

Saben dina awaké dhéwé mesthi maca Alkitab, ta?— Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa luwih ngerti critané Yésus. Kowé péngin ngerti luwih akèh critané Yésus ora?—

WACANEN ALKITABMU

  • 2 Pétrus 1:16-18

  • Markus 3:21; 14:51

  • Yudas 1

  • Para Rasul 9:1-18

PITAKONAN:

  • Sapa waé sing nulis buku bab uripé Yésus?

  • Adhiké Yésus sing nulis Alkitab jenengé sapa?

  • Piyé critané kok Paulus isa dadi wong Kristen?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim