PELAJARAN 102
Yohanes Éntuk Wahyu
Pas lagi dipenjara ing Pulau Patmos, Yésus mènèhi Yohanes 16 wahyu soal masa depan. Beberapa wahyu kuwi nduduhké piyé jenengé Yéhuwah disucèkké, Kerajaané Gusti Allah teka, lan kepénginané Yéhuwah kelakon ing bumi lan swarga.
Ing salah siji wahyuné, Yohanes ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané sing ana ing swarga. Takhta kuwi dikelilingi karo 24 pinituwa sing nganggo klambi putih lan mahkota emas. Ana kilat lan swara bledhèg sing metu saka takhta kuwi. Para pinituwa kuwi sujud lan nyembah Yéhuwah. Ing wahyu liyané, Yohanes ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing asalé saka kabèh bangsa, suku, lan basa sing nyembah Yéhuwah. Anak Domba, yaiku Yésus, ngopèni lan nuntun wong-wong kuwi ing mata air kehidupan. Ing wahyu liyané, Yésus mulai mréntah dadi raja ing swarga bareng karo 24 pinituwa. Bar kuwi, Yohanes ndelok Yésus perang nglawan naga, yaiku Sétan, lan para malaékaté. Yésus nguncalké Sétan lan para malaékaté saka swarga ing bumi.
Terus, Yohanes ndelok Anak Domba lan 144.000 wong ing Gunung Zion. Yohanes ya ndelok ana malaékat sing mabur ngubengi bumi kanggo ngandhani manungsa bèn manut lan nyembah Yéhuwah.
Bar kuwi, ana wahyu soal perang Armagédon. Wektu kuwi, Yésus lan pasukané nyingkirké pamréntahané Sétan. Ing wahyu sing terakhir, Yohanes ndelok nèk keadaané swarga lan bumi dadi damai. Sétan lan para pengikuté wis dipatèni. Kabèh sing ana ing swarga lan bumi mung nyembah Yéhuwah lan nganggep jenengé Yéhuwah kuwi suci.
”Aku bakal nggawé kowé lan wong wédok kuwi mungsuhan, Aku ya bakal nggawé keturunanmu lan keturunané wong wédok kuwi mungsuhan. Dhèwèké bakal ngremuk endhasmu, lan kowé bakal ngremuk tungkaké.”—Purwaning Dumadi 3:15