PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 24 hlm. 62-hlm. 63 par. 2
  • Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Semak sing Kobong
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Terusa ”Nyawang” Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 24 hlm. 62-hlm. 63 par. 2
Bangsa Israèl nyanyi lan nari ngubengi patung anak sapi emas

PELAJARAN 24

Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné

Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Temoni Aku ing gunung. Aku bakal nulis hukumku ing lèmpèngan watu lan tak wènèhké kowé.’ Musa munggah gunung. Musa ing kono nganti 40 dina lan 40 wengi. Ing kono, Yéhuwah nulis Sepuluh Préntah ing rong lèmpèngan watu. Terus, lèmpèngan watu kuwi diwènèhké Musa.

Musa mbanting lèmpèngan watu ing tanah

Bangsa Israèl mikir nèk Musa ora bakal bali manèh. Bangsa Israèl ngomong karo Harun, ’Gawèkna allah kanggo mimpin aku.’ Harun ngomong, ’Kéné, emasmu wènèhna aku.’ Terus, Harun nggawé patung anak sapi saka emas-emas kuwi. Bangsa Israèl ngomong, ’Anak sapi iki Gusti Allah sing mbébaské awaké dhéwé saka Mesir.’ Bangsa Israèl mulai nyembah patung anak sapi emas lan nggawé perayaan. Apa kuwi salah? Ya. Bangsa Israèl wis janji mung nyembah Yéhuwah. Tapi, saiki bangsa Israèl ora nepati janjiné.

Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Mudhuna. Bangsa Israèl wis ora manut karo Aku. Bangsa kuwi nyembah patung.’ Musa mudhun saka gunung karo nggawa rong lèmpèngan watu.

Pas wis mèh tekan, Musa krungu bangsa Israèl lagi nyanyi. Terus, Musa ndelok bangsa Israèl lagi njogèd lan sujud ing ngarepé patung anak sapi. Musa nesu banget. Musa mbanting lèmpèngan watuné ing tanah. Akibaté, lèmpèngané hancur. Terus, Musa takon karo Harun, ’Ngapa kok kowé manut wong-wong kuwi?’ Harun ngomong, ’Aja nesu. Kowé kan ngerti bangsa Israèl kuwi kaya apa. Bangsa Israèl péngin nduwé allah. Dadi, aku nggawé patung saka emas-emasé wong-wong kuwi.’ Harun kuduné ora nindakké kuwi. Terus, Musa munggah manèh ing gunung. Musa njaluk bèn Yéhuwah ngapura bangsa Israèl.

Yéhuwah ngapura wong-wong sing gelem manut. Dadi, bangsa Israèl kuduné manut karo arahané Musa. Kuwi penting banget.

”Nèk kowé janji marang Gusti Allah, kudu cepet ditepati, merga Dhèwèké ora seneng karo wong bodho sing ora nepati janji. Mula nèk kowé janji, kudu ditepati.”​—Pengkhotbah 5:4

Pertanyaan: Wektu Musa lagi ing gunung, apa sing ditindakké bangsa Israèl? Apa sing ditindakké Musa sakwisé mudhun saka gunung?

Pangentasan 24:12-18; 32:1-30

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim