PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 27 hlm. 68-hlm. 69 par. 2
  • Ana sing Mbrontak

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ana sing Mbrontak
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 27 hlm. 68-hlm. 69 par. 2
Korah lan pengikuté padu karo Musa lan Harun

PELAJARAN 27

Ana sing Mbrontak

Wektu bangsa Israèl ana ing padhang belantara, Korah, Datan, Abiram, lan 250 wong mulai mbrontak nglawan Musa. Wong-wong kuwi ngomong, ’Wis cukup! Ngapa kok kudu kowé sing dadi pemimpin lan Harun sing dadi imam agung? Yéhuwah kan mberkahi awaké dhéwé kabèh ta, ora mung kowé lan Harun.’ Yéhuwah ora seneng. Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi mbrontak nglawan Dhèwèké.

Musa ngomong karo Korah lan pengikuté, ’Sésuk tekaa ing tabernakel. Gawanen wadhah sing isiné dupa. Yéhuwah bakal nduduhké sapa sing Dhèwèké pilih.’

Sésuké, Korah lan 250 pengikuté marani Musa ing tabernakel. Wong-wong kuwi ngobong dupa kaya sing ditindakké para imam. Yéhuwah ngomong karo Musa lan Harun, ’Kowé kudu nyingkir saka Korah lan pengikuté.’

Korah wis nemoni Musa ing tabernakel. Tapi, Datan, Abiram, lan keluargané ora gelem mèlu ing tabernakel. Yéhuwah ngongkon wong Israèl nyingkir saka kémahé Korah, Datan, lan Abiram. Wong Israèl cepet-cepet nyingkir saka kono. Datan, Abiram, lan keluargané ngadeg ing ngarep kémahé. Bar kuwi, tanahé mbelah. Terus, wong-wong kuwi padha tiba mlebu ing njero tanah. Ing tabernakel, ana geni sing mudhun saka swarga. Korah lan 250 pengikuté mati kena geni kuwi.

Datan, Abiram, lan keluargané mlebu ing njero tanah sing mbelah

Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Jupuken tongkaté saben pemimpin suku. Terus, tulisen jenengé wong-wong kuwi ing tongkaté. Tapi, ing tongkaté suku Lèwi, tulisen jenengé Harun. Bar kuwi, lebokna tongkat-tongkaté ing njero tabernakel. Wong sing tongkaté metu kembangé, wong kuwi sing Tak pilih.’

Sésuké, Musa ngetokké tongkat-tongkat kuwi, terus diduduhké karo para pemimpin suku. Tongkaté Harun metu kembangé lan ana buah almond sing mateng. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah milih Harun dadi imam agung.

”Kowé kudu manut lan tundhuk karo wong-wong sing mimpin kowé.”​—Ibrani 13:17

Pertanyaan: Kenapa Korah lan pengikuté mbrontak nglawan Musa? Apa buktiné nèk Harun sing dipilih Yéhuwah kanggo dadi imam agung?

Wilangan 16:1–17:13; 26:9-11; Mazmur 106:16-18

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim