PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 33 hlm. 82-hlm. 83 par. 2
  • Rut lan Naomi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Rut lan Naomi
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’
    Tirunen Imané
  • ”Wong Wadon kang Becik”
    Tirunen Imané
  • Intiné Buku Rut
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Nduduhké Katresnan sing Langgeng karo Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 33 hlm. 82-hlm. 83 par. 2
Naomi ngongkon Rut mulih

PELAJARAN 33

Rut lan Naomi

Naomi, bojoné, lan anaké loro pindhah ing Moab pas ana kelaparan ing Israèl. Bar kuwi, bojoné Naomi mati. Anak-anaké Naomi nikah karo wong Moab sing jenengé Rut lan Orpa. Tapi, anak-anaké Naomi ya akhiré mati.

Wektu ngerti nèk ing Israèl wis ora ana kelaparan, Naomi mutuské kanggo bali ing Israèl. Rut lan Orpa ya mèlu. Tapi pas perjalanan, Naomi ngomong karo wong loro kuwi, ʼKowé kabèh wis dadi bojo sing apik kanggo anak-anakku. Kowé ya wis dadi mantu sing apik. Aku péngin kowé isa nikah manèh. Muliha waé ing Moab.’ Wong loro kuwi njawab, ’Aku sayang karo Ibu. Aku ora gelem ninggalké Ibu.’ Naomi tetep ngongkon wong loro kuwi mulih. Akhiré, Orpa mulih, tapi Rut ora. Naomi ngomong karo Rut, ’Orpa wis mulih ing bangsa lan allahé. Kowé ya muliha waé.’ Tapi, Rut ngomong, ’Aku ora bakal ninggalké Ibu. Bangsané Ibuk bakal dadi bangsaku. Gusti Allahé Ibuk ya bakal dadi Gusti Allahku, Bu.’ Nurutmu, piyé perasaané Naomi pas Rut ngomong ngono?

Rut lan Naomi tekan ing Israèl pas panèn barli dimulai. Rut njupuki sisa panènan ing ladhangé Boaz. Boaz kuwi anaké Rahab. Boaz krungu nèk Rut kuwi wong Moab sing setya karo Naomi. Mula, Boaz ngongkon pegawéné nyisakké luwih akèh panènan bèn isa dijupuk Rut.

Rut njupuki sisa panènan ing ladhangé Boaz

Benginé, Naomi takon karo Rut, ’Dina iki kowé kerja ing ladhangé sapa?’ Rut njawab, ’Ing ladhangé Boaz, Bu.’ Naomi ngomong, ’Boaz kuwi isih seduluré bojoku. Kowé kerja ing kono waé ya bareng karo wong wédok liyané. Kowé bakal aman ing kono.’

Naomi, Boaz, Rut, lan Obèd

Rut kerja ing ladhangé Boaz nganti panèné rampung. Boaz ngamati nèk Rut kuwi wong wédok sing rajin lan apikan. Ing jaman kuwi, nèk ana wong lanang sing mati lan ora nduwé anak lanang, seduluré wong lanang mau bakal nikah karo bojoné wong lanang sing mati kuwi. Dadi, Boaz nikah karo Rut. Anaké Boaz lan Rut jenengé Obèd. Obèd bakal dadi mbahé Raja Daud. Kanca-kancané Naomi seneng banget, terus ngomong, ’Mauné, Yéhuwah mènèhi kowé Rut sing apikan banget karo kowé. Saiki kowé ya nduwé putu. Muga Yéhuwah terus dipuji.’

”Ana kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung.”​—Wulang Bebasan 18:24

Pertanyaan: Apa buktiné Rut sayang karo Naomi? Piyé carané Yéhuwah ngopèni Rut lan Naomi?

Rut 1:1–4:22; Matius 1:5

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim