PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 39 hlm. 96
  • Raja Israèl sing Pertama

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Raja Israèl sing Pertama
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Tetep Setya Senajan Ngrasakké Gela
    Tirunen Imané
  • Intiné Buku 1 Samuèl
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Yésus Milih Saul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Daud lan Saul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 39 hlm. 96
Raja Saul nyekel pucuk jubahé Samuèl nganti suwèk

PELAJARAN 39

Raja Israèl sing Pertama

Yéhuwah wis mènèhi hakim kanggo mimpin bangsa Israèl. Tapi, bangsa kuwi péngin nduwé raja. Bangsa Israèl ngomong karo Samuèl, ’Kabèh bangsa nduwé raja. Aku ya péngin nduwé raja.’ Samuèl ngrasa nèk kuwi salah. Mula, Samuèl ndonga. Yéhuwah njawab, ’Dudu kowé sing ditolak bangsa kuwi. Aku sing ditolak. Ngomonga nèk bangsa kuwi éntuk nduwé raja. Tapi, raja kuwi éntuk njaluk apa waé saka wong-wong mau.’ Bangsa kuwi njawab, ’Ora masalah. Sing penting, wènèhana aku raja.’

Yéhuwah ngandhani Samuèl nèk wong lanang sing jenengé Saul bakal dadi raja Israèl sing pertama. Wektu ketemu Saul ing kutha Rama, Samuèl nuangké minyak ing sirahé Saul. Kuwi tandha nèk Saul sing dipilih dadi raja.

Terus, Samuèl ngongkon bangsa Israèl ngumpul merga péngin nduduhké raja sing anyar. Tapi, Saul ora ana. Kowé ngerti ora Saul ing ngendi? Saul ndhelik ing antarané barang-barang. Akhiré, Saul ketemu. Terus, Saul dikon ngadeg ing tengah-tengahé bangsa kuwi. Saul kuwi sing paling dhuwur ing antarané wong-wong mau. Dhèwèké ya nggantheng banget. Samuèl ngomong, ’Iki pilihané Yéhuwah.’ Wektu ndelok Saul, wong-wong kuwi seneng banget.

Mauné, Raja Saul manut Yéhuwah lan Samuèl. Tapi, bar kuwi dhèwèké ora manut manèh. Contoné, Saul sakjané ora éntuk mènèhké korban. Dhèwèké ya wis dikon ngentèni nganti Samuèl teka. Tapi, Samuèl ora teka-teka. Akhiré, Saul mènèhké korban kuwi dhéwé. Piyé tanggepané Samuèl? Samuèl ngomong karo Saul, ’Kuduné kowé manut Yéhuwah.’ Apa Saul bakal berubah?

Wektu perang nglawan bangsa Amalèk, Saul dikandhani Samuèl nèk kabèh wong Amalèk kudu dipatèni. Tapi, Saul ora matèni Raja Agag. Yéhuwah ngomong karo Samuèl, ’Saul wis ora manut karo aku.’ Samuèl sedhih banget. Dhèwèké ngomong karo Saul, ’Merga kowé ora manut, Yéhuwah bakal milih raja liya kanggo nggantèni kowé.’ Pas Samuèl arep lunga, Saul nyekeli pucuk jubahé Samuèl nganti suwèk. Samuèl ngomong karo Saul, ’Kaya jubah sing suwèk iki, Yéhuwah bakal njupuk kerajaan iki saka kowé.’ Yéhuwah bakal mènèhké kerajaan kuwi kanggo wong sing manut lan sayang karo Yéhuwah.

”Manut kuwi luwih apik timbang mènèhké korban.”​—1 Samuèl 15:22

Pertanyaan: Bangsa Israèl njaluk apa? Kenapa Yéhuwah ora gelem Saul dadi raja manèh?

1 Samuèl 8:1-22; 9:1, 2, 15-17; 10:8, 20-24; 13:1-14; 15:1-35

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim