PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 55 hlm. 132
  • Malaékaté Yéhuwah Nglindhungi Hizkia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Malaékaté Yéhuwah Nglindhungi Hizkia
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Imané Hizkia Diberkahi
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 55 hlm. 132
Malaékat nyerang perkémahané pasukan Asiria

PELAJARAN 55

Malaékaté Yéhuwah Nglindhungi Hizkia

Kerajaan Asiria wis ngalahké kerajaan Israèl sepuluh suku. Saiki raja Asiria sing jenengé Sanhèrib ya péngin ngrebut kerajaan Yéhuda rong suku. Dhèwèké mulai ngrebut kutha-kutha ing Yéhuda. Tapi, kutha sing paling dipéngini Sanhèrib kuwi Yérusalèm. Sanhèrib ora ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Yérusalèm.

Raja Yéhuda sing jenengé Hizkia mènèhi Sanhèrib akèh dhuwit bèn ora nyerang Yérusalèm. Sanhèrib nampa dhuwit saka Hizkia, tapi tetep ngongkon pasukané nyerang Yérusalèm. Akibaté, wong-wong ing kutha kuwi dadi wedi. Tapi, Hizkia ngomong, ’Aja wedi. Bangsa Asiria pancèn kuwat. Tapi, Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé luwih kuwat ketimbang wong-wong kuwi.’

Sanhèrib ngongkon Rabsyaké lunga ing Yérusalèm kanggo ngécé wong-wong ing kana. Rabsyaké ngadeg ing njaba kutha. Terus, dhèwèké mbengok, ’Yéhuwah ora isa nulungi kowé. Aja gelem diapusi Hizkia. Ora ana allah sing isa nglindhungi kowé saka aku.’

Hizkia takon karo Yéhuwah apa sing kudu ditindakké. Yéhuwah njawab, ’Aja wedi merga omongané Rabsyaké. Sanhèrib ora bakal ngrebut Yérusalèm.’ Bar kuwi, Hizkia nampa surat saka Sanhèrib. Surat kuwi isiné, ’Nyeraha waé. Yéhuwah ora isa nylametké kowé.’ Terus, Hizkia ndonga, ’Yéhuwah, tulung slametké aku kabèh bèn wong-wong ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener.’ Yéhuwah njawab, ’Raja Asiria ora bakal mlebu Yérusalèm. Aku bakal nglindhungi Yérusalèm.’

Sanhèrib percaya nèk dhèwèké mesthi isa ngalahké Yérusalèm. Tapi benginé, Yéhuwah ngongkon malaékat siji kanggo teka ing perkémahané pasukan Asiria sing ana ing njaba kutha Yérusalèm. Malaékat kuwi matèni 185.000 prajurit! Akibaté, Raja Sanhèrib ora nduwé prajurit manèh, lan akhiré dhèwèké mulih. Yéhuwah nepati janjiné. Yéhuwah nglindhungi Hizkia lan Yérusalèm. Nèk kowé ana ing Yérusalèm pas kuwi, apa kowé bakal percaya karo Yéhuwah?

”Malaékaté Yéhuwah njaga wong sing wedi marang Gusti Allah, lan Dhèwèké nylametké wong-wong kuwi.”​—Mazmur 34:7

Pertanyaan: Piyé carané Yéhuwah nglindhungi Yérusalèm? Nurutmu, apa Yéhuwah ya bakal nglindhungi kowé?

2 Para Raja 17:1-6; 18:13-37; 19:1-37; 2 Babad 32:1-23

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim