PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 62 hlm. 148-hlm. 149 par. 1
  • Mimpi soal Wit Gedhé

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mimpi soal Wit Gedhé
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 62 hlm. 148-hlm. 149 par. 1
Wit sing ana ing mimpiné Nébukhadnézar ditegor

PELAJARAN 62

Mimpi soal Wit Gedhé

Nébukhadnézar tau éntuk mimpi buruk. Dhèwèké ngundang wong pinter kanggo njelaské arti mimpiné. Tapi, ora ana sing isa njelaské mimpi kuwi. Akhiré, raja ngundang Danièl.

Nébukhadnézar ngomong karo Danièl, ’Aku mimpi ndelok wit sing dhuwur banget nganti tekan langit. Wit kuwi isa didelok saka ngendi waé. Buahé akèh banget. Godhong-godhongé ya seger. Akèh kéwan sing ngéyub ing ngisoré, lan manuk-manuk nggawé sarang ing cabang-cabangé. Bar kuwi, ana malaékat sing mudhun saka swarga. Dhèwèké ngomong, ”Tegoren wit kuwi. Kethoken cabang-cabangé. Tapi, ejarna bonggol lan akaré, terus talènana nganggo wesi lan tembaga. Atiné wit kuwi bakal berubah saka atiné manungsa dadi atiné kéwan, lan ejarna kuwi nganti pitung mangsa. Kabèh wong bakal ngerti nèk Gusti Allah kuwi nduwé kuwasa lan isa milih sapa waé kanggo dadi raja.”’

Yéhuwah ngandhani Danièl artiné mimpi kuwi. Tapi, Danièl malah dadi wedi. Danièl ngomong, ’Muga-muga mimpi iki nggambarké apa sing bakal kelakon karo mungsuhé njenengan. Tapi, ternyata wit gedhé sing ditegor kuwi nggambarké njenengan. Njenengan bakal kélangan kerajaan lan bakal mangan rumput ing ladhang kaya kéwan. Tapi, merga ana malaékat sing ngomong nèk bonggol lan akaré kudu diejarké, kuwi artiné njenengan bakal dadi raja manèh.’

Setaun bar kuwi, Nébukhadnézar mlaku-mlaku ing atap istanané. Dhèwèké kagum banget karo kutha Babilon. Dhèwèké ngomong, ’Kutha sing tak bangun iki luar biasa tenan. Aku iki pancèn hébat banget ya.’ Bar kuwi, ana swara saka swarga, ’Nébukhadnézar! Kowé bakal kélangan jabatanmu dadi raja.’

Nébukhadnézar langsung dadi édan lan dadi kaya kéwan. Bar kuwi, dhèwèké diusir saka istanané lan manggon ing ladhang bareng karo kéwan-kéwan liyané. Rambuté Nébukhadnézar dadi kaya wuluné manuk elang, lan kukuné kaya cakar manuk.

Sakwisé pitung taun, Nébukhadnézar wis ora édan manèh. Dhèwèké akhiré dadi raja Babilon manèh. Nébukhadnézar ngomong, ’Aku muji Yéhuwah, Raja sing nguwasani swarga. Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah kuwi nduwé kuwasa sing gedhé. Yéhuwah isa nggawé isin wong sing sombong lan isa milih sapa waé kanggo dadi raja.’

”Wong sing sombong bakal kena bencana, lan wong sing angkuh bakal hancur.”​—Wulang Bebasan 16:18

Pertanyaan: Apa arti mimpiné Nébukhadnézar? Nébukhadnézar akhiré ngakoni apa soal Yéhuwah?

Danièl 4:1-37

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim