PELAJARAN 75
Sétan Nggodha Yésus
Bar dibaptis, Yésus dituntun roh suci lunga ing padhang belantara. Yésus ora mangan apa-apa nganti 40 dina. Mula, mesthi Yésus ngrasa ngelih. Bar kuwi, Sétan teka kanggo nggodha Yésus. Dhèwèké ngomong, ’Nèk kowé bener-bener Anaké Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.’ Yésus njawab, ’Kitab Suci ngomong nèk awaké dhéwé ora mung butuh panganan bèn isa urip. Awaké dhéwé ya kudu manut Yéhuwah.’
Bar kuwi, Sétan ngomong karo Yésus, ’Nèk kowé bener-bener Anaké Gusti Allah, anjloga saka témbok sing paling dhuwur ing bait. Ana ayat sing ngomong nèk Gusti Allah bakal ngongkon para malaékaté nulungi kowé.’ Tapi, Yésus njawab, ’Kitab Suci ngomong nèk awaké dhéwé ora éntuk nguji Yéhuwah.’
Terus, Sétan nduduhké kabèh pamréntahané manungsa ing donya lan kemuliaané. Sétan ngomong, ’Kabèh pamréntahan lan kemuliaané iki bakal tak wènèhké kowé. Tapi, kowé kudu nyembah aku sepisan waé.’ Yésus njawab, ’Lungaa, Sétan! Kitab Suci ngomong nèk mung Yéhuwah sing kudu disembah.’
Sétan akhiré lunga. Terus, para malaékat teka lan mènèhi Yésus panganan. Bar kuwi, Yésus martakké kabar apik soal Kerajaané Allah. Kuwi tugasé Yésus ing bumi. Wong-wong seneng karo ajarané Yésus lan ngetutké Yésus ing ngendi waé.
”Nèk [Sétan] ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi.”—Yohanes 8:44