PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • Yèhèzkièl mlaku ing kali, terus ana wong lanang sing mengkilap kaya tembaga ndeloki dhèwèké saka pinggir kali.

      BAB 19

      ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”

      YÈHÈZKIÈL 47:9

      INTINÉ: Wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali sing mili saka bait kelakon ing jamané Yèhèzkièl, ing jamané awaké dhéwé, lan ing masa depan

      1, 2. Kaya sing dicritakké ing Yèhèzkièl 47:1-12, apa waé sing didelok Yèhèzkièl? (Deloken gambar ing awal bab.)

      PAS éntuk wahyu soal bait, Yèhèzkièl ndelok ana kali sing banyuné mili saka bait. Bayangna Yèhèzkièl dijak malaékat mlaku-mlaku turut kali sing banyuné bening banget. (Wacanen Yèhèzkièl 47:1-12.) Kali kuwi banyuné mili saka ngisor lawang bait, lan bar kuwi metu liwat gerbang sing madhep ngétan. Terus, malaékat kuwi nggawa tali kanggo ngukur kaliné lan bola-bali ngongkon Yèhèzkièl mlaku ing kali kuwi. Ternyata kaliné saya suwé saya jero lan deres banget, nganti Yèhèzkièl kudu renang bèn isa ngliwati kali kuwi.

      2 Yèhèzkièl ndelok kali mau mili tekan Laut Mati, sing banyuné sakjané asin banget lan ora ana sing isa urip ing kono. Ning, wektu banyuné kali mau tekan Laut Mati, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Terus, ing pinggir kali kuwi, ana wit-witan akèh banget. Wit-witané ana macem-macem. Saben sasi, wit-witan kuwi ngetokké buah lan godhongé ya isa dienggo obat. Bar ndelok kuwi kabèh, Yèhèzkièl mesthi dadi ayem lan nduwé harapan. Saiki, awaké dhéwé arep mbahas piyé wahyu kuwi kelakon ing jamané Yèhèzkièl lan ing jamané awaké dhéwé.

      Piyé Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl soal Kali Kelakon ing Jamané Yèhèzkièl?

      3. Kenapa wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl mesthiné ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu kali tenanan?

      3 Wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl mesthi wis ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu kali tenanan. Mungkin wong-wong kuwi dadi kèlingan karo ramalané Nabi Yoèl sing ditulis luwih saka 200 taun sakdurungé. (Wacanen Yoèl 3:18.) Wektu maca ramalané Yoèl, wong-wong Yahudi ora mungkin mikir nèk bakal ana gunung tenanan sing ”nètèské anggur anyar” utawa bukit tenanan sing ana ’susuné akèh banget’. Yoèl ya nyebutké nèk bakal ana mata air sing ”ngalir saka omahé Yéhuwah”. Mesthiné kuwi ya dudu mata air tenanan. Mula, wong-wong Yahudi mesthiné ngerti nèk kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya dudu kali tenanan.a Nèk ngono, wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi maksudé apa? Ayo dirembug bareng-bareng. Saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi, ana telu sing isa dipelajari, lan kuwi isa nguwatké awaké dhéwé.

      Kali.

      KOTHAK INFORMASI 19A: Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yehuwah

      4. (a) Berkah apa waé sing isa ditampa wong-wong Yahudi? (b) Saka ayat-ayat sing nyebutké soal ”kali” lan ”banyu”, apa sing isa dipelajari soal carané Yéhuwah mberkahi umaté? Terangna. (Deloken kothak ”Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yéhuwah”.)

      4 Kali sing nggawa berkah. Ing Alkitab, kali lan banyu kerep dienggo nggambarké berkah saka Yéhuwah. Kali sing didelok Yèhèzkièl mau mili saka bait. Dadi, kuwi mesthi nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah sing isa ditampa umaté nèk terus nindakké ibadah sing murni. Berkahé apa waé? Wong-wong kuwi isa diwulang manèh karo para imam. Dosa-dosané wong-wong kuwi ya isa diapura merga persembahané ing bait ditampa manèh karo Yéhuwah. (Yèh. 44:15, 23; 45:17) Dadi, wong-wong kuwi kaya dikumbah nganti resik nganggo banyu saka bait.

      5. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk berkah-berkah saka Yéhuwah kuwi cukup kanggo umaté kabèh?

      5 Apa berkah-berkahé Yéhuwah mesthi cukup kanggo umaté kabèh? Ya. Kali sing mili saka bait kuwi saben rong kilomèter dadi saya jero lan saya deres. (Yèh. 47:3-5) Kuwi nggambarké berkah-berkahé Yéhuwah sing akèh banget. Dadi, berkah-berkahé Yéhuwah mesthi cukup kanggo wong-wong Yahudi sing bar dibébaské saka penawanan, sing jumlahé saya suwé dadi saya akèh.

      6. (a) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin soal apa? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

      6 Banyu sing marahi urip. Kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngalir tekan Laut Mati. Hasilé, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Iwaké ana akèh banget lan jenisé ya akèh kaya sing ana ing Laut Besar, utawa sing disebut Laut Tengah. Saking akèhé, ing pesisir Laut Mati kuwi nganti ana bisnis perikanan sing gedhé banget. Malaékat sing ngejak Yèhèzkièl mau kandha, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Tapi, apa kuwi berarti sak Laut Mati kena banyu saka kali kuwi kabèh? Ora. Malaékat kuwi njelaské nèk ana beberapa dhaérah berlumpur sing ora kena banyu saka kali kuwi lan ”bakal tetep asin”.b (Yèh. 47:8-11) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin nèk wong-wong sing nindakké ibadah sing murni uripé bakal nyenengké merga diberkahi Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ora kabèh wong gelem nindakké ibadah sing murni. Dadi, wong-wong kuwi akhiré ora diberkahi Yéhuwah.

      7. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi artiné apa kanggo wong-wong Israèl jamané Yèhèzkièl?

      7 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Pemandangan ing pinggir kali kuwi mesthi apik banget merga akèh wit-witané. Yèhèzkièl lan wong-wong Yahudi liyané mesthi seneng nèk mbayangké ana wit-witan sing kaya ngono, sing ngetokké buah-buahan saben sasi. Tapi, wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya ana artiné. Kuwi nggambarké nèk Yéhuwah bakal mulang umaté. Terus, Yèhèzkièl nulis nèk godhongé isa ”dadi obat”. (Yèh. 47:12) Yéhuwah ngerti nèk wong-wong sing bar dibébaské saka penawanan kuwi butuh ”obat”, maksudé butuh dibantu bèn isa ngibadah manèh marang Yéhuwah. Mula, Yéhuwah janji bakal mènèhi ”obat”, utawa mbantu wong-wong kuwi, kaya sing dijelaské ing ramalan-ramalan liya sing dibahas ing Bab 9 buku iki.

      8. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki ora mung kelakon pas jamané Yèhèzkièl thok?

      8 Kaya sing wis dibahas ing Bab 9, wong-wong sing dibébaské saka penawanan kuwi pancèn wis ngrasakké janji-janjiné Yéhuwah kelakon. Tapi, bèn isa terus ngrasakké berkahé Yéhuwah, wong-wong kuwi kudu tetep manut lan setya karo Yéhuwah. Nah masalahé, wong-wong Yahudi bola-bali ora manut lan ora setya manèh karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah wis ora gelem mberkahi wong-wong kuwi manèh. Wong-wong Yahudi sing setya mesthi sedhih lan kecéwa ndelok kelakuané wong-wong sing ora manut kuwi. Tapi, umaté Yéhuwah sing setya isa yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon. (Wacanen Yosua 23:14.) Kuwi berarti wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki ya bakal kelakon manèh ora mung pas jamané Yèhèzkièl thok. Tapi kapan?

      Piyé Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl soal Kali Kelakon ing Jamané Awaké Dhéwé?

      9. Wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya bakal kelakon manèh kapan?

      9 Kaya sing wis dibahas ing Bab 14 buku iki, wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya bakal kelakon ”ing dina-dina terakhir”. Wektu kuwi, ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh lan diluhurké. (Yés. 2:2) Dadi, piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali sing mili saka baité Yéhuwah kuwi kelakon ing jamané awaké dhéwé?

      10, 11. (a) Banyu sing mili saka baité Yéhuwah kuwi nggambarké berkah apa waé? (b) Apa buktiné nèk berkah-berkahé Yéhuwah saya suwé saya akèh pas akhir jaman?

      10 Kali sing nggawa berkah. Banyu sing mili saka baité Yéhuwah kuwi nggambarké berkah apa waé? Kuwi nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah sing isa mbantu awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah lan kuwat imané. Berkah sing paling gedhé yaiku korban tebusané Yésus. Merga ana korban tebusan, dosa-dosané awaké dhéwé isa diapura lan awaké dhéwé isa dadi resik. Sakliyané kuwi, kabèh sing dipelajari awaké dhéwé saka Alkitab ya isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip lan nggawé resik. (Éf. 5:25-27) Apa buktiné nèk berkah-berkahé Yéhuwah saya suwé saya akèh pas akhir jaman?

      11 Taun 1919, umaté Yéhuwah jumlahé mung pirang èwu thok. Wong-wong kuwi isa sinau Alkitab lan éntuk keterangan-keterangan sing nguwatké iman. Saya suwé umaté Yéhuwah jumlahé saya akèh, nganti saiki jumlahé wis luwih saka wolung yuta. Apa Yéhuwah ya isa nyedhiakké keterangan-keterangan saka Alkitab sing cukup kanggo wong semono akèhé? Ya, isa. Satus taun iki, organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké Alkitab, buku, majalah, lan selebaran sing jumlahé milyaran. Kaya kali sing didelok Yèhèzkièl sing banyuné saya suwé saya deres, keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah saya suwé ya saya akèh. Dadi, kabèh sing péngin kenal Gusti Allah isa sinau lan cedhak karo Dhèwèké. Sing disedhiakké ora mung wacan-wacan sing dicétak, ning sing vèrsi digital saiki ya wis ana ing situs wèb jw.org lan basané wis luwih saka 1.000. Terus, manfaaté apa kanggo wong-wong sing tulus atiné?

      12. (a) Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah kuwi manfaaté apa waé? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

      12 Banyu sing marahi urip. Yèhèzkièl dikandhani, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah bermanfaat kanggo wong-wong ing firdaus rohani. Wong-wong kuwi uripé dadi luwih nyenengké lan isa cedhak karo Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ana wong-wong sing ora gelem ngetrapké sing wis dipelajari saka Alkitab lan akhiré ora setya karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya dhaérah rawa lan berlumpur ing Laut Mati sing didelok Yèhèzkièl.c Muga-muga awaké dhéwé aja nganti dadi kaya ngono.​—Wacanen Pangandharing Torèt 10:16-18.

      13. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi manfaaté apa kanggo awaké dhéwé?

      13 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngetokké buah-buahan saben sasi lan godhongé isa dienggo obat. (Yèh. 47:12) Wit-witan kuwi manfaaté apa kanggo awaké dhéwé? Wong-wong saiki akèh sing ora isa cedhak karo Yéhuwah lan uripé ora nggenah merga wong-wong kuwi dudu umaté Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ora kaya ngono. Yéhuwah wis nyedhiakké keterangan-keterangan saka Alkitab sing jumlahé akèh banget lan isa nguwatké iman. Piyé perasaané njenengan wektu nyanyèkké lagu-lagu pas ngibadah, utawa wektu maca wacan-wacan lan nonton vidéo-vidéo saka organisasi? Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget. (Yés. 65:13, 14) Nèk gelem ngetrapké kabèh sing dipelajari saka Alkitab, awaké dhéwé isa dibantu bèn tetep setya karo Yéhuwah lan ora nindakké dosa, misalé hubungan sèks sing ora pantes, srakah, lan ora nduwé iman. Tapi, nèk awaké dhéwé wis kebacut nindakké dosa sing gedhé, Yéhuwah ya wis nyedhiakké obat, maksudé Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn isa cedhak manèh karo Dhèwèké. (Wacanen Yakobus 5:14.) Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga isa éntuk berkah sing akèh banget saka Yéhuwah.

      14, 15. (a) Awaké dhéwé isa dadi kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur nèk awaké dhéwé ngapa? (b) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus diberkahi karo Yéhuwah?

      14 Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur lan tetep asin. Awaké dhéwé isa dadi kaya ngono nèk ora nampa berkah-berkah saka Yéhuwah. Aja nganti awaké dhéwé dadi kaya wong-wong sing ora cedhak karo Yéhuwah lan uripé ora nggenah. (Mat. 13:15) Terus, bèn isa diberkahi Yéhuwah awaké dhéwé kudu piyé? Awaké dhéwé kudu seneng sinau Alkitab lan sregep nginjil. Awaké dhéwé ya kudu manut arahané para pinituwa sing wis dilatih karo budhak sing setya lan wicaksana. Hasilé, awaké dhéwé isa nampa berkah-berkah saka Yéhuwah, sing dipadhakké kaya kali sing didelok Yèhèzkièl mau.

      15 Wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki apa ya bakal kelakon manèh ing masa depan? Ya. Mengko ing Firdaus, awaké dhéwé isa ngrasakké berkah-berkah sing luwih akèh manèh saka kali sing didelok Yèhèzkièl mau.

      Piyé Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl soal Kali Kelakon ing Firdaus?

      16, 17. Berkah apa waé sing isa dinikmati ing Firdaus?

      16 Bayangna njenengan urip ing Firdaus bareng karo kanca-kanca lan keluarga. Rasané mesthi nyenengké banget. Bèn isa mbayangké luwih jelas, ayo dibahas manèh wahyu sing didelok Yèhèzkièl mau. Ana telu sing isa dipelajari saka wahyu kuwi.

      17 Kali sing nggawa berkah. Ing Firdaus, awaké dhéwé isa ngrasakké berkah-berkah sing luwih akèh saka kali sing didelok Yèhèzkièl. Pas Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, kabèh sing dadi rakyaté saya suwé isa dadi sampurna, merga manungsa wis ditebus karo Yésus. Mengko wis ora ana manèh sing lara. Dadi, wis ora butuh dokter, perawat, rumah sakit, utawa asuransi keséhatan. ”Kumpulan gedhé” wong akèh sing slamet saka ”sengsara gedhé” lan Armagédon bakal ngrasakké berkah-berkah saka kali sing didelok Yèhèzkièl mau. (Why. 7:9, 14) Wektu kuwi, berkahé sakjané wis akèh. Tapi mengko, saya suwé berkahé bakal saya akèh, kaya kali sing didelok Yèhèzkièl sing saya suwé saya deres.

      Wong-wong sing enom lan séhat kétok seneng lan kerja bareng-bareng ing Firdaus. Ing mburiné ana kali.

      Ing Firdaus, kali sing nggawa berkah bakal nggawé kabèh wong dadi séhat lan enom manèh (Deloken paragraf 17)

      18. Apa salah siji berkah sing bakal kelakon ing Firdaus sing isa dipadhakké kaya kali sing saya deres?

      18 Banyu sing marahi urip. Pas Pamréntahan Sèwu Taun, ”kali sing banyuné isa marakké urip” bakal dadi saya deres. (Why. 22:1) Mengko bakal ana akèh banget sing diuripké manèh lan nduwé harapan urip saklawasé ing Firdaus. Sing bakal diuripké manèh mengko ana milyaran, termasuk sing matiné wis suwé banget. (Yés. 26:19) Kuwi salah siji berkah saka Kerajaané Gusti Allah. Ning, apa kabèh sing diuripké manèh kuwi bakal urip saklawasé?

      19. (a) Pas Pamréntahan Sèwu Taun, apa manèh sing isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip? (b) Kenapa sukmbèn bakal ana wong-wong sing dadi kaya dhaérah berlumpur lan ”tetep asin”?

      19 Pas Pamréntahan Sèwu Taun bakal ana gulungan-gulungan anyar sing dibukak, maksudé keterangan-keterangan anyar saka Yéhuwah. (Why. 20:12) Kuwi ya isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip. Mesthi mengko nyenengké banget merga isa diwulang karo Yéhuwah. Wong-wong kudu milih arep manut apa ora. Sayangé, mengko ana wong-wong sing ora gelem manut karo Yéhuwah. Dadi, mengko durung sèwu taun waé mungkin wis ana sing mbrontak lan bakal disingkirké karo Yéhuwah. (Yés. 65:20) Wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur lan ”tetep asin”. Wong-wong kuwi bodho banget merga ora gelem nampa banyu sing marahi urip, maksudé ora gelem manut karo Yéhuwah. Mengko sakwisé sèwu taun ya bakal ana wong-wong sing mbrontak nglawan Yéhuwah bareng karo Sétan. Akhiré, kabèh sing ora gelem manut bakal disingkirké saklawasé.​—Why. 20:7-12.

      20. Apa sing wis direncanakké Yéhuwah sing isa dipadhakké kaya wit-witan sing didelok Yèhèzkièl?

      20 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Yéhuwah pénginé kabèh sing wis urip ing Firdaus isa urip saklawasé. Mula, Yéhuwah wis nduwé rencana kanggo mbantu awaké dhéwé. Yésus lan 144.000 bakal dadi raja ing swarga nganti 1.000 taun. Mengko 144.000 kuwi ya bakal dadi imam. Merga wis ana korban tebusané Yésus, para imam kuwi bakal mbantu wong-wong bèn dadi sampurna. (Why. 20:6) Sing wis direncanakké Yéhuwah kuwi isa dipadhakké kaya wit-witan sing didelok Yèhèzkièl, sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Rasul Yohanes tau nyathet ramalan sing mirip karo wahyu sing didelok Yèhèzkièl kuwi. (Wacanen Wahyu 22:1, 2.) Yohanes ndelok wit sing godhongé isa dienggo ”nambani bangsa-bangsa”. Dadi, wong-wong sing jumlahé milyaran mengko bakal dibantu karo 144.000 kuwi bèn isa dadi sampurna lan urip saklawasé.

      Kali sing didelok Yèhèzkièl saya suwé saya deres.

      KOTHAK INFORMASI 19B: Kali sing Banyuné Saya Deres

      21. Piyé perasaané njenengan sakwisé sinau soal kali sing didelok Yèhèzkièl, lan apa sing bakal dibahas berikuté? (Deloken kothak ”Kali sing Banyuné Saya Deres”.)

      21 Sakwisé sinau soal kali sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé mesthi bersyukur. Ana harapan sing luar biasa ing masa depan. Kèt mbiyèn, Yéhuwah wis mènèhi ramalan-ramalan bèn awaké dhéwé isa mbayangké keadaan ing Firdaus mengko. Wis éwonan taun Yéhuwah sabar mbantu wong-wong bèn isa urip ing Firdaus. Njenengan mungkin mikir, ’Apa aku isa urip ing kono? Terus, mengko aku ing kono ngapa?’ Bar iki, awaké dhéwé bakal mbahas bagéan akhir saka wahyu sing ditampa Yèhèzkièl sing isa nguwatké awaké dhéwé.

      a Wong-wong Yahudi jamané Yèhèzkièl sing isih kèlingan kaya apa Tanah Perjanjian kuwi mungkin ngerti nèk kali iki dudu kali tenanan, merga kali kuwi mili saka bait sing ana ing gunung sing dhuwur banget, padahal bait sing kaya ngono kuwi ora ana ing Israèl. Apa manèh, kali sing didelok Yèhèzkièl iki mili saka bait langsung tekan Laut Mati. Nèk ndelok dhaérahé Israèl, ora mungkin ana kali sing kaya ngono.

      b Ana beberapa ahli sing ngomong nèk ungkapan iki artiné apik, soalé wong-wong ing sekitaré Laut Mati kèt mbiyèn mémang akèh sing ngedol uyah, sing biasané dienggo ngawètké. Tapi, Alkitab ngomong nèk dhaérah sing berlumpur kuwi bakal tetep asin merga banyu kali saka baité Yéhuwah ora tekan kono. Mula, ora ana makhluk hidup sing isa urip ing kono. Dadi, ungkapan ”bakal tetep asin” kuwi mesthiné artiné ora apik.​—Mzm. 107:33, 34; Yér. 17:6.

      c Iki mèh padha karo perumpamaané Yésus soal jala. Ing kono dicritakké nèk iwak sing kejaring ana akèh, tapi ora kabèh ”apik”. Iwak sing èlèk kudu dibuwangi. Dadi, akèh sing mauné gelem sinau Alkitab, tapi akhiré ora gelem dadi umaté Yéhuwah, utawa mauné gelem dadi umaté Yéhuwah, tapi akhiré ora setya.​—Mat. 13:47-50; 2 Tim. 2:20, 21.

      CARANÉ NJENENGAN NINDAKKÉ IBADAH SING MURNI

      1. Piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali kelakon ing jamané Yèhèzkièl?

      2. Piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali kelakon ing jamané awaké dhéwé?

      3. Piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal kali kelakon pas Pamréntahan Sèwu Taun?

  • ”Dhaérah sing Kudu Dibagi-bagi Dadi Tanah Warisan”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • Tanah sing arep dibagi-bagi, lan ana kali sing banyuné mili tekan laut.

      BAB 20

      ”Dhaérah sing Kudu Dibagi-bagi Dadi Tanah Warisan”

      YÈHÈZKIÈL 48:29

      INTINÉ: Sing isa dipelajari saka pembagian tanah

      1, 2. (a) Yèhèzkièl dikon ngapa karo Yéhuwah? (b) Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas?

      YÈHÈZKIÈL bar éntuk wahyu saka Yéhuwah. Dhèwèké mesthi dadi kèlingan karo peristiwa sing kelakon kira-kira 900 taun sakdurungé, yaiku pas jamané Musa lan Yosua. Yéhuwah tau ngandhani Musa batas-batas dhaérah ing Tanah Perjanjian, lan bar kuwi Yéhuwah ya ngandhani Yosua carané mbagi tanah kuwi kanggo suku-suku Israèl. (Wi. 34:1-15; Yos. 13:7; 22:4, 9) Saiki, taun 593 SM, Yéhuwah ya ngongkon Yèhèzkièl lan wong-wong sing ditawan mbagi-mbagi Tanah Perjanjian kanggo suku-suku Israèl.​—Yèh. 45:1; 47:14; 48:29.

      2 Kenapa wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki isa nguwatké Yèhèzkièl lan wong-wong sing ditawan? Apa sing isa dipelajari saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki? Apa wahyu iki ya bakal kelakon manèh ing masa depan?

      Wahyu sing Isa Nguwatké Wong-Wong sing Ditawan

      3, 4. (a) Kenapa wahyu terakhir sing ditampa Yèhèzkièl isa nguwatké wong-wong sing ditawan? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?

      3 Wahyu terakhir sing ditampa Yèhèzkièl dicathet ing sangang bab buku Yèhèzkièl. (Yèh. 40:1–48:35) Wahyu kuwi isa nguwatké wong-wong sing lagi ditawan. Kenapa? Merga saka kono umaté Yéhuwah isa ngerti nèk (1) wong-wong isa nindakké ibadah sing murni manèh ing baité Yéhuwah, (2) wong-wong Israèl bakal dipimpin karo para imam lan gembala sing setya, (3) kabèh sing bali ing Israèl bakal éntuk warisan tanah, lan (4) Yéhuwah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi manèh.

      4 Sing pertama lan sing keloro, yaiku wong-wong bakal nindakké ibadah sing murni manèh lan dipimpin karo gembala-gembala sing setya, wis dibahas ing Bab 13 lan 14. Sing ketelu, yaiku wong-wong bakal éntuk warisan tanah, bakal dibahas ing bab iki. Terus, sing kepapat, yaiku Yéhuwah bakal manggon bareng karo umaté, bakal dibahas ing bab berikuté.​—Yèh. 47:13-21; 48:1-7, 23-29.

      ”Tanah Iki . . . Bakal Tak Bagi-Bagi marang Kowé Dadi Warisan”

      5, 6. (a) ”Dhaérah” apa sing kudu dibagi-bagi? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Kenapa Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing dibagi-bagi kuwi?

      5 Wacanen Yèhèzkièl 47:14. Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing bakal dadi kaya ”Taman Èden”. (Yèh. 36:35) Terus Yéhuwah ngomong, ”Iki dhaérah sing kudu mbok bagi-bagi dadi tanah warisané 12 suku Israèl.” (Yèh. 47:13) ”Dhaérah” sing dimaksud yaiku tanah Israèl sing bakal dienggoni manèh karo wong-wong sing dibébaské saka penawanan. Terus, kaya sing ditulis ing Yèhèzkièl 47:15-21, Yéhuwah njelaské batas-batasé tanah kuwi.

      6 Kenapa Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing dibagi-bagi kuwi? Yéhuwah péngin Yèhèzkièl lan wong-wong sing lagi ditawan yakin nèk tanah Israèl bakalé bener-bener isa dienggoni manèh. Wong-wong kuwi mesthi ngrasa dikuwatké wektu dijelaské soal batas-batasé tanah Israèl nganti rinci. Apa wong-wong kuwi akhiré bener-bener éntuk warisan tanah? Ya.

      Tanah sing arep dibagi-bagi, lan ana kali sing banyuné mili tekan laut.

      7. (a) Apa sing kelakon taun 537 SM, lan peristiwa kuwi mirip karo apa? (b) Pertanyaan apa sing arep dibahas dhisik?

      7 Taun 537 SM, kira-kira 56 taun sakwisé Yèhèzkièl nampa wahyu kuwi, ana éwonan wong sing mauné dadi tawanan bali ing tanah Israèl lan manggon ing kono. Wong-wong kuwi éntuk warisan tanah. Kuwi mirip karo sing dialami umaté Yéhuwah ing akhir jaman. Maksudé apa? Umaté Yéhuwah ing akhir jaman ya isa mlebu lan manggon ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé perlu sinau soal apa sing kelakon ing jamané Yèhèzkièl kuwi bèn isa ngerti luwih akèh soal tanah sing dijanjèkké Yéhuwah ing jaman saiki. Tapi, ayo dibahas dhisik pertanyaan iki: Apa buktiné nèk tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kuwi bener-bener ana ing jaman saiki?

      8. (a) Bangsa Israèl sing mbiyèn wis diganti karo bangsa apa? (b) Manggon ing firdaus rohani kuwi maksudé apa? (c) Firdaus rohani kuwi mulai ana kèt kapan, lan sapa waé sing manggon ing kono?

      8 Sakdurungé iki, pas ngramalké soal wong-wong Israèl sing bakal dibébaské saka penawanan, Yéhuwah ya ngomong, ”Abdi-Ku Daud bakal dadi rajané.” (Yèh. 37:24) Sing dimaksud kuwi yaiku Yésus Kristus. Dadi, ramalan kuwi ora mung kelakon pas jamané Yèhèzkièl thok, ning ya kelakon manèh sakwisé Yésus dadi Raja taun 1914. Wektu kuwi, bangsa Israèl sing mbiyèn wis ditolak Yéhuwah. Terus, bangsa kuwi diganti karo bangsa Israèl rohani, yaiku wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. (Wacanen Matius 21:43; 1 Pétrus 2:9.) Tapi, sing diganti Yéhuwah ora mung kuwi. Tanah Israèl sing mbiyèn ya wis diganti karo tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo umaté ing akhir jaman, yaiku firdaus rohani. (Yés. 66:8) Kaya sing wis dibahas ing Bab 17, firdaus rohani mulai ana kèt taun 1919. (Deloken kothak 9B, ”Taun 1919”) Manggon ing firdaus rohani kuwi maksudé isa ngrasa ayem lan aman merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah bareng karo wong-wong liyané sing padha-padha nyembah Yéhuwah. Awalé, sing manggon ing kono kuwi mung wong-wong sing dipilih munggah swarga. Tapi bar kuwi, ”domba-domba liyané”, yaiku wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi, ya isa manggon ing kono. (Yoh. 10:16) Dadi saiki, awaké dhéwé wis ngrasakké berkah sing akèh banget ing firdaus rohani. Tapi sukmbèn, sakwisé Armagédon, awaké dhéwé bakal ngrasakké berkah sing luwih akèh manèh.

      Tanahé Dibagi Rata

      9. Piyé carané mbagi tanah kuwi?

      9 Wacanen Yèhèzkièl 48:1, 28. Sakwisé njelaské batas-batasé Tanah Perjanjian, Yéhuwah njelaské carané mbagi tanah kuwi. Yéhuwah ngongkon bèn tanah kuwi dibagi rata saka lor tekan kidul kanggo 12 suku Israèl. Sing paling lor bagéané suku Dan, terus sing paling kidul bagéané suku Gad. Bèn tanahé isa dibagi rata kanggo 12 suku, tanah kuwi kaya digarisi saka batas sisih wétan tekan batas sisih kulon, yaiku Laut Besar utawa sing disebut Laut Tengah.​—Yèh. 47:20; deloken péta ing kothak ”Tanahé Dibagi-bagi”.

      10. Kenapa wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki isa nguwatké wong-wong sing ditawan?

      10 Wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki mesthi nguwatké wong-wong sing ditawan. Kenapa? Wong-wong kuwi dadi isa yakin nèk carané mbagi tanah kuwi mengko bakal tertib. Terus, wong-wong kuwi ya isa yakin nèk kabèh sing dibébaské saka penawanan mesthi kebagian tanah, soalé tanahé mau wis dibagi rata kanggo 12 suku Israèl. Dadi, mengko ora ana sing ora nduwé omah.

      Wong lanang sing mengkilap kaya tembaga nduduhi Yèhèzkièl tanah warisan.

      KOTHAK INFORMASI 20A: Tanahé Dibagi-bagi

      11. Apa waé sing isa dipelajari saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki? (Deloken kothak ”Tanahé Dibagi-bagi”.)

      11 Apa sing isa dipelajari saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki? Sing kebagian tanah kuwi ora mung para imam, wong Lèwi, utawa para pemimpin, ning kabèh wong Israèl ya bakal kebagian. (Yèh. 45:4, 5, 7, 8) Jaman saiki ya ngono. Sing isa manggon ing firdaus rohani ora mung wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih urip ing bumi lan anggota saka ”kumpulan gedhé” sing dadi pemimpin ing organisasi.a (Why. 7:9) Tapi, kabèh sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé isa manggon ing kono. Dadi, umaté Yéhuwah kabèh isa manggon ing firdaus rohani lan nduwé tugas sing penting, ora soal tugasé kuwi akèh utawa sithik. Kuwi mesthi bener-bener nguwatké awaké dhéwé.

      Gambar: Umaté Yéhuwah jaman saiki. 1. Sedulur wédok ngandhani ibuné carané ngombé obat. 2. Utusan injil nglatih penginjil sing isih enom. Wong loro kuwi lagi nginjil ing pantai. 3. Ibu sing lagi sinau Alkitab karo anaké loro. 4. Gerrit Lösch ceramah pas ibadah ésuk keluarga Bètel. 5. Sedulur wédok sing wis tuwa lagi ndonga karo mangku Alkitab lan daftar jenengé sedulur-sedulur sing dipenjara. 6. Sedulur lanang lagi ngresiki toilèt ing Balé Ibadah. 7. Sedulur lanang dadi petugas parkir ing Balé Kebaktian. 8. Sedulur lanang lagi kerja ing ruang rekaman kantor penerjemahan.

      Yéhuwah nganggep awaké dhéwé berharga, ora soal apa waé tugasé awaké dhéwé ing organisasi (Deloken paragraf 11)

      Manfaaté Wahyu sing Didelok Yèhèzkièl Iki kanggo Awaké Dhéwé

      12, 13. Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl nèk mbagi tanahé kudu piyé?

      12 Wektu nampa wahyu kuwi, Yèhèzkièl mungkin bingung merga pembagian tanahé béda karo sing pas jamané Musa. Bédané ana loro, sing pertama tanahé lan sing keloro penduduké.

      13 Tanahé. Pas jamané Musa mbiyèn, suku sing luwih gedhé éntuk tanah sing luwih gedhé. (Wi. 26:52-54) Tapi saiki, Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl nèk tanahé kudu ”dibagi rata” kanggo kabèh suku Israèl. (Yèh. 47:14) Dadi, tanahé kuwi dibagi 12, lan saben bagéané kuwi jarak saka lor tekan kidulé padha. Wong Israèl kabèh isa padha-padha éntuk tanah sing subur ing Tanah Perjanjian.

      14. Apa bédané arahan sing ditampa Yèhèzkièl karo sing ana ing Hukum Musa?

      14 Penduduké. Nèk menurut Hukum Musa, wong asing kudu ditresnani lan isa mèlu ngibadah, ning ora éntuk warisan tanah. (Km. 19:33, 34) Tapi, Yèhèzkièl nampa arahan sing béda. Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Kanggo penduduk asing, wènèhana warisan ing dhaérah suku sing dienggoni wong-wong kuwi.” Kuwi berarti Yéhuwah nganggep nèk penduduk asing sing manggon ing tanah kuwi padha kaya ”wong Israèl asli”. (Yèh. 47:22, 23) Dadi, pas kuwi Yèhèzkièl ndelok nèk penduduk tanah kuwi isa ngibadah bareng-bareng lan ora dibédak-bédakké.​—Km. 25:23.

      15. Wektu maca arahané Yéhuwah soal pembagian tanah, awaké dhéwé isa tambah yakin soal apa?

      15 Wektu krungu arahané Yéhuwah soal pembagian tanah, wong-wong sing ditawan mesthi ngrasa dikuwatké. Wong-wong kuwi isa yakin nèk tanahé mesthi dibagi rata karo Yéhuwah. Dadi, kabèh mesthi kebagian tanah, ora soal dhèwèké kuwi wong Israèl asli utawa penduduk asing. (Ézr. 8:20; Néh. 3:26; 7:6, 25; Yés. 56:3, 8) Wektu maca arahané Yéhuwah kuwi, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk Yéhuwah nganggep umaté kabèh berharga. (Wacanen Hagai 2:7.) Ora soal awaké dhéwé nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, awaké dhéwé dianggep berharga karo Yéhuwah.

      16, 17. (a) Apa manfaaté wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki kanggo awaké dhéwé? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab berikuté?

      16 Apa manfaaté wahyu sing didelok Yèhèzkièl iki kanggo awaké dhéwé? Awaké dhéwé dadi ngerti nèk umaté Yéhuwah kudu bersatu lan ora éntuk mbédak-mbédakké, merga Yéhuwah ya ora mbédak-mbédakké. Coba dipikir, ’Apa aku niru Yéhuwah sing ora seneng mbédak-mbédakké? Apa aku ngajèni sedulur liya ora soal kaya apa wongé utawa asalé saka ngendi?’ (Rm. 12:10) Awaké dhéwé mesthi seneng merga umaté Yéhuwah kabèh diwènèhi kesempatan karo Yéhuwah isa manggon ing firdaus rohani. Ing kono, awaké dhéwé karo para sedulur sak donya isa nglayani Yéhuwah lan padha-padha éntuk berkah saka Yéhuwah.​—Gal. 3:26-29; Why. 7:9.

      Sedulur-sedulur wédok sing umuré lan asalé béda-béda lagi ibadah keluarga ing omahé sedulur wédok sing cacad.

      Apa aku niru Yéhuwah sing ngajèni wong liya lan ora seneng mbédak-mbédakké? (Deloken paragraf 15, 16)

      17 Wektu mènèhi Yèhèzkièl wahyu sing terakhir, Yéhuwah ya janji nèk Dhèwèké bakal manggon bareng karo umaté. Apa sing isa dipelajari saka janji kuwi? Ayo dibahas ing bab berikuté.

      a Deloken Bab 14 bèn isa ngerti tugas khusus saka Yéhuwah kanggo para imam lan pemimpin ing firdaus rohani.

      CARANÉ NJENENGAN NINDAKKÉ IBADAH SING MURNI

      1. Kenapa njenengan isa yakin nèk firdaus rohani bener-bener ana ing jaman saiki?

      2. Kenapa njenengan isa yakin nèk njenengan isa manggon ing firdaus rohani lan nduwé tugas sing penting?

      3. Apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah saka pembagian tanah?

  • ”Kutha Mau Dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • Kutha ’Yéhuwah Ana ing Kana’ nèk didelok saka ndhuwur.

      BAB 21

      ”Kutha Mau Dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana”

      YÈHÈZKIÈL 48:35

      INTINÉ: Sing isa dipelajari saka keterangan soal kutha lan tanah sumbangan

      1, 2. (a) Tanah sing disisihké kuwi arep diapakké? (Deloken gambar ing sampul buku iki.) (b) Apa pengaruhé wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi kanggo wong-wong sing lagi ditawan?

      ING wahyu terakhir sing ditampa Yèhèzkièl, Yèhèzkièl ndelok ana sebagéan tanah sing disisihké. Tanah kuwi disisihké merga arep disumbangké kanggo Yéhuwah, dudu merga arep diwènèhké kanggo warisané suku-suku Israèl. Yèhèzkièl ya ndelok ana kutha sing jenengé unik. Apa pengaruhé wahyu sing ditampa Yèhèzkièl kuwi kanggo wong-wong sing lagi ditawan? Wong-wong kuwi dadi yakin nèk Yéhuwah bakal terus ngancani pas wong-wong kuwi wis bali ing tanah Israèl.

      2 Yèhèzkièl njelaské soal tanah sumbangan kuwi nganti rinci. Apa sing isa dipelajari saka penjelasané Yèhèzkièl kuwi? Ayo dirembug bareng-bareng.

      ’Tanah sing disumbangké’ lan kutha ’Yéhuwah Ana ing Kana’ nèk didelok saka ndhuwur. Bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing gunung sing dhuwur, terus ana cahaya kemuliaané Yéhuwah ing bait kuwi lan ana kali sing mili saka bait kuwi.

      ”Sumbangan Suci lan . . . Kutha”

      Péta tanah sumbangan. Terus, bagéan ’tanah sing disumbangké’ dikothaki.

      KOTHAK INFORMASI 21A: ”Tanah sing Kudu Disumbangké”

      3. Tanah sumbangan kuwi ana limang bagéan. Lima kuwi apa waé lan dienggo apa? (Deloken kothak ”Tanah sing Kudu Disumbangké”.)

      3 Ing tanah sing disisihké kuwi, ana sebagéan tanah sing bentuké kothak, sing ukurané 25.000 hasta (13 kilomèter) ping 25.000 hasta (13 kilomèter). Kuwi disebut ”tanah sing disumbangké”. Tanah kuwi dibagi telu, sing ndhuwur dienggo wong Lèwi, terus sing tengah dienggo bait lan para imam. Sing ndhuwur karo sing tengah kuwi disebut ”sumbangan suci”. Terus, sing paling ngisor lan paling cilik, yaiku ”sisané tanah”, dadi ”duwèké kutha lan digunakké kanggo penduduk kutha”.​—Yèh. 48:15, 20.

      4. Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal tanah sing disumbangké kanggo Yéhuwah?

      4 Yèhèzkièl dikandhani nèk tanah sing arep disumbangké kanggo Yéhuwah kuwi perlu disisihké dhisik, bar kuwi lagi mbagi tanah kanggo warisané suku-suku Israèl. (Yèh. 45:1) Berarti tanah sing disisihké kuwi dianggep sing paling penting karo Yéhuwah. Dadi, wong-wong sing ditawan kuwi isa ngerti nèk ibadah marang Yéhuwah kudu diutamakké. Apa sing isa dipelajari saka keterangan iki? Awaké dhéwé ya kudu ngutamakké ibadah, misalé sinau Alkitab, mèlu pakumpulan ibadah, lan nginjil. Dadi, kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu ngutamakké sing paling penting, yaiku ibadah marang Yéhuwah.

      ”Kutha Bakal Ana ing Tengah-tengahé”

      5, 6. (a) Kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi duwèké sapa? (b) Sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi dudu kutha apa, lan kenapa?

      5 Wacanen Yèhèzkièl 48:15. ”Kutha” lan dhaérah sekitaré kuwi dienggo apa? (Yèh. 48:16-18) Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Tanah duwèké kutha . . . bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl.” (Yèh. 45:6, 7) Dadi, kutha lan dhaérah sekitaré kuwi ora dadi bagéan saka ”sumbangan suci” kanggo Yéhuwah. (Yèh. 48:9) Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal kutha kuwi? Ayo dirembug bareng-bareng.

      6 Bèn isa ngerti apa sing isa dipelajari, awaké dhéwé kudu ngerti dhisik sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi kutha apa. Pertama, sing dimaksud kuwi dudu kutha Yérusalèm lan baité sing wis dibangun manèh. Kenapa? Merga kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi ora ana baité. Keloro, sing dimaksud kuwi dudu kutha-kutha liya ing tanah Israèl sing wis dienggoni manèh. Kenapa? Merga wong-wong sing dibébaské saka penawanan utawa keturunané ora ana sing mbangun kutha sing kaya ngono. Ketelu, sing dimaksud kuwi dudu kutha sing ana ing swarga. Kenapa? Merga kutha kuwi dibangun ing ”dhaérah biasa”, dudu ing dhaérah suci sing khusus dienggo ngibadah.​—Yèh. 42:20.

      7. Kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi kutha apa, lan kuwi kétoké nggambarké apa? (Deloken gambar ing awal bab.)

      7 Dadi, sakjané sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi kutha apa? Pas éntuk wahyu iki, Yèhèzkièl ora mung ndelok kutha, ning ya ndelok tanah. (Yèh. 40:2; 45:1, 6) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk tanah sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu tanah tenanan. Berarti kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya dudu kutha tenanan. Nah, wektu krungu kata ”kutha”, njenengan mbayangkéné apa? Biasané awaké dhéwé mbayangké ana wong-wong sing manggon bareng, terus ing kono ya ana pemimpiné lan aturan-aturané. Dadi, kutha sing bentuké kothak sing didelok Yèhèzkièl kuwi kétoké nggambarké organisasi sing tertib lan teratur.

      Kutha ’Yéhuwah Ana ing Kana’ nèk didelok saka ndhuwur.

      8. Sing dimaksud kuwi organisasi sing ana ing endi lan ngarahké apa? Saka ngendi ngertiné?

      8 Terus, sing dimaksud kuwi organisasi sing ana ing endi lan ngarahké apa? Kuthané mau ana ing tanah sing didelok Yèhèzkièl. Dadi, organisasi kuwi ngarahké kegiatané umaté Yéhuwah ing firdaus rohani. Terus, kutha kuwi dibangun ing dhaérah biasa, dudu ing dhaérah suci. Berarti sing dimaksud kuwi dudu organisasi sing ana ing swarga, tapi organisasi sing ana ing bumi, sing nganti saiki terus ngarahké umaté Yéhuwah sing manggon ing firdaus rohani.

      9. (a) Jaman saiki, sapa sing dadi pengurus ing organisasi kuwi? (b) Yésus arep ngapa pas Pamréntahan Sèwu Taun?

      9 Sapa sing dadi pengurus ing organisasi kuwi? Ing kutha sing didelok Yèhèzkièl, ana sing disebut ”pemimpin”. (Yèh. 45:7) Dhèwèké kuwi pengawas, tapi dudu imam utawa wong Lèwi. Jaman saiki, sing dimaksud pemimpin kuwi khususé para gembala, utawa pinituwa, sing ora dipilih munggah swarga. Para pinituwa sing dadi bagéan saka ”domba-domba liyané” kuwi apikan lan manut karo arahané Yésus sing wis dadi Raja ing swarga. (Yoh. 10:16) Mengko pas Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus bakal nglantik ”para pemimpin”, utawa para pinituwa sing wis dipilih karo Yésus, ”ing bumi”. (Mzm. 45:16) Dadi pas Pamréntahan Sèwu Taun, wong-wong kuwi bakal ngurusi umaté Yéhuwah manut karo arahané Kerajaané Gusti Allah.

      ”Yéhuwah Ana ing Kana”

      10. Kuthané kuwi jenengé apa, lan wong-wong sing manggon ing kono isa yakin soal apa?

      10 Wacanen Yèhèzkièl 48:35. Kuthané kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana”. Dadi, wong-wong sing manggon ing kutha kuwi isa yakin nèk Yéhuwah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi. Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl kutha sing ana ing tengah-tengah kuwi merga péngin nguwatké wong-wong sing lagi ditawan. Yéhuwah kaya-kayané ngomong karo wong-wong kuwi, ’Aku bakal ngancani kowé manèh.’

      11. Apa waé sing isa dipelajari saka jenengé kutha kuwi?

      11 Apa sing isa dipelajari saka jenengé kutha kuwi? Umaté Yéhuwah kabèh, termasuk awaké dhéwé, isa yakin nèk Yéhuwah saiki lagi manggon bareng karo umaté lan bakal terus ngancani umaté. Saka jenengé kutha kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti tujuané kutha kuwi digawé. Tujuané dudu bèn manungsa isa ngatur-ngatur liyané sak karepé dhéwé, tapi bèn kabèh manut karo pathokané Yéhuwah, merga pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik. Misalé, Yéhuwah wis ngandhani piyé carané mbagi tanah kuwi kanggo umaté kabèh. Dadi, para pengurus ing kono ora isa mbagi-mbagi tanah sak karepé dhéwé. Ing firdaus rohani, kabèh umaté Yéhuwah nduwé panggonan, utawa tugas sing penting. Para pengurus ora éntuk sak karepé dhéwé, tapi kudu menghargai umaté Yéhuwah kabèh, termasuk wong-wong sing tugasé ora akèh.​—Yèh. 46:18; 48:29.

      12. (a) Apa manèh sing unik saka kutha kuwi, lan kuwi nggambarké apa? (b) Apa sing isa dipelajari para pinituwa saka kutha sing gerbangé akèh lan gampang dileboni kuwi?

      12 Apa manèh sing unik saka kutha ”Yéhuwah Ana ing Kana”? Kutha-kutha jaman mbiyèn biasané gerbangé mung sithik lan dikelilingi témbok bèn tetep aman. Tapi, kutha sing didelok Yèhèzkièl gerbangé 12: Sisih loré 3, sisih wétané 3, sisih kidulé 3, lan sisih kuloné ya 3. (Yèh. 48:30-34) Dadi, gerbang sing akèh kuwi nggambarké para pengurus sing gampang dicedhaki. Terus, gerbangé mau ana 12, berarti ”kabèh wong Israèl” isa mlebu ing kutha kuwi. (Yèh. 45:6) Apa sing isa dipelajari para pinituwa saka kutha sing gerbangé akèh lan gampang dileboni kuwi? Yéhuwah péngin para pinituwa gampang dicedhaki lan siap mbantu kabèh sing manggon ing firdaus rohani.

      Pinituwa ngobrol karo bocah-bocah ing Balé Ibadah lan ndeloki gambar sing digawé bocah-bocah kuwi.

      Para pinituwa gampang dicedhaki lan siap mbantu (Deloken paragraf 12)

      Umaté Yéhuwah ’Mlebu kanggo Ngibadah’ lan Ndhukung Wong-Wong sing ”Kerja ing Kutha Kuwi”

      13. Sapa waé sing disebutké Yéhuwah ing wahyu sing ditulis Yèhèzkièl, lan apa waé tugasé?

      13 Apa manèh sing ditulis Yèhèzkièl soal wahyu iki? Yèhèzkièl nulis nèk Yéhuwah nyebutké soal wong-wong sing tugasé béda-béda. Misalé, ana sing disebut ”petugas bait”, yaiku para imam lan wong Lèwi. Para imam tugasé mènèhké persembahan lan nglayani ing ngarepé Yéhuwah. Terus, wong Lèwi ”nindakké tugas-tugas lan kabèh gawéan ing [bait]”. (Yèh. 44:14-16; 45:4, 5) Sakliyané kuwi, ana wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha. Sapa kuwi?

      14. Sing dilakoni wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha kuwi cocog kanggo nggambarké apa?

      14 Wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha kuwi asalé saka ”kabèh suku Israèl”. Tugasé wong-wong kuwi yaiku nggarap tanah sing hasilé ”bakal dipangan karo wong-wong sing kerja ing kutha”. (Yèh. 48:18, 19) Dadi, wong-wong kuwi ndhukung wong-wong sing kerja ing kutha. Kuwi cocog kanggo nggambarké apa sing kelakon ing jaman saiki. Kabèh sing manggon ing firdaus rohani nduwé kesempatan kanggo ndhukung wong-wong sing dilantik Yéhuwah kanggo mimpin umaté. Sedulur-sedulur sing dilantik kuwi ana sing dipilih munggah swarga lan ana sing dadi anggota ”kumpulan gedhé”. (Why. 7:9, 10) Salah siji cara ndhukung sedulur-sedulur kuwi yaiku manut karo arahané budhak sing setya lan wicaksana.

      15, 16. (a) Keterangan apa manèh sing ditulis Yèhèzkièl? (b) Apa sing isa dipelajari saka keterangan kuwi?

      15 Ana keterangan liya sing ditulis Yèhèzkièl, lan kuwi ana hubungané karo pelayanané awaké dhéwé. Keterangané apa? Yéhuwah nyebutké nèk 12 suku Israèl, sakliyané suku Lèwi, bakal ’mlebu kanggo ngibadah’ lan mènèhké korban kanggo Yéhuwah ing halaman bait. (Yèh. 46:9, 24) Terus, wong-wong kuwi ya nggarap padhang rumput ing sekitaré kutha kanggo ndhukung wong-wong sing kerja ing kutha kuwi. Apa sing isa dipelajari saka keterangan kuwi?

      16 Sing dilakoni wong-wong mau mèh padha kaya sing dilakoni kumpulan gedhé. Wong-wong sing dadi bagéan saka kumpulan gedhé ngibadah ”ing baité Gusti Allah” lan mènèhké ”korban pujian”. (Ibr. 13:15; Why. 7:9-15) Wong-wong kuwi mènèhké korban pujian wektu nginjil lan wektu mènèhi koméntar lan nyanyi ing pakumpulan ibadah. Kuwi dadi bagéan saka ibadah lan dianggep sing paling penting karo wong-wong kuwi. (1 Bb. 16:29) Sakliyané kuwi, umaté Yéhuwah ya ndhukung organisasiné Yéhuwah nganggo cara sing béda-béda. Misalé, akèh sing mèlu mbangun lan ngrawat Balé ibadah lan bangunan-bangunan liya duwèké organisasi. Ana manèh sing mbantu nggarap gawéan-gawéan liyané ing organisasi. Sing liyané manèh nyumbang dhuwit kanggo ndhukung organisasi. Wong-wong kuwi kaya-kaya lagi nggarap tanah ”demi kemuliaané Gusti Allah”. (1 Kor. 10:31) Wong-wong kuwi mesthi seneng lan semangat wektu nglakoni kuwi kabèh merga ngerti nèk sing dilakoni kuwi dadi ”kaya persembahan sing nggawé Gusti Allah seneng”. (Ibr. 13:16) Apa njenengan ya seneng ngibadah marang Yéhuwah lan ndhukung organisasiné?

      Wong-wong nggawa biji-bijian lan angon sapi karo wedhus ing sekitaré gerbang kutha ’Yéhuwah Ana ing Kana’.

      Apa sing isa dipelajari saka keterangané Yèhèzkièl soal wong-wong sing kerja ing dhaérah sekitaré kutha? (Deloken paragraf 14-16)

      ’Awaké Dhéwé Ngentèni Langit Anyar lan Bumi Anyar’

      17. (a) Piyé wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal tanah sumbangan ya bakal kelakon manèh sukmbèn? (b) Pas Pamréntahan Sèwu Taun, para pengurus bakal dilantik kanggo ngarahké sapa?

      17 Apa wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal tanah sumbangan ya bakal kelakon manèh sukmbèn? Ya. Yèhèzkièl ndelok nèk tanah sing disebut ”sumbangan suci” ana ing tengah-tengahé Tanah Perjanjian, lan ”baité Yéhuwah” ana ing kono. (Yèh. 48:10) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk bar Armagédon mengko, Yéhuwah bakal manggon bareng karo awaké dhéwé, ora soal awaké dhéwé manggon ing endi waé. (Why. 21:3) Pas Pamréntahan Sèwu Taun, bakal ana para pengurus sing dilantik kanggo ngarahké wong-wong sak donya. Wong-wong sing diarahké kuwi bakal disebut ”bumi anyar”, yaiku wong-wong sing manut karo Gusti Allah.​—2 Ptr. 3:13.

      18. (a) Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing dadi pengurus kuwi bakal manut karo arahan saka Kerajaané Gusti Allah? (b) Merga kutha kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana”, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

      18 Kenapa awaké dhéwé isa yakin nèk wong-wong sing dadi pengurus kuwi bakal manut karo arahan saka Kerajaané Gusti Allah? Alkitab njelaské nèk jumlah gerbangé kutha sing didelok Yèhèzkièl padha karo jumlah gerbangé kutha sing disebut Yérusalèm Anyar, yaiku padha-padha 12. Sing dimaksud Yérusalèm Anyar yaiku 144.000 sing dadi raja ing swarga bareng karo Yésus. (Why. 21:2, 12, 21-27) Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh sing dilakoni para pengurus ing bumi mengko bakal padha karo sing wis diatur Kerajaané Gusti Allah. Para pengurus kuwi bakal manut karo arahan saka Kerajaané Gusti Allah. Terus, merga kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi dijenengi ”Yéhuwah Ana ing Kana”, awaké dhéwé isa yakin nèk ibadah sing murni bakal ana saklawasé ing Firdaus. Kuwi mesthi nyenengké banget.

      CARANÉ NJENENGAN NINDAKKÉ IBADAH SING MURNI

      1. Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal tanah sumbangan sing kudu disisihké dhisik kanggo Yéhuwah?

      2. Piyé carané njenengan isa ndhukung budhak sing setya lan wicaksana?

      3. Apa sing njenengan anggep paling penting?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim