PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • th pelajaran 6 hlm. 9
  • Nerangké Ayat Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nerangké Ayat Alkitab
  • Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nggunakké Ayat Alkitab
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Bagéan Penutup sing Cocog
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Nduduhké Carané Ngetrapké
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Ana Manfaaté
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
Delok Kabèh
Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
th pelajaran 6 hlm. 9

PELAJARAN 6

Nerangké Ayat Alkitab

Ayat Alkitab

Yohanes 10:33-36

RINGKESAN: Aja mung macakké ayat ning ora dijelaské maksudé. Terangna hubungané ayat sing diwaca karo topik sing lagi dirembug.

CARANÉ:

  • Nggunakké kata kunci. Sakwisé macakké ayat, duduhna kata kunci ing ayat kuwi sing ana hubungané karo gagasan utamané. Awaké dhéwé isa nyebutké manèh kata kunciné utawa ngekèki pitakonan bèn wong liya ngerti endi kata kunciné.

    Saran sing isa ditrapké

    Senajan ora nggunakké kata kunci wektu nerangké ayat, hubungané ayat Alkitab sing diwaca karo gagasan utamané kudu jelas.

  • Nerangké gagasané. Nèk awaké dhéwé njelaské alesané maca ayat sakdurungé ayat kuwi diwacakké, terangna hubungané kata kunci ing ayat kuwi karo alesan mau.

    Saran sing isa ditrapké

    Wektu ngrembug ayat, Alkitabé aja langsung ditutup bèn wong liya ngerti nèk penjelasané awaké dhéwé ana hubungané karo ayat sing lagi waé diwaca.

  • Nerangké nganggo cara sing sederhana. Aja ngekèki katrangan sing ora ana hubungané karo topik sing lagi dirembug. Nèk ngerti apa waé sing wis dipahami karo wong sing ngrungokké, awaké dhéwé isa ngerti katrangan apa waé sing kudu ditambahké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim