PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 4
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Sapa Jenengé Gusti Allah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Apa Jeneng Yéhuwah Penting kanggo Njenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Ngapa Gusti Allah Nyiptakké Manungsa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Yéhuwah Ngluhurké Asmané
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 4
Pelajaran 4. Pemandangan bintang-bintang.

PELAJARAN 04

Gusti Allah Kuwi Sapa?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Kèt mbiyèn, mesthi ana sing disembah manungsa. Tapi menurut Alkitab, ana Gusti Allah sing ”luwih hébat timbang allah-allah liyané”. (2 Babad 2:5) Sapa kuwi? Ngapa kok Dhèwèké luwih hébat timbang allah-allah liyané? Ing pelajaran iki, awaké dhéwé isa kenal karo Gusti Allah sing disebutké mau.

1. Sapa jenengé Gusti Allah? Apa buktiné nèk Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngerti jenengé?

Ing Alkitab, Gusti Allah ngandhani jenengé, ”Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku.” (Wacanen Yésaya 42:​5, 8.) Jeneng ”Yéhuwah” kuwi terjemahan saka basa Ibrani sing artiné ”Dhèwèké sing Nyebabké Dadi”. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngerti jenengé. (Pangentasan 3:​15) Buktiné, jeneng Yéhuwah ing Alkitab ana luwih saka 7.000.a Yéhuwah kuwi jenengé ”Gusti Allah sing bener ing langit lan ing bumi”.​—Pangandharing Torèt 4:​39.

2. Ing Alkitab ana keterangan apa waé soal Yéhuwah?

Menurut Alkitab, meskipun ana akèh sing disembah manungsa, ning Gusti Allah sing bener kuwi mung Yéhuwah. Apa waé buktiné? Yéhuwah kuwi kuwasané paling gedhé, mung Dhèwèké ”sing Mahaluhur ing bumi”. (Wacanen Mazmur 83:18.) Dhèwèké disebut ”Sing Mahakuwasa” merga apa waé sing dipéngini mesthi kelakon. Dhèwèké ”sing nyiptakké kabèh” termasuk langit karo bumi sak isiné. (Wahyu 4:​8, 11) Mung Yéhuwah sing ana saklawasé.​—Mazmur 90:2.

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan bédané jenengé Gusti Allah karo sebutané. Terus, ya ana keterangan ngapa kok Gusti Allah ngandhani jenengé lan piyé carané Dhèwèké ngandhani jenengé.

Wong lanang ndelok langit pas bengi. Ing langit ana jeneng Yéhuwah.

3. Sebutané akèh, tapi jenengé mung siji

Bèn ngerti bédané jeneng karo sebutan, setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Sebutané Akèh, Tapi Jenengé Mung Siji (0:​41)

  • Apa bédané jeneng karo sebutan, misalé ”pangéran”?

Menurut Alkitab ana akèh allah lan gusti sing disembah wong. Wacanen Mazmur 136:​1-3, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Sapa ”Gusti Allah sing luwih unggul timbang kabèh allah liyané” lan ”Gusti sing luwih unggul timbang kabèh gusti liyané”?

4. Yéhuwah péngin njenengan ngerti lan nyebut jenengé

Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin njenengan ngerti jenengé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Apa Gusti Allah Nduwé Jeneng?​—Cuplikan (3:​11)

Gambar ing vidéo ’Apa Gusti Allah Nduwé Jeneng?​—Cuplikan’. Wong lanang maca jeneng Yéhuwah ing Mazmur 83:18 ing Alkitab ’King James Version’ taun 1611.
  • Menurut njenengan, ngapa kok Yéhuwah péngin wong-wong ngerti jenengé?

Yéhuwah péngin wong-wong nyebut jenengé. Wacanen Roma 10:​13, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok kudu nyebut jeneng Yéhuwah?

  • Piyé rasané nèk ana sing kèlingan lan nyebut jenengé njenengan?

  • Piyé perasaané Yéhuwah nèk njenengan nyebut jenengé?

5. Yéhuwah péngin njenengan dadi kancané

Soten saka Kamboja seneng banget merga ngerti jenengé Gusti Allah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen iki:

VIDÉO: Aku Nggolèki Gusti Allah (8:​18)

Gambar: Gambar ing vidéo ’Aku Nggolèki Gusti Allah’. 1. Soten lungguh ing ngisor wit, ndhangak, lan ndonga karo Gusti Allah. 2. Herold ngandhani Soten jeneng Yéhuwah.
  • Critakna pengalamané Soten sakwisé ngerti jenengé Gusti Allah.

Nèk arep dadi kancané wong liya, kudu ngerti jenengé dhisik. Wacanen Yakobus 4:8a, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Yéhuwah péngin njenengan piyé?

  • Ngapa kok njenengan isa cedhak karo Yéhuwah nèk ngerti lan nyebut jenengé?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sing nyiptakké awaké dhéwé kuwi kan mung siji, dadi arep mbok sebut Tuhan apa Allah kuwi ora masalah.”

  • Apa njenengan percaya nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah?

  • Piyé carané njelaské nèk Gusti Allah péngin wong-wong nyebut jenengé?

KESIMPULAN

Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. Dhèwèké péngin awaké dhéwé ngerti lan nyebut jenengé bèn isa cedhak karo Dhèwèké.

Jawaben

  • Apa bédané Yéhuwah karo sing disembah wong-wong?

  • Ngapa kok kudu nyebut jenengé Gusti Allah?

  • Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin njenengan cedhak karo Dhèwèké?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Gusti Allah kuwi ana. Buktiné ana lima. Apa waé?

”Apa Gusti Allah Ana?” (Artikel ing jw.org)

Apa buktiné nèk ora ana sing nyiptakké Gusti Allah?

”Sapa sing Nyiptakké Gusti Allah?” (Warta Penting 1 Agustus 2014)

Ngapa kok kudu tetep nyebut jenengé Gusti Allah meskipun ora ngerti mbiyèn nyebuté piyé?

”Yéhuwah Kuwi Sapa?” (Artikel ing jw.org)

Ngapa kok kudu nyebut jenengé Gusti Allah, ora mung nyebut sebutané?

”Jenengé Gusti Allah Ana Pira?” (Artikel ing jw.org)

a Deloken Lampiran A4 ing Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar bèn ngerti arti jenengé Gusti Allah lan ngapa kok ana terjemahan Alkitab sing ora nyebut jeneng kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim