PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 22 nomer 1-5
  • Piyé Bèn Isa Nyritakké sing Wis Dipelajari saka Alkitab?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Isa Nyritakké sing Wis Dipelajari saka Alkitab?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Sapa sing Martakké Kabar Apik?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Sing Marakké Awaké Dhéwé Terus Semangat Nginjil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • ”Kabar Apik”
    Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah
  • Apa Njenengan Gelem Mbantu Wong Liya Dadi Muridé Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 22 nomer 1-5
Pelajaran 22. Sing sinau Alkitab lagi nginjil karo kanca kerjané pas istirahat.

PELAJARAN 22

Piyé Bèn Isa Nyritakké sing Wis Dipelajari saka Alkitab?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Sakwisé ngerti sing diajarké ing Alkitab, njenengan mungkin dadi péngin nyritakké kuwi karo wong liya. Mémang, kabèh wong kudu ngerti soal kuwi. Tapi mungkin njenengan bingung piyé carané. Ing pelajaran iki, njenengan isa ngerti piyé bèn wani crita karo wong liya soal isiné Alkitab.

1. Piyé carané nyritakké isiné Alkitab karo keluarga utawa kanca?

Para rasulé Yésus ngomong, ”Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kisah 4:​20) Saking senengé karo ajarané Yésus, para rasul nganti péngin nyritakké kuwi karo wong liya. Nèk ngrasa kaya ngono, njenengan ya isa mulai crita karo keluarga utawa kanca soal sing wis dipelajari saka Alkitab.​—Wacanen Kolose 4:6.

Cara-carané

  • Wektu omong-omongan karo keluarga, njenengan isa crita, ”Pas sinau Alkitab, aku dadi ngerti soal . . . ”

  • Macakké ayat kanggo kanca sing lagi lara utawa lagi sedhih.

  • Crita karo kanca kerja soal apa waé sing dipelajari pas sinau Alkitab utawa pas teka ing pertemuan ibadah.

  • Ngandhani kanca soal jw.org.

  • Ngejak keluarga utawa kanca mèlu sinau Alkitab bareng utawa ngandhani carané ngisi formulir ing jw.org.

2. Apa manfaaté nginjil bareng para sedulur ing jemaat?

Murid-muridé Yésus ora mung nyritakké soal ajarané Yésus karo keluarga lan kanca-kancané. Yésus ”ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro . . . menyang saben kutha” bèn padha nginjil. (Lukas 10:1) Hasilé, ana luwih akèh wong sing dadi ngerti soal kabar apik. Murid-muridé Yésus ya dadi ngrasa bahagia. (Lukas 10:17) Apa njenengan ya péngin nginjil bareng karo para sedulur ing jemaat?

SINAU LUWIH AKÈH

Ana keterangan carané bèn ora wedi nginjil lan nèk nginjil kuwi isa marahi bahagia.

Gambar: Sing sinau Alkitab nginjil karo wong wédok ing taman. 1. Ndonga sik. 2. Nyetèlké vidéo.

3. Yéhuwah mesthi ndhukung

Ana sing wedi nginjil soalé ora percaya diri utawa wedi ditolak.

  • Apa njenengan ya ngrasa wedi wektu nyritakké soal sing wis dipelajari ing Alkitab? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Ndonga Bèn Dadi Kendel (4:​05)

  • Cah-cah enom kuwi ora wedi manèh merga apa?

Wacanen Yésaya 41:​10, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk wedi nginjil, ngapa kok kudu ndonga?

Keterangan

Akèh Seksi Yéhuwah awalé ya ngrasa wedi nginjil. Contoné, Sergey. Dhèwèké wongé isinan banget lan ora isa bergaul. Tapi sakwisé sinau Alkitab, dhèwèké crita, ”Meskipun wedi, aku tetep nyritakké sing tak pelajari saka Alkitab. Hasilé, ternyata aku malah dadi tambah percaya diri. Imanku ya dadi tambah kuwat.”

4. Kudu ngajèni

Pas crita soal sing dipelajari saka Alkitab, sing kudu dipikirké ora mung sing arep diomongké, tapi ya carané nyampèkké. Wacanen 2 Timotius 2:​24 lan 1 Pétrus 3:​15, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé carané ngetrapké ayat-ayat kuwi?

  • Nèk ana sing ora setuju karo pendapaté njenengan soal isiné Alkitab, njenengan kudu piyé?

  • Daripada meksa-meksa, ngapa kok mendhing ngejak mikir nganggo pertanyaan?

Sing sinau Alkitab lagi nginjil karo keluargané.

5. Nginjil isa marahi bahagia

Yéhuwah ngongkon Yésus nginjil. Yésus nganggep nginjil kuwi kaya apa? Wacanen Yohanes 4:​34, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Mangan kuwi ora mung bèn isa urip thok, tapi ya isa marahi bahagia. Ngapa kok Yésus ngomong nèk nginjil kuwi kaya mangan?

  • Menurut njenengan, ngapa kok nginjil isa marahi bahagia?

Saran

  • Pas pertemuan ibadah tengah pekan, nggatèkké piyé carané isa mulai omong-omongan wektu nginjil.

  • Ndaftar bèn isa mèlu latihan nginjil. Kuwi isa nggawé njenengan dadi luwih siap nginjil.

  • Latihan carané njelaské utawa njawab nganggo bagian ”Nèk Ana sing Ngomong” utawa ”Nèk Ana sing Takon”.

NÈK ANA SING TAKON: ”Piyé kabarmu?”

  • Sakjané pas ditakoni kuwi, njenengan isa crita soal Alkitab. Piyé carané?

KESIMPULAN

Nginjil kuwi marahi bahagia lan njenengan mesthi isa.

Jawaben

  • Ngapa kok kudu nyritakké isiné Alkitab karo wong liya?

  • Wektu nginjil, piyé carané bèn tetep ngajèni?

  • Apa waé carané bèn ora wedi nginjil?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé carané nginjil nganggo kartu kontak? Carané ana papat.

Carané Nawakké Kertu JW.ORG (1:​43)

Bèn isa nginjil, kudu nduwé sifat apa waé?

”Apa Njenengan Siap Dadi Tukang Njala Manungsa?” (Warta Penting September 2020)

Ana conto ing Alkitab nèk cah cilik ya isa kendel crita soal Yéhuwah. Deloken vidéoné.

Yéhuwah Isa Mbantu Kowé Kendel (11:59)

Piyé carané nyritakké soal Alkitab karo keluarga sing ora seiman?

”Carané Bèn Keluarga sing Ora Seiman Akhiré Gelem Nyembah Yéhuwah” (Warta Penting 15 Maret 2014)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim