PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 51
  • Carané Nggawé Yéhuwah Seneng Liwat Omongan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Nggawé Yéhuwah Seneng Liwat Omongan
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Omongan ”sing Apik kanggo Nguwatké”
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Apa Omongané Njenengan Isa ”Dadi Conto” kanggo Wong Liya?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Omonganmu Kudu Nyenengké
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 51
Pelajaran 51. Wong wédok telu ngobrol karo ngopi.

PELAJARAN 51

Carané Nggawé Yéhuwah Seneng Liwat Omongan

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Manungsa diciptakké isa ngomong. Kuwi anugrah saka Gusti Allah. Yéhuwah péngin nèk awaké dhéwé ngomong kuwi sing apik. (Wacanen Yakobus 1:​26.) Piyé carané nggawé Yéhuwah seneng liwat omongan?

1. Piyé carané nggawé Yéhuwah seneng liwat omongan?

Menurut Alkitab, awaké dhéwé dikon ”terus nguwatké lan mbantu liyané”. (1 Tésalonika 5:​11) Njenengan péngin nguwatké sapa? Piyé carané nguwatké? Njenengan isa ngomong nèk bener-bener perduli karo dhèwèké lan seneng karo sifat-sifaté sing apik. Njenengan ya isa nguwatké dhèwèké nganggo ayat-ayat ing Alkitab. Wacakna ayat-ayat kuwi. Dhèwèké ya isa dikuwatké nèk carané awaké dhéwé ngomong kuwi apik lan alus.​—Wulang Bebasan 15:1.

2. Awaké dhéwé ora éntuk ngomongké apa?

Ing Alkitab disebutké, ”Aja nganti kowé ngomong sing ora apik.” (Wacanen Éfésus 4:​29.) Kuwi berarti ora éntuk misuh lan ngomong kasar utawa ngomong sing marahi wong liya lara ati. Terus, ya aja ngrasani nganti ngèlèk-èlèk wong liya, utawa ngomongké sing sakjané rahasia, utawa malah nganti mitnah.​—Wacanen Wulang Bebasan 16:28.

3. Piyé bèn isa nguwatké wong liya nganggo omongan?

Sing dipikirké lan dirasakké wong kuwi kétok saka omongané. (Lukas 6:​45) Mulané kudu mikirké ’sing adil, sing murni, sing nggawé awaké dhéwé sayang wong liya, lan sing pantes dialem’. (Filipi 4:8) Bèn isa mikirké kuwi, berarti kudu pinter-pinter milih kanca lan milih hiburan. (Wulang Bebasan 13:20) Terus nèk mèh ngomong, ya kudu dipikir sik akibaté kanggo wong liya. Menurut Alkitab, ”Omongan sing ora dipikir kuwi kaya pedhang sing ditusukké, ning omongané wong sing wicaksana isa nambani.”​—Wulang Bebasan 12:18.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé bèn isa nggawé Yéhuwah seneng lan nguwatké wong liya liwat omongan.

4. Bèn aja nganti salah ngomong

Kadhang-kadhang awaké dhéwé isa salah ngomong, terus dadi gela. (Yakobus 3:2) Wacanen Galatia 5:​22, 23, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Njenengan kudu nduwé sifat-sifat kuwi bèn aja nganti salah ngomong. Njenengan péngin ndonga bèn nduwé sifat sing endi? Lha ngapa kok milih sifat kuwi?

Wacanen 1 Korintus 15:​33, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Nèk milih kanca lan hiburan sing apik, omongané awaké dhéwé dadi piyé? Nèk milih kanca lan hiburan sing ora nggenah, omongané awaké dhéwé dadi piyé?

Gambar: Sing marahi wong lanang ngomong kasar karo bojoné. 1. Seneng ngrungokké musik rock. 2. Seneng nonton pertandingan tinju ing TV. Gambar: Sing marahi wong lanang alus pas ngomong karo bojoné. 1. Seneng maca Alkitab. 2. Seneng bergaul karo sedulur seiman.

Wong isa dadi seneng ngomong kasar utawa alus kuwi merga apa?

Wacanen Pengkhotbah 3:​1, 7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Kadhang luwih apik nèk meneng waé utawa ngentèni wektu sing pas kanggo ngomong. Misalé pas apa?

5. Ora ngèlèk-èlèk wong liya

Piyé bèn ora ngèlèk-èlèk wong liya? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: ”Ngomongké Apa sing Apik kanggo Nguwatké” (4:​07)

  • Apa sing marahi sedulur kuwi akhiré ngerti nèk dhèwèké kuduné ora ngèlèk-èlèk wong liya?

  • Apa buktiné nèk dhèwèké saiki ora ngèlèk-èlèk wong liya?

Wacanen Pengkhotbah 7:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, nèk nganti péngin ngèlèk-èlèk wong liya, kudu ngrumangsani apa?

Wacanen Pengkhotbah 7:​21, 22, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut ayat kuwi, bèn ora nesu pas dièlèk-èlèk wong liya, awaké dhéwé kudu piyé?

6. Kudu sing apik lan alus pas omongan karo keluarga

Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé nèk ngomong karo keluarga ya kudu sing apik. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Kudu Nresnani lan Ngajèni Bèn Keluarga Rukun (3:​08)

  • Piyé bèn isa ngomong sing apik lan alus karo keluarga?

Wacanen Éfésus 4:​31, 32, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Bèn keluarga isa ngrasa disayang, omongané awaké dhéwé kudu piyé?

Yéhuwah ngomong nèk Dhèwèké sayang karo Yésus. Wacanen Matius 17:​5, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé carané niru Yéhuwah wektu omongan karo keluarga?

Ibu muji anaké wédok sing bar nggambar.

Kudu seneng muji

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sing mèh tak omongké ya tak omongké waé. Ora perduli wong arep seneng apa ora.”

  • Nèk njenengan dhéwé piyé? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

KESIMPULAN

Awaké dhéwé isa nggawé wong liya dadi semangat utawa lara ati liwat omongan. Mulané, kudu mikir sik apa sing arep diomongké, piyé carané, lan kapan arep ngomong.

Jawaben

  • Piyé carané nggawé Yéhuwah seneng liwat omongan?

  • Awaké dhéwé ora éntuk ngomongké apa?

  • Piyé bèn isa nguwatké wong liya nganggo omongan?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé bèn isa nguwatké wong liya liwat omongan?

Wong sing Wicaksana Ngomongké sing Apik (8:​04)

Piyé bèn ora ngomong sing kasar?

”Apa Ngomong Kasar Kuwi Mémang Salah?” (Artikel ing jw.org)

Piyé bèn aja nganti mèlu-mèlu ngèlèk-èlèk wong liya?

Aja Nyebarké Gosip (2:​36)

Ana pengalamané wong lanang sing mauné seneng misuh, tapi akhiré wis ora kaya ngono manèh.

”Aku Mulai Mikirké soal Masa Depanku” (Warta Penting 1 Agustus 2013)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim