PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp16 No. 5 hlm. 3
  • Awaké Dhéwé Butuh Panglipur

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Awaké Dhéwé Butuh Panglipur
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Panglipur Wektu Ngadhepi Masalah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • ”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Nguwatké Korban Pelècèhan Sèksual
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Carané Gusti Allah Mènèhi Panglipur
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
wp16 No. 5 hlm. 3

SING UTAMA DIREMBUG | CARANÉ ÉNTUK PANGLIPUR

Awaké Dhéwé Butuh Panglipur

Ibu nglipur anaké lanang

Apa panjenengan éling tau tiba wektu cilik? Isa waé tangan utawa dengkulé babak bundhas. Apa isih éling carané ibuké panjenengan nglipur? Mbokmenawa dhèwèké ngresiki tangan utawa dengkul sing lara mau lan diblebet nganggo perban. Panjenengan nangis, ning wektu krungu omongané ibu sing nentremké ati lan dirangkul, kuwi nggawé krasa ayem. Wektu kuwi, panjenengan éntuk panglipur.

Ning, saya gedhé urip dadi saya angèl, masalah dadi luwih akèh, lan angèl éntuk panglipur. Masalahé wong diwasa ora cukup dirampungi mung nganggo perban lan dirangkul ibu. Gatèkna conto-conto iki.

  • Apa panjenengan tau ngadhepi masalah merga kélangan gawéan? Julian kandha nèk wektu ditokké saka gawéan, dhèwèké kagèt lan nglokro. Dhèwèké bingung, ’Piyé carané ngopèni keluargaku? Wis taunan aku kerja mempeng kanggo perusahaan, apa sebabé aku dianggep ora guna?’

  • Mbokmenawa panjenengan nglokro merga pegatan. Raquel kandha, ”18 sasi kepungkur aku ditinggal bojoku, aku sedhih lan atiku remuk rasané. Kuwi nggawé perasaan lan awakku lara. Uga aku dadi kewedèn.”

  • Mbokmenawa panjenengan lara parah lan kétoké ora isa mari. Wektu kuwi isa waé panjenengan nduwé perasaan kaya Ayub sing kandha, ”Kawula sampun jelèh, kawula boten sagah gesang ing salaminipun.” (Ayub 7:16) Panjenengan isa waé krasa kaya Luis, wong lanang sing umuré 80-an, sing kandha, ”Kadhang kala aku rumangsa péngin mati waé.”

  • Utawa, mbokmenawa panjenengan butuh panglipur merga ditinggal mati wong sing ditresnani. Robert kandha, ”Wektu anakku lanang mati merga kecelakaan pesawat, aku ora percaya. Ning, saya suwé aku krasa sedhih banget kaya ditusuk pedhang sing landhep.”​—Lukas 2:35.

Senajan Robert, Luis, Raquel, lan Julian ora éntuk panglipur wektu ngadhepi kahanan susah, ning, akhiré wong-wong kuwi éntuk panglipur saka Gusti Allah sing Mahakuwasa. Piyé carané Gusti Allah mènèhi panglipur? Apa Gusti Allah bakal nglipur wektu panjenengan ngadhepi masalah?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim