PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp18 No. 3 hlm. 3
  • ”Gusti Allah ing Endi?”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Gusti Allah ing Endi?”
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Aku Puas lan Bahagia Nglayani Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Pambuka
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Terus ”Berharap marang Yéhuwah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
wp18 No. 3 hlm. 3
Wong-wong berkabung karo nyekel lilin

”Gusti Allah Ing Endi?”

”AKÈH SING KEREP TAKON: GUSTI ALLAH ING ENDI?”​—Paus Benedict XVI, wektu nekani bekas kamp konsèntrasi ing kutha Auschwitz, Polandia.

WEKTU ANA MASALAH UTAWA MUSIBAH, ISA WAÉ PANJENENGAN MIKIR, ’APA SEBABÉ GUSTI ALLAH ORA TUMINDAK? APA GUSTI ALLAH NGGATÈKKÉ AKU?’

Gatèkna pengalamané Sheila, sing manggon ing Amerika Serikat. Senajan digedhèkké ing keluarga sing religius, Sheila kandha, ”Aku ora tau ngrasa cedhak karo Gusti Allah. Isa waé Gusti Allah mung ngamati saka kadohan. Kétoké Gusti Allah kuwi ora gething karo aku, ning ya ora sayang karo aku.” Apa sebabé Sheila ngrasa kaya ngono? Sheila kandha, ”Keluargaku ngalami masalah sing ora ana entèké. Ning, kétoké Gusti Allah meneng waé.”

Kaya Sheila, panjenengan mungkin ngerti nèk Gusti Allah kuwi ana. Ning, isa waé panjenengan mikir, ’Apa Gusti Allah bener-bener nggatèkké aku?’ Alkitab nyritakké bab Ayub sing uga ngrasa ragu, senajan dhèwèké ngerti nèk Gusti Allah kuwi mahakuwasa lan wicaksana. (Ayub 2:3; 9:4) Sakwisé ngalami musibah sing ora ana entèké, Ayub takon marang Gusti Allah, ”Apa sebabé Panjenengan ora nggubris aku lan nganggep aku mungsuh?”​—Ayub 13:24, Terjemahan Dunia Baru (NW).

Apa kandhané Alkitab? Apa musibah kuwi salahé Gusti Allah? Apa ana bukti nèk Gusti Allah nggatèkké kabèh manungsa, klebu panjenengan pribadi? Piyé panjenengan isa ngerti nèk Gusti Allah kuwi nggatèkké, ngertèni, nduwé empati, utawa isa mbantu wektu ana masalah?

Ing artikel-artikel sakbanjuré, kita bakal sinau saka ciptaan, bab Gusti Allah sing perduli karo kita. (Roma 1:20) Terus, kita uga bakal sinau bab kuwi saka Alkitab. Panjenengan perlu luwih kenal karo Gusti Allah liwat ciptaan lan Alkitab, bèn isa luwih yakin karo kandhané Alkitab, ”Panjenengané nggatèkké kowé.”​—1 Yohanes 2:3; 1 Pétrus 5:7.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim