PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 8-9
  • Wektu Nduwé Bojo sing Ora Setya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Nduwé Bojo sing Ora Setya
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • AYAT ALKITAB SING ISA DIRENUNGKÉ
  • Panglipur Wektu Ngadhepi Masalah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • 3 Mbantu Ngadhepi Masalah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 8-9
Wong wédok lagi ndonga

Wektu Nduwé Bojo sing Ora Setya

”Rasané aku péngin mati waé wektu bojoku kandha nèk dhèwèké selingkuh karo wong wédok sing luwih enom. Aku ora trima, apa manèh nèk kèlingan kabèh pengorbananku kanggo dhèwèké.”​—Maria, Spanyol.

”Rasané uripku kaya ora ana artiné manèh wektu bojoku ninggalké aku. Kadhang kala, aku isa nglalèkké masalahku. Ning, ngerti-ngerti aku kèlingan lan dadi strès manèh.”​—Bill, Spanyol.

WONG sing bojoné selingkuh biasané lara ati banget. Dhèwèké mungkin isa ngapura lan rukun manèh karo bojoné.a Ning, ora masalah pegatan apa ora, dhèwèké bakal tetep lara ati. Apa sing isa ditindakké nèk ngadhepi keadaan kaya ngono?

AYAT ALKITAB SING ISA DIRENUNGKÉ

Wong sing bojoné selingkuh isa ngrasa dikuwatké nèk maca Alkitab. Wektu maca Alkitab, dhèwèké bakal ngerti nèk Gusti Allah perduli karo dhèwèké.​—Maléakhi 2:13-16.

”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.”​—Jabur 94:19.

Bill kandha, ”Wektu maca ayat kuwi, aku ngrasa nèk Yéhuwah kaya bapak sing nguwatké aku.”

”Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya.”​—Jabur 18:26.

Carmen, sing bojoné tau selingkuh, kandha, ”Bojoku ora setya karo aku. Ning, aku ngerti nèk Yéhuwah tetep setya karo aku. Dhèwèké ora bakal nggawé aku kecéwa.”

”Aja nguwatirké apa waé, nanging ing kabèh kahanan, nyuwuna bantuané Gusti Allah liwat donga lan panyuwun . . . lan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati[mu].”​—Filipi 4:6, 7.

Sasha kandha, ”Aku bola-bali maca ayat iki. Merga terus ndonga, aku isa ngrasa ayem.”

Kabèh wong sing disebutké mau awalé ngrasa ora nduwé semangat urip manèh. Ning, wong-wong kuwi percaya karo Yéhuwah lan ngrasa dikuwatké wektu maca Alkitab. Bill kandha, ”Merga nduwé iman, aku ngrasa isih nduwé harapan senajan mauné aku ngrasa nèk uripku wis ora ana artiné. Aku ngrasa nèk Gusti Allah nguwatké aku senajan aku ”lumaku ana ing jurang palimenganing pati”.​—Jabur 23:4.

a Deloken Sedarlah! 22 April 1999 sing judhulé ”Bila Teman Hidup Berselingkuh” ing halaman 3-5, 5-9, lan 9-12 sing ngrembug soal saran-saran sing isa dipikirké sakdurungé nggawé keputusan arep pegatan utawa ora.

Saran-saran sing Isa Mbantu

Maca lan ngrenungké Alkitab.

Bill kandha, ”Aku maca buku Ayub lan Jabur. Bar kuwi, aku nggarisi kabèh ayat sing cocog karo keadaanku. Aku ngrasa nèk wong-wong sing critané ditulis ing Alkitab kuwi ya tau ngrasakké sing padha karo aku.”

Ngrungokké musik.

Carmen kandha, ”Pas ora isa turu, aku ngrungokké musik. Kuwi nggawé aku tenang.” Daniel kandha, ”Aku sinau main gitar. Aku isa ngrasa ayem wektu ngrungokké musik sing tak mainké.”

Nyritakké soal perasaané awaké dhéwé.

Daniel kandha, ”Nèk ana apa-apa, biasané aku ora crita karo kabèh wong. Ning, aku ngupaya nyritakké perasaanku karo kanca-kancaku liwat surat utawa omong-omongan langsung. Kuwi nggawé aku ngrasa lega.” Sasha kandha, ”Keluargaku bener-bener mbantu aku. Ibuku mesthi gelem ngrungokké critaku. Bapakku ya sayang lan terus ndhukung aku.”

Terus ndonga.

Carmen kandha, ”Aku terus ndonga. Aku ngrasa nèk Gusti Allah ora ninggalké aku, ngrungokké aku, lan mbantu aku. Wektu ngadhepi masalah kaya ngéné, aku ngupaya saya akrab karo Gusti Allah.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim