PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 12-13
  • Wektu Péngin Bunuh Diri

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Péngin Bunuh Diri
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGGOLÈK BANTUAN
  • DEPRESI BAKAL DISINGKIRKÉ
  • Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 12-13
Wong wédok lagi lungguh karo ndelok ing kadohan lan ana Alkitab sing kebukak ing méja

Wektu Péngin Bunuh Diri

”Aku terus-terusan ngrasa kuwatir, sedhih, lan ora nduwé semangat urip manèh. Rasané aku péngin mati waé.”​—Adriana, Brazil.

NÈK tau ngrasakké kaya ngono, awaké dhéwé mungkin isa ngertèni perasaané Adriana. Dokter kandha nèk Adriana ngalami depresi klinis.

Terus, ya ana wong Jepang sing jenengé Kaoru. Dhèwèké kudu ngrawat wong tuwané sing wis tuwa lan lara-laranen. Kaoru kandha, ”Aku tau ngrasa strès banget ing gawéan. Aku nganti ora doyan mangan lan ora isa turu. Luwih apik nèk aku mati waé.”

Ana manèh wong lanang saka Nigeria sing jenengé Ojebode. Dhèwèké kandha, ”Aku terus-terusan ngrasa sedhih lan nganti nangis. Mula, aku nggolèk cara bèn isa bunuh diri.” Pancèn, Ojebode, Kaouru, lan Adriana akhiré ora sido bunuh diri. Ning, saben taun kira-kira ana 800.000 wong ing sakdonya sing bunuh diri.

NGGOLÈK BANTUAN

Wong sing bunuh diri kuwi akèh-akèhé wong lanang. Wong-wong kuwi biasané isin kanggo nggolèk bantuan. Ning, Yésus kandha nèk wong lara mbutuhké dokter. (Lukas 5:31) Dadi, nèk nganti péngin bunuh diri, awaké dhéwé ora perlu isin kanggo nggolèk bantuan. Akèh wong sing ngalami kaya ngono ngrasakké manfaaté éntuk perawatan keséhatan. Ojebode, Kaoru, lan Adriana saiki ya isa ngrasa luwih tenang merga éntuk perawatan keséhatan.

Wong sing depresi mungkin perlu ngombé obat, konsultasi karo dokter, utawa nindakké loro-loroné bèn isa luwih tenang. Wong kuwi ya mbutuhké keluarga lan kanca-kanca sing perduli, sabar, lan ndhukung dhèwèké. Yéhuwah ya nyedhiakké bantuan liwat Alkitab.

DEPRESI BAKAL DISINGKIRKÉ

Wong sing depresi biasané ora isa langsung mari lan kudu éntuk perawatan keséhatan. Dhèwèké ya perlu nggawé penyesuaian. Nèk lagi ngalami depresi, awaké dhéwé isa mbayangké harapan ing masa depan. Kuwi sing ditindakké Ojebode. Dhèwèké kandha, ”Aku mbayangké wektu janji ing Yésaya 33:24 kelakon. Wektu kuwi, ora bakal ana wong sing lara.” Kaya Ojebode, awaké dhéwé ya isa éntuk penghiburan saka Gusti Allah sing janji nèk ”rasa lara” ora bakal ana manèh ing ”bumi anyar”. (Wahyu 21:1, 4) Kuwi artiné manungsa bakal bébas saka kabèh penyakit termasuk depresi. Ing masa depan, kabèh sing nggawé awaké dhéwé depresi ”ora bakal dielingi maneh, lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati”.​—Yésaya 65:17.

Ayat Alkitab sing Isa Direnungké

Gusti Allah ngertèni awaké dhéwé.

”Ingsun iki, Pangéran Yéhuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: ’Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.’”​—Yésaya 41:13.

Yéhuwah sing paling ngerti perasaané awaké dhéwé lan péngin mbantu awaké dhéwé.

Ngrenungké Alkitab.

”[Èlia] banjur kepéngin séda, unjuké: ’ . . . Dhuh Yéhuwah, Paduka mugi karsaa mulung nyawa kawula.’”​—1 Para Raja 19:4.

Ojebode kandha, ”Wektu ngrenungké Alkitab, aku dadi ngerti nèk Nabi Èlia ya tau ngrasakké apa sing tak rasakké.”

Sinau saka conto-conto ing Alkitab.

”[Yésus] wis nyuwun marang Gusti Allah kanggo kowé [Pétrus], supaya imanmu aja nganti ilang.”​—Lukas 22:32.

Sakwisé ora ngakoni Yésus nganti ping telu, Rasul Pétrus ngrasa sedhih banget. Kaoru kandha, ”Pengalamané Pétrus mbantu aku ngerti nèk Yéhuwah lan Yésus perduli karo perasaané Pétrus. Iki bener-bener nguwatké aku.”

Ing masa depan, kabèh sing nggawé awaké dhéwé depresi ”ora bakal dielingi maneh, lan ora bakal tuwuh maneh ing sajroning ati”.​—Yésaya 65:17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim