PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 3 hlm. 6-8
  • Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING DILAKONI WONG-WONG
  • PIYÉ KENYATAANÉ?
  • Kabèh Péngin Uripé Pénak
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Bèn Isa Urip Pénak Kudu Piyé?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Carané Bèn Isa Ayem lan Bahagia
    Gatèkna!—2021
  • Apa Nèk Wis Dadi Wong Apik Uripé Mesthi Pénak?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 3 hlm. 6-8
Cah kuliahan mèh mlebu kelas.

Apa Nèk Wis Sekolah Dhuwur utawa Sugih Uripé Mesthi Pénak?

Akèh sing mikir nèk wis sekolah dhuwur lan sugih uripé mesthi pénak. Wong-wong kuwi mikir nèk wong sing kuliah biasané kerjané luwih apik, isa mbantu keluarga, lan dadi warga negara sing apik. Terus, nèk sekolahé dhuwur mengko isa éntuk gawéan sing gajiné gedhé, lan nèk dhuwité akèh uripé isa bahagia.

SING DILAKONI WONG-WONG

Zhang Chen, saka Tiongkok, kandha, ”Nèk aku wis éntuk gelar sarjana, aku mengko isa éntuk gawéan sing gajiné gedhé, dadi aku isa bahagia, ora susah terus.”

Bèn uripé isa luwih pénak, akèh sing kuliah ing univèrsitas-univèrsitas terkenal, bahkan mungkin kuliahé nganti tekan luar negri. Mémang pas ana COVID-19, perjalanan luar negri dibatesi. Tapi sakdurungé ana COVID-19, sing kuliah ing luar negri saben taun tambah akèh. Taun 2012, Organisasi untuk Kerja Sama dan Pembangunan Ekonomi (OECD) nglaporké nèk sing kuliah ing luar negri akèh-akèhé wong Asia.

Akèh wong tuwa sing kerja mati-matian bèn anaké isa kuliah ing luar negri. Qixiang, saka Taiwan, crita, ”Wong tuwaku ora sugih, tapi anaké papat-papaté kuliah ing Amerika Serikat.” Bèn isa mbayari kuliahé anak-anaké, keluargané Qixiang utangé dadi akèh. Keluarga-keluarga liyané ya akèh sing kaya ngono.

PIYÉ KENYATAANÉ?

Wong wédok nggarap tugas ing ngarep komputer nganti bengi.

Wong-wong sing fokusé sekolah dhuwur lan nggolèk dhuwit akhiré dadi strès

Pendidikan mémang ana manfaaté, tapi akèh sing wis sekolah dhuwur hasilé ora kaya sing dikarepké. Misalé, akèh sing wis berusaha nganti pirang-pirang taun lan utang kana-kéné kanggo mbayar sekolah, tapi akhiré ora éntuk gawéan sing dipéngini. Rachel Mui tau nulis kaya ngéné ing koran Business Times Singapura: ”Saiki saya akèh sarjana sing nganggur.” Jianjie, sarjana S3 sing manggon ing Taiwan, kandha, ”Akèh sing akhiré éntuk gawéan sing ora sesuai karo jurusané.”

Sing liyané mungkin ana sing éntuk gawéan sesuai karo jurusané, tapi kenyataané ora kaya sing dibayangké. Niran, saka Thailand, kuliah ing Eropa. Bar lulus, dhèwèké éntuk gawéan sing sesuai karo jurusané. Dhèwèké kandha, ”Aku mémang isa éntuk gawéan sing gajiné gedhé, tapi aku kudu kerja keras, ora tau lèrèn. Terus, pas ana PHK, aku ya mèlu kena. Aku dadi ngerti nèk ora ana gawéan sing bener-bener isa dijagakké.”

Bahkan wong sing wis sugih lan uripé pénak ya isa ngalami masalah keluarga, lara, lan kerep kuwatir merga mikirké dhuwité. Katsutoshi, saka Jepang, ngomong, ”Dhuwitku akèh tapi aku ora bahagia, soalé akèh sing iri lan jahat karo aku.” Lin, wong wédok sing manggon ing Vietnam, kandha, ”Akèh sing berusaha nggolèk dhuwit sak akèh-akèhé merga péngin uripé pénak, tapi nyatané malah kerep kuwatir, lara, lan strès.”

NÈK WIS SEKOLAH DHUWUR LAN SUGIH DURUNG MESTHI URIPÉ PÉNAK

Mémang bèn isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluarga, wong kudu sekolah lan kerja. Tapi, ora berarti nèk wis sekolah dhuwur lan sugih uripé mesthi pénak. Lha ngapa? Gatèkna keterangan ing Kitab Suci.

SING SEKOLAH DHUWUR ORA MESTHI SUKSÈS.

”Sing banter ora mesthi menang balapan, . . . sing pinter ora mesthi dadi sugih, sing nduwé pengetahuan ora mesthi suksès, merga wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka dialami kabèh wong kuwi.”​—PENGKHOTBAH 9:11.

Meskipun wis sekolah dhuwur, tapi kadhang ora isa suksès merga ana kejadian sing ora disangka-sangka. Misalé, ngerti-ngerti ana krisis ékonomi utawa masalah politik ing negarané, utawa ana wong-wong sing njahati.

HARTA ISA ILANG.

”Kerjamu aja kebangeten mung merga péngin sugih. Aja ngono manèh, lan kowé kudu nduduhké pemahaman. Harta kuwi kaya manuk elang sing nduwé sayap, terus mabur ing langit. Lagi waé mbok delok, kuwi wis ilang.”​—WULANG BEBASAN 23:4, 5.

Dhuwit mémang bermanfaat, tapi ora isa dijagakké. Nèk ana krisis ékonomi, dhuwit karo tabungan ya isa ngerti-ngerti entèk. Nèk ana bencana, kaya gempa bumi, kebakaran, lan angin topan, wong ya isa kélangan hartané.

NÈK DHUWITÉ AKÈH BIASANÉ MASALAHÉ YA AKÈH.

”Wong sing sugih ora isa turu merga hartané akèh.”​—PENGKHOTBAH 5:12.

Franklin, sing manggon ing Hong Kong, ya ngrasakké nèk kata-kata kuwi bener. Dhèwèké wis sekolah dhuwur, éntuk gawéan sing apik, terus ya dadi manajer. Tapi dhèwèké crita, ”Aku strès nganti ora isa turu, terus aku dadi lara.” Akhiré dhèwèké ngrasa ora sanggup. Dhèwèké ngomong, ”Kok uripku kaya ngéné ya. Terus aku kudu piyé bèn isa bahagia.”

”Kerjamu aja kebangeten mung merga péngin sugih.”​—WULANG BEBASAN 23:4

Kaya Franklin, akèh sing akhiré sadhar nèk ana sing luwih penting timbang sekolah dhuwur lan nduwé dhuwit akèh. Ana beberapa sing mikir bèn uripé pénak kudu dadi wong sing apik. Tapi apa kuwi bener? Jawabané ana ing artikel berikuté.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim