PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp22 No. 1 hlm. 10-11
  • 3 | Aja Mikirké sing Marakké Sengit

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 3 | Aja Mikirké sing Marakké Sengit
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Naséhat ing Alkitab:
  • Maksudé
  • Ngetrapkéné Piyé?
  • ’Stéfanus Disenengi Gusti Allah lan Diwènèhi Gusti Allah Kuwasa sing Gedhé’
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Piyé Bèn Ora Terus Nduwé Rasa Sengit?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Ngapa Kok Rasa Sengit Ana Terus?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
wp22 No. 1 hlm. 10-11
Wong lanang mbayangké lagi salaman karo wong sing béda sukuné. Ing ngisoré ana bayangané mereka sing lagi padu.

PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?

3 | Aja Mikirké Sing Marakké Sengit

Naséhat ing Alkitab:

”Kowé kudu ngubah pikiranmu bèn kowé isa ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.”​—ROMA 12:2.

Maksudé

Rasa sengit kuwi asalé saka ati lan pikiran. Nèk ora sengit, berarti ora mung dibuktèkké liwat omongan lan tingkah laku, tapi ya babar blas ora éntuk mendhem rasa sengit. Gusti Allah nggatèkké pikirané awaké dhéwé. (Yérémia 17:10) Mula, aja nganti mikirké sing marakké sengit. Kuwi sing dimaksud ’ngubah pikiran’ kaya ing ayat mau. Hasilé, ora bakal ngrasa sengit manèh.

Ngetrapkéné Piyé?

Coba dipikir tenanan: ’Pas ndelok wong liya terutama sing béda suku utawa bangsa, aku nganggep wong-wong kuwi piyé? Aku nganggep kaya ngono merga wis kenal tenan karo wong kuwi utawa merga wong-wong ing sekitarku ngecapé ngono?’ Aja seneng ndelok média sosial, film, utawa hiburan liyané sing isiné isa marakké sengit karo wong liya.

Nèk ngetrapké naséhat ing Alkitab, ora bakal ngrasa sengit manèh

Mungkin ora gampang nèk péngin ngerti awaké dhéwé kuwi wong sing gampang sengit apa ora. Mulané kudu sinau Alkitab. Ing Alkitab ana naséhat sing isa marakké awaké dhéwé dadi ngerti ”pikiran lan niaté awaké dhéwé”. (Ibrani 4:12) Pas maca Alkitab coba dipikir, ’Apa sing tak pikirké lan tak rasakké wis cocog karo karepé Gusti Allah?’ Nèk ngetrapké kuwi, ora bakal ngrasa sengit manèh, meskipun awalé rasa sengit kuwi ”kuwat kaya bèntèng”.​—2 Korintus 10:4, 5.

Pengalaman​—STEPHEN

Ora Mikirké sing Marakké Sengit Manèh

Stephen.

Stephen karo keluargané ngrasakké dhéwé disengiti wong kulit putih. Merga terpengaruh kelompok politik sing seneng kekerasan, akhiré Stephen dadi wong sing kejem. Stephen crita, ”Aku karo kanca-kancaku kerep nonton film ing bioskop soal wong Afrika sing sengsara merga dadi budhak ing Amerika. Gara-gara nonton film kuwi, aku karo kanca-kancaku nyerang cah-cah enom kulit putih ing bioskop, terus lunga ing dhaérahé wong kulit putih kanggo nyerang wong-wong ing kono.”

Tapi bar sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, Stephen ora kaya ngono manèh. Dhèwèké crita, ”Sak ngertiku wong-wong seneng mbédak-mbédakké. Tapi, aku terkesan merga Seksi-Seksi Yéhuwah ora kaya ngono. Contoné, pas arep ing luar negri, ana Seksi Yéhuwah kulit putih sing nitipké anaké ing keluarga kulit hitam. Terus ya ana keluarga Seksi Yéhuwah kulit putih sing gelem ngopèni cah kulit hitam.” Stephen akhiré yakin nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bener-bener muridé Yésus merga saling menyayangi.​—Yohanes 13:35.

Apa sing marakké Stephen dadi ora sengit manèh? Dhèwèké seneng ayat ing Roma 12:2. Dhèwèké crita, ”Aku dadi ngerti nèk ora éntuk mikirké sing marakké sengit. Aku ora éntuk kejem manèh, tapi kudu berupaya rukun karo kabèh wong.” Nganti saiki, wis luwih saka 40 taun Stephen ora sengit manèh karo wong liya.

Pengalamané Stephen ditulis ing Menara Pengawal 1 Juli 2015, halaman 10-11.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim