PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp22 No. 1 hlm. 12-13
  • 4 | Njaluk Kekuwatan saka Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 4 | Njaluk Kekuwatan saka Gusti Allah
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Naséhat ing Alkitab:
  • Maksudé
  • Ngetrapkéné Piyé?
  • Piyé Bèn Ora Terus Nduwé Rasa Sengit?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Ngapa Kok Rasa Sengit Ana Terus?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Ora Ana sing Nduwé Rasa Sengit Manèh
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
wp22 No. 1 hlm. 12-13
Wong mlaku marani Alkitab sing bersinar. Bayang-bayangé nggambarké sipaté mereka sing mbiyèn èlèk.

PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?

4 | Njaluk Kekuwatan Saka Gusti Allah

Naséhat ing Alkitab:

”Wong sing dituntun roh suci bakal nduwé katresnan, bahagia, tentrem, sabar, apikan, nindakké apa sing bener, nduwé iman, nduwé watak sing alus, lan isa ngendhalèni dhiri.”—GALATIA 5:22, 23.

Maksudé

Bèn ora nduwé rasa sengit manèh, kudu njaluk kekuwatan saka Gusti Allah. Soalé ora mungkin isa nèk nganggo kekuwatané dhéwé. Roh suci kuwi kekuwatané Gusti Allah. Nèk Gusti Allah mènèhi roh suciné, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat apik sing kétoké mustahil diduwèni. Paulus wis mbuktèkké dhéwé, mulané dhèwèké ngomong, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.” (Filipi 4:13) Ing Alkitab ya disebutké, ”Yéhuwah sing bakal nulungi aku.”​—Mazmur 121:2.

Ngetrapkéné Piyé?

”Yéhuwah sing nggawé aku dadi wong sing apik lan ora kasar manèh.”​—WALDO

Ndonga tenanan karo Yéhuwah, njaluk roh suciné, lan njaluk dibantu bèn nduwé sipat-sipat sing apik. (Lukas 11:13) Golèkana keterangan ing Alkitab soal sipat-sipat sing isa marakké ora sengit manèh. Misalé sabar, ora gampang nesu, ora seneng padu, lan sayang karo wong liya. Terus, berupaya ngetrapké sipat-sipat kuwi. Bergaulé ya kudu karo wong sing berupaya ngetrapké sipat-sipat kuwi. Hasilé, awaké dhéwé isa dadi ”saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik”.​—Ibrani 10:24.

Pengalaman​—WALDO

Ora Kejem Manèh

Waldo.

Kèt cilik, Waldo kerep dadi korban kekerasan. Mulané, dhèwèké dadi gampang sengit. Dhèwèké crita, ”Aku kerep gelut karo bandar narkoba. Gèng mungsuhku tau nyéwa pembunuh bayaran kanggo matèni aku. Aku ditusuk tapi isa melarikan diri.”

Waldo ora seneng pas bojoné sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Aku ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah, malah kerep tak pisuh-pisuhi. Tapi wong-wong kuwi tetep tenang ora mbales.”

Akhiré Waldo sinau Alkitab. Dhèwèké crita, ”Aku ngrasa ora mungkin isa dadi wong sing sabar lan ora kejem manèh.” Apa sing marakké Waldo ora mikir ngono manèh?

Dhèwèké crita, ”Wektu kuwi Alejandro, sing ngajari aku sinau Alkitab, ngongkon aku maca Galatia 5:22, 23. . . . Alejandro ngandhani nèk péngin nduwé sipat-sipat sing disebutké ing ayat kuwi, aku kudu dibantu Gusti Allah nganggo roh suciné. Ora isa nèk nganggo kekuwatanku dhéwé. Bar dikandhani kuwi, akhiré aku ngerti nèk aku isa dadi wong sing sabar lan ora kejem manèh.”

Merga gelem dibantu Gusti Allah, Waldo akhiré ora sengit manèh karo wong liya. Dhèwèké ngomong, ”Keluarga karo kanca-kancaku nganti ora percaya nèk aku saiki wis dadi wong sing luwih apik. Yéhuwah sing nggawé aku dadi wong sing apik lan ora kasar manèh.”

Pengalamané Waldo ditulis ing Menara Pengawal 1 Oktober 2013, halaman 12-13.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim