PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w22 Agustus hlm. 26-31
  • Yéhuwah Sayang karo Wong sing Bener

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Sayang karo Wong sing Bener
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • WONG SING BENER KUWI KAYA APA?
  • BÈN ISA TERUS MANUT PATHOKANÉ YÉHUWAH
  • Yéhuwah Bakal Nglindhungi Kowé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Yéhuwah Mbantu Njenengan Berhasil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Dhèwèké Nglindhungi, Ngopèni, lan Ora Gampang Nyerah
    Tirunen Imané
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
w22 Agustus hlm. 26-31

ARTIKEL PELAJARAN 36

Yéhuwah Sayang karo Wong sing Bener

”Yéhuwah sayang karo wong sing bener.”​—MZM. 146:8.

LAGU 9 Yéhuwah Wis Dadi Raja

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Yusuf tau dirayu apa, lan piyé tanggepané?

ANA wong wédok sing tau ngrayu Yusuf. Wong wédok kuwi bojoné Potifar, majikané Yusuf. Dhèwèké kandha karo Yusuf, ”Ayo, turu karo aku.” Tapi Yusuf ora gelem. Mungkin ana sing mikir, ’Kok isa ya Yusuf ora gelem dijak turu karo bojoné majikané?’ Wektu kuwi, Potifar lagi lunga, lan Yusuf kuwi ya mung budhak. Dadi nèk dhèwèké ora gelem nuruti bojoné majikané, dhèwèké isa kena masalah. Tapi meskipun bola-bali digodha, Yusuf tetep ora gelem. Yusuf ngomong, ”Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.”​—PD. 39:7-12.

2. Kok isa Yusuf nganggep nèk hubungan sèks karo bojoné majikané kuwi perbuatan sing jahat banget lan dosa marang Gusti Allah?

2 Kok isa Yusuf nganggep nèk hubungan sèks karo bojoné majikané kuwi perbuatan sing ”jahat banget”? Mémang, ing hukum Musa ana préntah, ”Aja laku jina.” (Pa. 20:14) Tapi, Hukum Musa lagi ditulis 200 taun sakwisé jamané Yusuf. Meskipun ngono, Yusuf ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo perbuatan kuwi. Yusuf ya mesthi ngerti nèk Yéhuwah péngin wong sing nikah kuwi bojoné mung siji. Terus, dhèwèké mungkin tau dicritani piyé Yéhuwah nglindhungi mbah buyuté, yaiku Sara, bèn ora didadèkké bojo karo raja Mesir lan raja Gérar. Sakliyané kuwi, dhèwèké mungkin ya ngerti piyé Yéhuwah nglindhungi Ribka bojoné Ishak. (PD. 2:24; 12:14-20; 20:2-7; 26:6-11) Saka peristiwa-peristiwa kuwi, Yusuf isa ngerti endi sing bener lan sing salah nurut pandhangané Yéhuwah. Merga sayang karo Yéhuwah, Yusuf gelem nuruti apa sing dianggep bener karo Yéhuwah.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Apa njenengan péngin dadi wong sing bener? Mesthiné iya, ta? Tapi, awaké dhéwé kan ora sampurna. Terus, awaké dhéwé ya isa dipengaruhi karo pandhangané wong-wong soal apa sing bener lan sing salah. (Yés. 5:20; Rm. 12:2) Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Wong sing bener kuwi kaya apa? Apa manfaaté nèk manut karo pathokané Yéhuwah? Piyé carané bèn awaké dhéwé terus manut pathokané Yéhuwah?

WONG SING BENER KUWI KAYA APA?

4. Akèh wong jaman saiki rumangsa piyé?

4 Pas ing bumi, Yésus ora seneng karo para pemimpin agama sing rumangsa paling bener. Wong-wong kuwi nggawé aturan dhéwé soal apa sing bener lan sing salah. (Pkh. 7:16; Luk. 16:15) Akèh wong jaman saiki ya kaya ngono. Akèh sing rumangsa perbuatané bener, padahal wong-wong kuwi seneng ngecap wong liya lan ngrasa luwih apik timbang wong liya. Yéhuwah ora seneng karo wong sing kaya ngono kuwi. Kanggoné Yéhuwah, wong sing bener kuwi manut karo pathokané Yéhuwah lan ora ngrasa luwih apik timbang wong liya.

5. Nurut Alkitab, wong sing bener kuwi kaya apa? Jelasna.

5 Wong sing bener kuwi perbuatané sesuai karo apa sing dianggep bener karo Gusti Allah. Dadi, Gusti Allah sayang karo wong sing bener. Nurut Alkitab, ”wong sing bener” kuwi wong sing manut karo pathokané Yéhuwah. Misalé, Yéhuwah ora seneng karo wong sing ora nggunakké ’timbangan sing bener’. (PT. 25:15) Dadi menurut Yéhuwah, wong sing bener kuwi kudu jujur wektu urusan bisnis. Terus, wong sing bener kuwi ya ora seneng ndelok wong liya dijahati. Sakliyané kuwi, merga péngin ”bener-bener nyenengké” Yéhuwah, wong sing bener bakal mikirké pandhangané Yéhuwah sakdurungé nggawé keputusan.​—Kol. 1:10.

6. Kenapa mung Yéhuwah sing isa nggawé pathokan soal endi sing bener lan sing salah? (Yésaya 55:8, 9)

6 Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi ”sumberé apa sing bener”. (Yér. 50:7) Yéhuwah kuwi ya sing nyiptakké sak kabèhé. Dadi, Dhèwèké ngerti endi sing paling apik kanggo kabèh ciptaané, termasuk awaké dhéwé. Ora kaya awaké dhéwé, Yéhuwah kuwi sampurna. Mula, mung Yéhuwah sing isa nggawé pathokan soal endi sing bener lan sing salah. (WB. 14:12; wacanen Yésaya 55:8, 9.) Nah, awaké dhéwé kan digawé mirip karo Gusti Allah. (PD. 1:27) Dadi, awaké dhéwé mesthiné isa manut karo pathokané Yéhuwah. Terus merga sayang, awaké dhéwé ya péngin niru Yéhuwah.—Éf. 5:1.

7. Kenapa awaké dhéwé kudu manut pathokané Yéhuwah? Wènèhana perumpamaan.

7 Manut pathokané Yéhuwah kuwi mesthi ana manfaaté. Kok isa? Gatèkna loro perumpamaan iki. Ing proyèk pembangunan, mesthi wis ana aturan sing pasti bèn bangunané isa apik. Misalé soal pondhasiné, rangka bangunané, utawa atapé. Terus, para dokter ya ora éntuk sak gelemé dhéwé wektu ngobati pasièné. Kabèh dokter kudu manut karo aturan sing wis ditentokké. Misalé, soal dosis obat sing kudu diombé, ngombéné ping pira, lan liya-liyané. Saka loro perumpamaan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk manut karo aturan sing wis ditentokké kuwi hasilé mesthi apik. Padha kaya ngono, nèk manut pathokané Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi bahagia.

8. Apa berkahé nèk terus manut pathokané Yéhuwah?

8 Yéhuwah bakal mberkahi wong sing manut karo pathokané. Ing Mazmur 37:29 ditulis nèk ”wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé”. Bayangna sukmbèn pas kabèh wong isa rukun, bersatu, lan bahagia merga manut pathokané Yéhuwah. Yéhuwah péngin njenengan ngrasakké kuwi. Mula, awaké dhéwé mesthi péngin terus ngupaya manut karo pathokané Yéhuwah. Tapi piyé carané? Saiki ayo ngrembug soal kuwi.

BÈN ISA TERUS MANUT PATHOKANÉ YÉHUWAH

9. Bèn isa terus manut pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

9 1. Kudu sayang karo Yéhuwah. Bèn isa terus manut karo pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu sayang karo Yéhuwah. Nèk semakin sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal luwih gampang manut karo pathokané Yéhuwah. Awaké dhéwé isa sinau saka contoné Adam lan Hawa. Mbiyèn, nèk Adam lan Hawa sayang karo Yéhuwah, wong loro kuwi mesthi ora bakal nglanggar préntahé Yéhuwah.​—PD. 3:1-6, 16-19.

10. Bèn isa ngerti pandhangané Yéhuwah, Abraham piyé?

10 Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya Adam lan Hawa. Bèn aja nganti kaya ngono, awaké dhéwé kudu sinau soal Yéhuwah, niru sipaté, lan ngerti piyé pandhangané Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé isa tambah sayang karo Yéhuwah. Misalé gatèkna contoné Abraham. Dhèwèké sayang banget karo Yéhuwah. Tapi kadhang, Abraham ora paham karo keputusané Yéhuwah. Meskipun ngono, dhèwèké ora protès. Abraham ngupaya bèn ngerti pandhangané Yéhuwah. Misalé pas Abraham ngerti nèk Yéhuwah arep ngancurké kutha Sodom lan Gomora, Abraham wedi nèk Yéhuwah, ”Hakimé bumi”, bakal matèni wong sing jahat bareng karo wong sing bener. Merga péngin ngerti soal kuwi, Abraham takon karo Yéhuwah. Yéhuwah ya gelem njawab pertanyaané Abraham. Akhiré, Abraham yakin nèk Yéhuwah bener-bener ngerti isi atiné manungsa lan ora bakal ngukum wong sing bener bareng karo wong sing jahat.​—PD. 18:20-32.

11. Apa buktiné nèk Abraham sayang lan percaya tenan karo Yéhuwah?

11 Bar omong-omongan karo Yéhuwah, Abraham mesthi tambah sayang lan ngajèni Yéhuwah. Tapi bertahun-tahun bar kuwi, Yéhuwah mènèhi Abraham préntah sing angèl. Yéhuwah ngongkon Abraham ngorbanké Ishak anaké. Merga wis kenal tenan karo Yéhuwah, Abraham langsung manut. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah mesthi berbuat sing bener. Bayangna apa sing mungkin dipikirké Abraham wektu kuwi. Yéhuwah wis janji nèk Ishak bakal nduwé keturunan sing akèh, padahal wektu kuwi Ishak durung nduwé anak. Ing Ibrani 11:17-19, Rasul Paulus kandha nèk Abraham yakin nèk Yéhuwah isa nguripké Ishak manèh. Abraham bener-bener sayang lan percaya karo Yéhuwah. Dadi meskipun abot, dhèwèké gelem manut préntahé Yéhuwah.​—PD. 22:1-12.

12. Piyé carané niru Abraham? (Mazmur 73:28)

12 Piyé carané niru Abraham? Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn luwih kenal karo Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé bakal tambah akrab lan tambah sayang karo Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 73:28.) Terus, awaké dhéwé ya luwih paham endi sing bener lan sing salah. (Ibr. 5:14) Dadi, nèk diojok-ojoki berbuat sing salah, awaké dhéwé mesthi ora bakal gelem, merga kuwi isa nggawé Yéhuwah sedhih. Saiki, ayo ngrembug apa manèh sing isa diupayakké bèn awaké dhéwé isa terus manut pathokané Yéhuwah.

13. Piyé bèn awaké dhéwé ora nyerah nindakké apa sing bener? (Wulang Bebasan 15:9)

13 2. Aja nyerah nindakké sing bener. Nindakké sing bener mesthi butuh upaya. Nèk kuwi terus diupayakké, mesthi ana hasilé. Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah ”sayang karo wong sing ngupaya nindakké sing bener”. (Wacanen Wulang Bebasan 15:9.) Kabèh préntahé Yéhuwah kuwi sakjané ora abot. Dadi, awaké dhéwé mesthi isa manut. (Mzm. 103:14) Nèk péngin éntuk tugas-tugas tambahan utawa péngin nglayani Yéhuwah luwih akèh, awaké dhéwé mesthi bakal ngupaya tenanan bèn kuwi isa kelakon. Upayané awaké dhéwé nindakké sing bener kuduné ya kaya ngono. Yéhuwah mesthi bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa terus manut pathokané.​—Mzm. 84:5, 7.

14. ”Tutup dhadha yaiku tumindak sing bener” kuwi nggambarké apa, lan kenapa awaké dhéwé kudu nganggo tutup dhadha kuwi?

14 Terus, nindakké apa sing bener kuwi sakjané dudu beban. (1 Yoh. 5:3) Kuwi malah isa nglindhungi awaké dhéwé. Ing Éfésus 6:14-18, Rasul Paulus nyebutké soal perlengkapan perang saka Gusti Allah. Salah siji perlengkapané kuwi ”tutup dhadha yaiku tumindak sing bener”. Kuwi nggambarké pathokané Yéhuwah. Tutup dhadha kuwi isa nglindhungi jantungé prajurit. Pathokané Yéhuwah ya kaya ngono. Nèk manut pathokané Yéhuwah, kuwi isa nglindhungi awaké dhéwé. Kuwi sebabé, awaké dhéwé kudu nganggo kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah, termasuk tutup dhadha yaiku tumindak sing bener.​—WB. 4:23.

15. Piyé carané awaké dhéwé isa terus nganggo tutup dhadha kuwi?

15 Piyé carané awaké dhéwé isa terus nganggo tutup dhadha kuwi? Awaké dhéwé kudu terus manut karo pathokané Yéhuwah. Misalé pas kudu milih buku, film, utawa musik, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa iki sesuai karo pathokané Yéhuwah? Utawa apa isiné malah sing disengiti Yéhuwah?’ (Flp. 4:8) Nèk pilihané awaké dhéwé sesuai karo pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal kena pengaruh sing èlèk.

Sedulur wédok mlaku ing pinggir pantai.

Awaké dhéwé isa terus nindakké apa sing bener ”kaya ombaké laut sing ora tau mandheg” (Deloken paragraf 16-17)

16-17. Nurut Yésaya 48:18, apa awaké dhéwé isa terus manut karo pathokané Yéhuwah? Jelasna.

16 Awaké dhéwé mungkin kuwatir apa bakal isa terus manut pathokané Yéhuwah. Ing Yésaya 48:18, Yéhuwah kandha nèk awaké dhéwé isa terus nindakké apa sing bener, ”kaya ombaké laut sing ora tau mandheg”. (Wacanen.) Bayangna njenengan ngadeg ing pinggir pantai. Njenengan ndelok ombaké laut sing ana terus. Pas ndelok kuwi, apa njenengan bakal mikir nèk sukmbèn ombak laut kuwi bakal mandheg? Njenengan ora mungkin mikir ngono, ta? Ombak kuwi bakal terus ana.

17 Kaya ombaké laut sing ora tau mandheg, awaké dhéwé mesthi isa terus manut karo pathokané Yéhuwah. Tapi piyé carané? Pas arep nggawé keputusan, awaké dhéwé isa mikir, ’Yéhuwah pénginé aku piyé, ya?’. Terus, manuta karo Yéhuwah. Mémang, kadhang manut karo Yéhuwah kuwi ora gampang. Tapi, Yéhuwah mesthi bakal terus mbantu awaké dhéwé bèn isa terus nindakké apa sing bener.​—Yés. 40:29-31.

18. Kenapa awaké dhéwé ora éntuk ngecap wong liya?

18 3. Aja seneng ngecap wong liya. Kabèh umaté Yéhuwah lagi ngupaya bèn isa manut pathokané Yéhuwah. Dadi, aja mbandhing-mbandhingké awaké dhéwé karo sedulur liya lan ngrasa nèk luwih apik timbang dhèwèké. Yéhuwah kuwi ”Hakimé bumi”. (PD. 18:25) Dadi, mung Yéhuwah sing nduwé hak ngadili wong. Terus, Yésus ya tau ngandhani murid-muridé, ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.”​—Mat. 7:1.b

19. Apa buktiné nèk Yusuf kuwi ora ngecap wong liya?

19 Gatèkna manèh pengalamané Yusuf. Dhèwèké ora mikir sing èlèk soal wong-wong sing njahati dhèwèké. Kakang-kakangé Yusuf tau mèh matèni dhèwèké, ngedol dhèwèké dadi budhak, lan kandha karo bapaké nèk dhèwèké wis mati. Bertahun-tahun bar kuwi, Yusuf ketemu manèh karo kakang-kakangé. Tapi, Yusuf ora péngin balas dendam utawa nganggep nèk kakang-kakangé kuwi wong sing jahat. Mémang, kakang-kakangé Yusuf menyesal karo perbuatané. Tapi, wong-wong kuwi wedi nèk Yusuf bakal balas dendam. Mula Yusuf kandha, ”Aja wedi. Aku dudu Gusti Allah sing isa ngadili kowé.” (PD. 37:18-20, 27, 28, 31-35; 50:15-21) Yusuf rendah hati lan kandha nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak ngadili kakang-kakangé.

20-21. Piyé bèn awaké dhéwé ora ngrasa luwih apik timbang wong liya?

20 Kaya Yusuf, awaké dhéwé aja seneng ngecap wong liya. Misalé, aja cepet-cepet nggawé kesimpulan soal sedulur-sedulur merga awaké dhéwé ora ngerti isi atiné. Mung Yéhuwah sing ”isa ngerti niaté”. (WB. 16:2) Yéhuwah sayang karo kabèh umaté. Dhèwèké péngin awaké dhéwé ’mbukak ati sak amba-ambané’. (2 Kor. 6:13) Dadi, kuduné awaké dhéwé sayang karo kabèh sedulur seiman, ora malah ngecap sedulur-sedulur kuwi.

21 Awaké dhéwé ya aja ngecap wong-wong sing dudu umaté Yéhuwah. (1 Tim. 2:3, 4) Misalé, nèk ana anggota keluarga sing ora seneng karo awaké dhéwé, aja nganti awaké dhéwé mikir, ’Dhèwèké ora mungkin dadi Seksi Yéhuwah.’ Nèk mikir kaya ngono, kuwi berarti awaké dhéwé ngrasa luwih apik timbang dhèwèké. Yéhuwah isih mènèhi kesempatan kanggo ”kabèh wong” bèn mertobat. (Kis. 17:30) Kanggoné Yéhuwah, wong sing bener kuwi ora ngrasa luwih apik timbang wong liya.

22. Kenapa awaké dhéwé péngin terus nindakké apa sing bener?

22 Apa manfaaté nèk terus manut pathokané Yéhuwah? Awaké dhéwé isa bahagia lan dadi conto sing apik kanggo sedulur liyané. Mula, ayo terus nindakké sing bener nurut pandhangané Yéhuwah. Yéhuwah nggatèkké upayané awaké dhéwé lan seneng nèk awaké dhéwé terus ngupaya dadi wong sing bener. Meskipun wong-wong ing donya iki tambah jahat, tapi awaké dhéwé isa dikuwatké merga éling nèk ”Yéhuwah sayang karo wong sing bener”.​—Mzm. 146:8.

APA JAWABANÉ?

  • Wong sing bener kuwi kaya apa?

  • Apa manfaaté nèk manut pathokané Yéhuwah?

  • Piyé carané bèn isa terus manut pathokané Yéhuwah?

LAGU 139 Bayangna Donya Anyar

a Jaman saiki akèh wong ora seneng berbuat sing bener. Tapi umaté Yéhuwah ora kaya ngono. Njenengan mesthi péngin berbuat sing bener merga sayang karo Yéhuwah. Yéhuwah kuwi sayang karo wong sing bener. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Wong sing bener kuwi kaya apa? Apa manfaaté nèk manut karo pathokané Yéhuwah? Piyé carané bèn awaké dhéwé terus manut pathokané Yéhuwah?

b Nèk ana sedulur sing nggawé dosa gedhé, para pinituwa kudu mutuské apa sedulur kuwi kudu ditokké saka jemaat apa ora. Terus nèk ana sing arep balik ing jemaat, para pinituwa ya kudu mutuské apa dhèwèké wis tenanan mertobat apa durung. (1 Kor. 5:11; 6:5; Yak. 5:14, 15) Mémang, para pinituwa ora ngerti isi atiné wong liya. Para pinituwa ya ngerti nèk tugasé kuwi ngadili kanggo Yéhuwah. (Bandhingna karo 2 Babad 19:6.) Mula, para pinituwa bakal mikirké tenanan lan nggawé keputusan sing sesuai karo pathokané Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim