ARTIKEL PELAJARAN 50
”Kowé Bakal Bareng karo Aku ing Firdaus”
”Percayaa karo omonganku dina iki, kowé bakal bareng karo aku ing Firdaus.”—LUK. 23:43.
LAGU 145 Janjiné Allah soal Firdaus
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Pas dipaku ing cagak, Yésus ngomong apa karo penjahat sing ana ing sebelahé? (Lukas 23:39-43)
PAS Yésus dipaku ing cagak, ing sebelah kiwa lan tengené Yésus ana penjahat loro sing ya dihukum mati. (Luk. 23:32, 33) Wong loro kuwi mesthi dudu muridé Yésus soalé padha ngécé Yésus. (Mat. 27:44; Mrk. 15:32) Tapi salah siji penjahat kuwi ora ngécé Yésus manèh lan malah ngomong, ”Yésus, wektu kowé wis dadi raja, tulung aja lali karo aku.” Yésus njawab, ”Percayaa karo omonganku dina iki, kowé bakal bareng karo aku ing Firdaus.” (Wacanen Lukas 23:39-43.) Penjahat kuwi mungkin durung tau krungu pas Yésus nginjil tekan kutha-kutha liyané lan martakké soal ”Kerajaan swarga”. (Mat. 4:17) Yésus ya ora ngomong nèk penjahat kuwi bakal mlebu ing Kerajaan swarga. Dadi jelas nèk Yésus nyebutké soal firdaus sing bakal ana ing bumi. Apa buktiné nèk penjahat mau ya mikir kaya ngono?
Pas Yésus ngomongké soal Firdaus, penjahat kuwi mesthiné ngerti apa? (Deloken paragraf 2-3)
2. Apa buktiné nèk penjahat sing ngomong karo Yésus mau wong Yahudi?
2 Penjahat sing ngomong karo Yésus kuwi kétoké wong Yahudi, soalé dhèwèké ngomong karo penjahat sijiné, ”Apa kowé ora wedi blas karo Gusti Allah?” (Luk. 23:40) Wong Yahudi Gusti Allahé mung siji. Tapi, wong-wong saka bangsa liya allahé ana akèh. (Pa. 20:2, 3; 1 Kor. 8:5, 6) Nèk misalé penjahat mau dudu wong Yahudi, mesthiné dhèwèké bakal ngomong, ”Apa kowé ora wedi blas karo allah-allahé awaké dhéwé?” Sakliyané kuwi, Yésus ya ”diutus marang wong Israèl sing kaya domba sing kesasar”, dudu marang wong-wong saka bangsa liya. (Mat. 15:24) Terus, wong Israèl ya ngerti nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati. Penjahat sing ngomong karo Yésus mau mungkin ya ngerti soal kuwi. Terus, mungkin dhèwèké mikir nèk Gusti Allah bakal nguripké Yésus kanggo mréntah ing Kerajaan swarga. Wong lanang kuwi mesthiné berharap bakal diuripké manèh karo Gusti Allah.
3. Pas Yésus nyebutké soal Firdaus, penjahat mau mesthiné ngerti apa? Jelasna. (Purwaning Dumadi 2:15)
3 Merga penjahat mau wong Yahudi, dhèwèké mesthi ya ngerti nèk Gusti Allah nyiptakké Adam karo Hawa, terus Adam karo Hawa manggon ing Firdaus. Dadi, pas Yésus nyebutké soal Firdaus, penjahat kuwi mesthiné ngerti nèk sing dimaksud Yésus kuwi taman sing indah sing ana ing bumi.—Wacanen Purwaning Dumadi 2:15.
4. Bar maca kata-katané Yésus karo penjahat mau, awaké dhéwé mungkin dadi mikir apa?
4 Bar maca kata-katané Yésus karo penjahat mau, awaké dhéwé mungkin dadi mikir, ’Kaya apa urip ing Firdaus kuwi?’ Sakjané, awaké dhéwé isa éntuk gambaran soal Firdaus nèk nggatèkké keterangan ing Alkitab soal pamréntahané Raja Salomo. Yésus kuwi wong sing luwih penting timbang Salomo. (Mat. 12:42) Dadi, Yésus karo sing mréntah bareng dhèwèké mesthi isa nggawé keadaan bumi iki dadi luwih apik manèh. Terus, ”domba-domba liyané” mesthi ya péngin ngerti piyé carané bèn isa urip ing Firdaus.—Yoh. 10:16.
KAYA APA URIP ING FIRDAUS KUWI?
5. Nèk mbayangké urip ing Firdaus, biasané njenengan bakal mbayangké apa?
5 Nèk mbayangké urip ing Firdaus, awaké dhéwé biasané bakal mbayangké ana taman sing indah, kaya taman Èden. (PD. 2:7-9) Kaya sing disebutké ing buku Mikha, awaké dhéwé mungkin mbayangké nèk bakal ”lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé”. (Mi. 4:3, 4) Terus, awaké dhéwé bakal nduwé akèh panganan. (Mzm. 72:16; Yés. 65:21, 22) Rasané mesthi seneng banget isa menikmati taman sing indah, panganan sing akèh, lan udara sing resik. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngumpul karo kanca lan keluarga, termasuk sing diuripké manèh. Kuwi kabèh bakal bener-bener kelakon ing bumi. Tapi, ing Firdaus ya bakal ana akèh gawéan sing nyenengké.
Awaké dhéwé bakal mulang wong-wong sing diuripké manèh (Deloken paragraf 6)
6. Awaké dhéwé bakal ngapa waé sukmbèn ing Firdaus? (Deloken gambar kanggo paragraf 6.)
6 Yéhuwah péngin awaké dhéwé seneng wektu nyambut gawé. (Pkh. 2:24) Pas Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, awaké dhéwé mesthi bakal sibuk banget. Wong-wong sing slamet ngliwati sengsara gedhé lan sing diuripké manèh mesthi butuh pakaian, panganan, lan omah. Awaké dhéwé mesthi seneng isa nyedhiakké kebutuhané wong-wong kuwi. Terus kaya Adam karo Hawa mbiyèn, awaké dhéwé kudu nggarap lan ngurus bumi iki bèn dadi Firdaus. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu mulang wong-wong sing diuripké manèh sing durung kenal karo Yéhuwah. Wong-wong sing wis mati sakdurungé Yésus urip ing bumi ya kudu diwulang soal Yéhuwah.
7. Sukmbèn ing Firdaus uripé awaké dhéwé bakal piyé, lan kenapa awaké dhéwé isa yakin kuwi bakal kelakon?
7 Sukmbèn ing Firdaus, uripé awaké dhéwé bakal ayem lan makmur. Terus, keadaané ya ora kacau kaya saiki. Awaké dhéwé isa yakin kuwi bakal kelakon merga Yéhuwah wis mènèhi gambaran kaya apa urip ing Firdaus sukmbèn. Awaké dhéwé isa éntuk gambaran nèk nggatèkké keterangan ing Alkitab soal pamréntahané Salomo. Mémangé, pamréntahané Salomo kuwi kaya apa? Ayo ngrembug soal kuwi.
GAMBARAN SOAL FIRDAUS PAS PAMRÉNTAHANÉ SALOMO
8. Apa buktiné nèk Mazmur 37:10, 11, lan 29 wis kelakon mbiyèn? (Deloken ”Pitakonané Sing Maca” ing majalah iki.)
8 Daud dituntun Yéhuwah bèn nulis soal piyé keadaané nèk bangsa Israèl nduwé raja sing apik lan setya karo Yéhuwah. Kuwi ditulis ing Mazmur 37:10, 11, lan 29. (Wacanen.) Biasané, awaké dhéwé macakké Mazmur 37:11 pas nyritakké soal donya anyar. Ya mémang kuwi bener. Pas nyampèkké Ceramah ing Gunung, Yésus dhéwé ya nyuplik kata-kata ing ayat kuwi. (Mat. 5:5) Dadi, ayat kuwi mémang bakal kelakon sukmbèn. Ning kata-katané Daud mau, ing Mazmur 37:10 lan 11, sakjané wis kelakon pas pamréntahané Raja Salomo. Wektu kuwi, wong Israèl manggon ing ”tanah sing akèh susu lan maduné”. Terus, wong-wong kuwi uripé ayem lan makmur. Yéhuwah ngomong, ”Nèk kowé urip manut peraturan-peraturan-Ku, . . . Aku bakal nggawé negaramu tentrem, lan kowé bakal turu tanpa ana sing nggawé kowé wedi.” (Km. 20:24; 26:3, 6) Omongané Yéhuwah kuwi kelakon pas pamréntahané Raja Salomo. (1 Bb. 22:9; 29:26-28) Terus, wong-wong sing jahat ya ”ora ana manèh”. (Mzm. 37:10) Dadi, kata-kata ing Mazmur 37:10, 11, lan 29 wis kelakon pas jamané Raja Salomo lan bakal kelakon ing masa depan.
9. Ratu saka Syéba ngomong apa soal pamréntahané Raja Salomo?
9 Ratu saka Syéba krungu soal keadaané wong Israèl sing ayem lan makmur pas dipréntah Raja Salomo. Mula, dhèwèké lunga saka panggonan sing adoh ing Yérusalèm kanggo mbuktèkké apa kuwi mémang bener. (1 Raj. 10:1) Terus, dhèwèké ngomong, ”Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. . . . Rakyatmu, para abdimu, lan sing terus bareng karo njenengan mesthi seneng banget merga isa terus ngrungokké kawicaksananmu.” (1 Raj. 10:6-8) Tapi sakjané keadaané wong Israèl kuwi mung gambaran soal Firdaus. Sukmbèn pas Yésus wis dadi raja ing Firdaus, keadaané mesthi luwih apik manèh.
10. Kok isa Yésus luwih unggul timbang Salomo?
10 Yésus luwih unggul timbang Salomo. Kok isa? Salomo kuwi ora sampurna. Terus, dhèwèké ya tau nggawé dosa sing gedhé sing akhiré nyebabké rakyaté dadi kena masalah. Tapi, Yésus kuwi sampurna lan ora tau nggawé salah. (Luk. 1:32; Ibr. 4:14, 15) Pas digodha Sétan, Yésus ya isa tetep setya karo Yéhuwah. Yésus wis terbukti ora tau nggawé salah, lan dhèwèké ya ora bakal nggawé rakyaté dadi kena masalah. Yésus kuwi bener-bener raja sing paling apik.
11. Wektu mréntah ing swarga, Yésus dibantu sapa?
11 Ana 144.000 sing bakal mbantu Yésus nyedhiakké kabèh kebutuhané wong-wong sing ana ing Firdaus, nganti tujuané Yéhuwah kanggo manungsa isa kelakon. (Why. 14:1-3) Sing bakal mréntah ing swarga kuwi mbiyèné ya manungsa. Pas isih urip ing bumi, wong-wong kuwi ya ngadhepi masalah. Dadi mesthiné isa memahami perasaané wong-wong sing ana ing Firdaus. Tapi sakjané wong-wong kuwi tugasé apa pas mréntah bareng Yésus?
SING MRÉNTAH BARENG YÉSUS TUGASÉ APA?
12. Tugasé sing mréntah bareng Yésus kuwi apa?
12 Yésus lan sing mréntah bareng Yésus tugasé luwih gedhé timbang Salomo. Mbiyèn, Salomo kudu ngopèni jutaan wong sing manggon ing sak wilayah. Tapi, Yésus karo 144.000 kudu ngopèni milyaran wong sing manggon ing sak donya. Tugasé sing mréntah bareng Yésus kuwi bener-bener istiméwa.
13. Tugasé 144.000 kuwi mèh padha karo tugasé sapa? Jelasna.
13 Kaya Yésus, 144.000 sing mréntah bareng Yésus ya bakal dadi raja lan imam. (Why. 5:10) Mbiyèn pas Hukum Musa isih ana, para imam kudu mbantu wong Israèl bèn bener-bener manut karo Hukum Musa. Hasilé, wong Israèl isa tetep séhat lan cedhak karo Yéhuwah. Ing Alkitab disebutké nèk Hukum Musa kuwi ”mung bayangan saka berkah sing bakal ana sukmbèn”. (Ibr. 10:1) Mula, sing mréntah bareng Yésus ing swarga tugasé ya mèh padha karo para imam jaman mbiyèn. Dadi kaya wong Israèl mbiyèn, awaké dhéwé ya isa tetep séhat lan cedhak karo Yéhuwah. Mémang, awaké dhéwé durung ngerti piyé carané sing mréntah bareng Yésus kuwi mènèhi arahan kanggo wong-wong sing manggon ing Firdaus. Tapi sing jelas, awaké dhéwé mesthi bakal éntuk arahan-arahan sing dibutuhké.—Why. 21:3, 4.
”DOMBA-DOMBA LIYANÉ” KUDU PIYÉ BÈN ISA URIP ING FIRDAUS?
14. Apa kelompok cilik karo ”domba-domba liyané” kuwi loro kelompok sing terpisah? Jelasna.
14 Yésus nyebut wong-wong sing bakal munggah swarga kuwi ”kelompok cilik”. (Luk. 12:32) Terus ana kelompok liyané, yaiku ”domba-domba liyané”. Kelompok cilik karo domba-domba liyané kuwi bakal dadi sak kelompok. (Yoh. 10:16) Jaman saiki, loro kelompok kuwi wis kerja sama. Terus, pas bumi dadi Firdaus, loro kelompok kuwi ya bakal tetep kerja sama. Mémang, ”kelompok cilik” bakal munggah swarga lan ”domba-domba liyané” bakal urip ing bumi saklawasé. Nah, domba-domba liyané kudu piyé bèn isa urip ing Firdaus?
Merga sukmbèn bakal mulang wong-wong sing diuripké manèh, saiki awaké dhéwé kudu semangat nginjil lan mulang wong liya (Deloken paragraf 15)b
15. (a) Piyé carané ”domba-domba liyané” ndhukung sedulur-seduluré Yésus? (b) Piyé carané niru sedulur sing ana ing gambar kanggo paragraf 15?
15 Penjahat sing ana sebelahé Yésus mau mesthi bersyukur banget isa nduwé harapan urip saklawasé. Tapi, dhèwèké ora isa mbuktèkké nèk bersyukur. Ora kaya penjahat kuwi, ”domba-domba liyané” saiki nduwé kesempatan kanggo mbuktèkké nèk bersyukur lan sayang karo Yésus. Misalé, awaké dhéwé isa ndhukung wong-wong sing dipilih munggah swarga. Yésus nganggep wong-wong sing ndhukung sedulur-seduluré kuwi pantes urip ing Firdaus. (Mat. 25:31-40) Tapi, piyé carané domba-domba liyané ndhukung sedulur-seduluré Yésus? Wong-wong kuwi kudu semangat nginjil lan mulang wong liya. (Mat. 28:18-20) Awaké dhéwé saiki nduwé buku sing apik banget, yaiku Bahagia Saklawasé. Nèk saiki durung ana sing sinau Alkitab karo njenengan, njenengan kudu ngupaya sak isa-isané ngejak wong liya sinau Alkitab nganggo buku kuwi.
16. Piyé carané mbuktèkké nèk awaké dhéwé pantes urip ing Firdaus?
16 Saka saiki, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk pantes urip ing Firdaus. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu jujur lan nduwé kebiasaan sing apik. Terus, awaké dhéwé kudu setya karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur. Nèk wis nikah, ya kudu setya karo bojoné. Saiki awaké dhéwé ya kudu terus manut karo pathokané Yéhuwah. Dadi sukmbèn isa luwih gampang nèk kudu terus manut karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu ngupaya nduwé sipat-sipat lan ketrampilan liyané. Njenengan isa maca artikel liyané ing majalah iki sing judhulé ”Apa Njenengan Siap ’Éntuk Warisan Bumi’?”
17. Nèk tau nggawé dosa sing gedhé, ngapa kok awaké dhéwé aja terus-terusan ngrasa bersalah?
17 Tapi, piyé nèk awaké dhéwé tau nggawé dosa sing gedhé lan isih terus ngrasa bersalah? Mémang, Yéhuwah wis nyedhiakké tebusan kanggo dosané awaké dhéwé. Tapi, awaké dhéwé mesthi ora bakal ”sengaja nindakké dosa”. (Ibr. 10:26-31) Dadi, meskipun ora perlu terus-terusan ngrasa bersalah, awaké dhéwé kudu tenanan mertobat lan njaluk bantuané para pinituwa. Nèk wis ngono, Yéhuwah mesthi ngapura. (Yés. 55:7; Kis. 3:19) Mbiyèn Yésus tau ngomong, ”Aku teka ora kanggo ngundang wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.” (Mat. 9:13) Dadi merga ana tebusan, dosané awaké dhéwé isa diapura.
NJENENGAN ISA URIP SAKLAWASÉ
18. Sukmbèn ing Firdaus, njenengan péngin takon apa karo penjahat sing ing sebelahé Yésus?
18 Sukmbèn ing Firdaus, njenengan bakal ketemu karo penjahat sing ana ing sebelahé Yésus mau. Njenengan karo dhèwèké mesthi bersyukur banget merga Yésus wis masrahké nyawané dadi tebusan. Njenengan mesthi péngin ngerti apa waé sing kelakon pas Yésus dipaku ing cagak, terus piyé rasané pas Yésus ngomong nèk penjahat kuwi bakal urip ing Firdaus. Penjahat kuwi isa waé ya bakal takon karo njenengan piyé rasané nglayani Yéhuwah pas dina-dina terakhir. Terus, njenengan karo dhèwèké mesthi ya bakal ngobrol-ngobrol soal Alkitab. Kuwi mesthi nyenengké banget.—Éf. 4:22-24.
Sedulur lanang sing ajar ketrampilan anyar ing Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus (Deloken paragraf 19)
19. Kaya apa urip ing Firdaus sukmbèn? (Deloken gambar halaman 1.)
19 Urip ing Firdaus kuwi mesthi nyenengké banget. Awaké dhéwé isa ketemu karo akèh wong sing diuripké manèh lan nduwé akèh gawéan sing nyenengké. Tapi sing paling penting, awaké dhéwé isa sinau luwih akèh soal Yéhuwah lan ciptaané. Dadi, awaké dhéwé bakal tambah sayang karo Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi ya bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus merga wis mènèhi harapan urip saklawasé.
LAGU 22 Ndang Mréntah Kerajaané
a Apa njenengan kerep mbayangké kaya apa urip ing Firdaus kuwi? Nèk mbayangké kaya ngono, awaké dhéwé dadi luwih semangat ngandhani wong liya soal donya anyar. Terus bar ngrembug artikel iki, awaké dhéwé mesthi ya dadi tambah percaya karo janjiné Yésus soal firdaus.
b GAMBAR: Sedulur lanang iki sukmbèn péngin mulang wong-wong sing diuripké manèh. Mula saiki dhèwèké semangat ngandhani wong liya soal Yéhuwah.