PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp23 No. 1 hlm. 8-9
  • 2 | ’Ayat-Ayat Kuwi Mènèhi Penghiburan’

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2 | ’Ayat-Ayat Kuwi Mènèhi Penghiburan’
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Maksudé Ayat Kuwi
  • Piyé Ngetrapkéné?
  • 3 | Contoné Wong-Wong sing Kisahé Ditulis ing Alkitab
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2023
wp23 No. 1 hlm. 8-9

2 | ’Ayat-Ayat Kuwi Mènèhi Penghiburan’

ING ALKITAB DISEBUTKÉ: ”Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn ditulis kanggo mulang awaké dhéwé. Awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat kuwi mbantu awaké dhéwé bèn sabar lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan.”​—ROMA 15:4.

Maksudé Ayat Kuwi

Ing Alkitab ana ayat-ayat sing nèk direnungké isa marahi semangat lan dadi ora mikir sing èlèk manèh. Terus ya ana harapan nèk sedhéla manèh ora bakal ana trauma, rasa sedhih, kecéwa, lan lara ati.

Piyé Ngetrapkéné?

Kabèh wong kadhang mesthi ngrasa sedhih. Tapi wong sing déprèsi utawa nduwé gangguan kecemasan kuwi ngrasa sedhihé terus-terusan. Apa manfaaté Alkitab kanggo wong-wong kuwi?

  • Ana akèh ayat apik ing Alkitab. Nèk kuwi terus dipikirké, awaké dhéwé dadi ora bakal terus mikirké sing èlèk. (Filipi 4:8) Pikiran lan perasaané awaké dhéwé ya isa dadi tenang lan ayem. Hasilé, émosiné awaké dhéwé isa terkontrol.​—Mazmur 94:18, 19.

  • Nèk ngrenungké ayat-ayat ing Alkitab, awaké dhéwé ora bakal mikir nèk awaké dhéwé ora berharga.​—Lukas 12:6, 7.

  • Akèh ayat sing marakké yakin nèk awaké dhéwé ora dhèwèkan lan nèk Gusti Allah bener-bener memahami perasaané awaké dhéwé.​—Mazmur 34:18; 1 Yohanes 3:19, 20.

  • Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah janji kabèh kenangan buruk bakal dihapus. (Yésaya 65:17; Wahyu 21:4) Nèk lagi berjuang ngadhepi pikiran lan perasaan kuwatir, susah, utawa wedi, janji kuwi isa nguwatké awaké dhéwé bèn ora nyerah.

Manfaaté Alkitab kanggo Jessica

Sing Tak Rasakké Merga Déprèsi

”Pas umur 25, aku strès banget. Dokter ngomong nèk aku déprèsi berat. Aku ngrasa kesiksa banget merga kèlingan kenangan-kenangan sing buruk. Dokter ngandhani nèk sing marakké aku déprèsi kuwi merga aku terus-terusan mikir èlèk. Penyebabé kuwi merga kenangan-kenangan buruk mau. Aku ngombé obat lan konsultasi karo dokter bèn ngerti carané ngatasi pikiran-pikiran sing èlèk kuwi.”

Manfaaté Alkitab kanggo Aku

”Pas déprèsiku lagi parah-parahé, aku ngalami serangan panik, gangguan kecemasan, lan ora isa turu. Pas bengi kerep banget aku kepikiran karo hal-hal sing ngganggu pikiranku lan kuwi ora isa tak kontrol. Ing Mazmur 94:19 disebutké nèk Gusti Allah isa nggawé tenang pas awaké dhéwé ngrasa kuwatir banget. Dadi ing cedhak kasur, aku ndèlèhké Alkitab lan buku cathetan sing isiné ayat-ayat sing nguwatké. Pas ora isa turu, aku bakal maca ayat-ayat kuwi bèn pikiranku tenang.

”Mbiyèn, aku mikir nèk aku ora berharga, ora berguna, lan ora pantes disayangi. Tapi ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah kuwi apikan, perduli, gampang mesakké, lan sayang karo saben umaté. Merga mikirké kuwi, aku dadi ora mikir sing èlèk manèh. Suwé-suwé aku isa ngontrol pikiranku, dudu pikiranku sing ngontrol aku. Nèk mulai mikir sing èlèk, aku langsung éling nèk Yéhuwah nganggep aku berharga. Kuwi bener-bener isa marakké aku ora mikir èlèk soal awakku dhéwé.

”Aku ngarep-arep banget sukmbèn ora ana manèh kenangan buruk lan pikiran èlèk. Merga ngerti sukmbèn gangguan méntal ora bakal ana manèh, aku dadi isa kuwat ngadhepi keadaanku saiki. Sukmbèn aku ora déprèsi manèh.”

Keterangan Luwih Akèh:

Wacanen artikel ”Bantuan dari ’Allah Penghibur’”, ing majalah Sedarlah! Juli 2009 ing jw.org/id.

Rungokna rekaman audio buku Mazmur ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim