PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp24 No. 1 hlm. 14-15
  • Njenengan Arep Ngikuti Tuntunané Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Njenengan Arep Ngikuti Tuntunané Sapa?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2024
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Pathokan ing Alkitab Isih Cocog kanggo Jaman Saiki?
    Topik Liyané
  • Yéhuwah Sayang karo Wong sing Bener
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Tuntunan ing Alkitab Isa Dipercaya
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2024
  • Ngajèni Pathokané Yéhuwah bab Moral
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2024
wp24 No. 1 hlm. 14-15

Njenengan Arep Ngikuti Tuntunané Sapa?

Awaké dhéwé isa bahagia apa ora kuwi bergantung karo tuntunané sapa sing diikuti. Mulané Gusti Allah Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut tuntunané.

Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngrasa ayem lan bahagia.

”Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, sing mulang kowé soal apa waé sing ana manfaaté kanggo kowé, sing nuntun kowé bèn kowé ngerti apa sing kudu mbok tindakké. Nèk kowé manut karo préntah-Ku, kowé bakal terus ngrasa ayem, kaya kali sing terus mili, lan kowé bakal terus nindakké apa sing bener, kaya ombaké laut sing ora tau mandheg.”—Yésaya 48:​17, 18.

Gusti Allah sing nyiptakké awaké dhéwé. Dadi, Dhèwèké sing paling ngerti piyé bèn awaké dhéwé bahagia. Dhèwèké péngin awaké dhéwé manut tuntunané kuwi demi manfaaté awaké dhéwé. Nèk manut tuntunané Gusti Allah, awaké dhéwé isa yakin hasilé mesthi apik. Awaké dhéwé ya isa selalu nggawé keputusan sing apik sing marakké ayem lan bahagia.

Yéhuwah ora ngongkon awaké dhéwé melakukan sesuatu sing ngluwihi kesanggupan.

”Préntah sing tak omongké marang kowé dina iki ora angèl dipahami lan ora angèl dilakoni.”—Pangandharing Torèt 30:11.

Mémang nèk manut tuntunané Yéhuwah, kudu ngupaya bèn pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé sesuai karo karepé Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah ngerti kesanggupané awaké dhéwé. Dhèwèké ora njaluk ngluwihi kuwi. Nèk wis kenal Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngerti nèk ”préntah-préntahé kuwi ora abot”.—1 Yohanes 5:3.

Yéhuwah janji bakal mbantu wong-wong sing péngin manut tuntunané.

”Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, bakal nyekel tanganmu tengen lan ngomong karo kowé, ’Aja wedi, Aku bakal nulungi kowé.’”—Yésaya 41:13.

Awaké dhéwé isa manut tuntunané Gusti Allah merga Gusti Allah mesthi mbantu. Dhèwèké mbantuné liwat Alkitab sing isiné omongané. Nèk ngerti isiné, awaké dhéwé bakal dikuwatké lan nduwé harapan.

Jutaan wong sak donya wis ngrasakké dhéwé manfaaté merga manut tuntunan ing Alkitab. Njenengan ya isa ngrasakké kuwi nèk sinau isiné Alkitab. Njenengan isa mempelajari isiné Alkitab nganggo brosur Bahagia Saklawasé sing isa diundhuh gratis ing jw.org/jv. Ing brosur kuwi ana pelajaran sing judhulé:

  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan

  • Janji ing Alkitab

  • Ngapa Kok Percaya Nèk Isiné Alkitab Bener?

Pas mempelajari Alkitab, njenengan bakal ngerti nèk isiné bermanfaat nganti saiki. Kuwi ”isa diendelké nganti saklawasé”. (Mazmur 111:8) Nèk manut tuntunan ing Alkitab, awaké dhéwé bakal bahagia. Tapi Gusti Allah ora meksa. (Pangandharing Torèt 30:​19, 20; Yosua 24:15) Awaké dhéwé sing mutuské.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim