COBANEN IKI
Mikirké Manèh Gagasan Utamané
Bar mempelajari sesuatu, kadhang awaké dhéwé langsung lali. Apa njenengan ya tau kaya ngono? Nah, bèn ora kaya ngono, njenengan isa mikirké manèh gagasan utamané. Piyé carané?
Wektu belajar, kerep-kerepa mandheg sik kanggo mikirké poin pentingé. Wektu nulis surat kanggo para sedulur, Paulus ngomong, ”Iki intiné saka apa sing tak rembug.” (Ibr. 8:1) Tujuané Paulus kuwi bèn para sedulur sing maca suraté isa ngerti penjelasané Paulus, lan ngerti hubungané penjelasan kuwi karo intiné sing dibahas.
Saben rampung belajar, sisihna kira-kira sepuluh menit kanggo mikirké gagasan utama sing wis dipelajari. Nèk ora isa éling karo kabèh gagasan utamané, deloken manèh subjudhulé, utawa wacanen kalimat pertama saben paragraf bèn isa kèlingan. Nèk mempelajari sesuatu sing anyar, coba terangna nganggo kata-katané njenengan dhéwé. Wektu mikirké manèh gagasan utamané, njenengan ora mung bakal kèlingan, tapi ya dadi luwih ngerti carané ngetrapké.